1 Kang iku aku takon: Apa kirané Allah wis nampik umaté? Babar pisan ora! Awit aku dhéwé iya wong Israèl trahé Abraham, saka suku Bényamin.
2 Allah ora nampik umaté kang kapilih wiwit biyèn. Apa kowé padha ora mangerti, apa kang wis kapangandikakaké ing Kitab Suci bab Élia, nalika nggugat Israèl ana ing ngarsané Allah,
3 "Dhuh Pangéran, para nabi Paduka sampun sami dipun pejahi, misbyah-misbyah Paduka sampun dipun brukaken, namung kawula piyambak ingkang taksih gesang, mangka tiyang-tiyang punika sami kepéngin mejahi kawula."
4 Nanging kepriyé pangandikané Allah marang Élia mau? Mangkéné, "Ingsun isih ngèngèhaké wong pitung èwu kagem Ingsun, kang ora tau sujud nyembah marang Baal."
5 Mangkono uga ing wektu saiki, iya ana sisa sapantha kang pamilihé adhedhasar sih-rahmat.
6 Menawa bab iku kelakoné awit saka sih-rahmat, dadiné ora marga saka panggawé manèh, sabab yèn ora mangkono, kang diarani sih-rahmat iku dudu sih-rahmat manèh.
7 Dadiné kepriyé? Israèl ora bisa nggayuh apa kang diupaya, nanging para wong kang pinilih iku kang bisa olèh. Déné liyané, atiné wus padha kawangkotaké,
8 kaya kang katulis, surasané, "Allah ndadosaké wong-wong mau padha kaya turu kepati, maringi mripat kang ora kanggo ndeleng, lan kuping kang ora kanggo ngrungokaké, nganti tumeka ing dina iki uga."
9 Apadéné Daud munjuk, "Méja pakembulanipun dadosa kalajiret lan pasangan, séla sandhungan, punapadéné piwales tumrap tiyang-tiyang punika.
10 Saha mripatipun sami kadamela peteng, satemah sami mboten ningali, sarta gegeripun kadamela wungkuk ing salaminipun."
11 Kang iku aku takon: Apa wong mau anggoné padha kesandhung iku supaya tiba? Babar pisan ora! Nanging awit saka paneraké, karahayon banjur tumiba marang bangsa-bangsa liya, supaya padha mèri.
12 Awit menawa panerak mau ateges kasugihan tumraping jagat, lan kagagalané dadi kasugihané bangsa-bangsa liya, méndahané manèh kasampurnané.
13 Aku pitutur marang kowé, hé para bangsa kang dudu bangsa Yahudi. Iya marga aku iki dadi rasulé para bangsa kang dudu bangsa Yahudi, aku nganggep yèn bab iki dadi kamulyaning anggonku leladi,
14 yaiku mbokmenawa aku bisa nuwuhaké rasa mèri ing sajroning batiné para Sadulurku tunggal bangsa miturut daging, sarta bisa nylametaké marang sawatara wong panunggalané wong-wong iku.
15 Sabab yèn panampiké iku ateges pirukun tumrap ing jagat, panampané wong-wong iku apa nduwèni teges liya kajaba urip saka ing antarané wong mati?
16 Menawa jladrèn kang sapisanan iku suci, dadiné jladrèné kabèh uga suci, lan yèn oyodé suci, pang-pangé uga suci.
17 Mulané, menawa pang-pangé wis ana sawatara kang dikethoki, lan kowé kang dadi thukulan alas wis kacangkokaké minangka gantiné, temahan mèlu olèh bagéan saka oyodé wit zaitun kang kebak tlutuh iku,
18 kowé aja padha gumunggung marang pang-pang iku! Menawa kowé padha gumunggung, padha diéling, yèn dudu kowé kang nyangga oyodé, nanging oyod iku kang nyangga kowé.
19 Bisa uga kowé bakal kandha: Ana pang kang padha dikethoki, iku supaya aku kacangkokaké.
20 Iya bener! Anggoné padha dikethoki iku, awit saka anggoné ora pracaya, lan kowé bisa jejeg iku mung marga pracaya. Kowé aja umuk, nanging malah wedia!
21 Sabab, menawa Allah ora ngéman marang pang-pang kang asli, Panjenengané ora bakal ngéman marang kowé uga.
22 Mulané waspadakna sih-kamirahané Allah, nanging uga pandamelé kang keras, yaiku pandamelé kang keras tumrap wong kang wis padha tiba, nanging kamirahané tumrap kowé, samono iku menawa kowé tetep ana ing kamirahané, menawa ora, kowé iya bakal padha kapagas uga.
23 Nanging pang kang wis padha kapagas mau uga bakal kacangkokaké, menawa ora puguh anggoné ora pracaya, jalaran Allah kagungan pangwasa nyangkokaké iku manèh.
24 Sabab menawa kowé kang dadi pangé wit zaitun alas wis padha kakethok, lan cengkah karo kaananmu iku, kowé wis padha kacangkokaké ing wit zaitun sejati, méndahané manèh pang-pang kang asli, mesthi bakal kacangkokaké ing wit zaitun asliné dhéwé.
25 Para Sadulur, supaya kowé aja padha rumangsa pinter, karepku kowé padha mangertia wewadi iki: Wong Israèl iku sapérangan padha mangkotaké atiné, nganti tekan ganeping cacahé wong-wong saka bangsa-bangsa liyané kang sowan marang Allah.
26 Kanthi patrap kang mangkono, wong Israèl bakal kaslametaké kabèh, kaya kang katulis, surasané, "Saka ing Sion bakal rawuhé Juru-wilujeng, Panjenengané bakal nyingkiraké sakèhing pamblasaré Yakub.
27 Lan iki prasetyaningsun karo wong-wong iku, nalika Ingsun mbirat dosané."
28 Mungguhing Injil, wong-wong iku padha dadi mungsuhé Allah marga kowé, ananging mungguhing pilihan, wong-wong iku padha dadi kekasihé Allah, marga para leluhuré.
29 Sabab Allah ora keduwung tumrap peparing lan timbalané.
30 Sabab iya padha karo kowé ing biyèn, anggonmu padha ora mbangun-turut marang Allah, nanging saiki wus padha nampa sih-kawelasan marga wong-wong iku padha ora mbangun-turut,
31 mangkono uga, wong-wong iku saiki iya padha ora mbangun-turut, supaya marga saka sih-kawelasan kang wis koktampa, wong-wong mau uga bakal nampa sih-kawelasan.
32 Sabab Allah wis ngungkung manungsa kabèh ana ing kaanan ora mbangun-turut, supaya Panjenengané bisa nélakaké sih-kawelasané marang wong-wong kabèh mau.
33 Wah, saiba gunging kasugihan, kawicaksanan sarta kawaskithané Allah! Sanyata putusané ora kena jinajagan, sarta marginé ora kena katlusuran.
34 Sabab, sapa ta kang nyumurupi marang panggalihané Pangéran? Utawa, sapa ta kang bisa dadi paramparané?
35 Utawa, sapa ta kang wus tau nyaosaké samubarang marang Panjenengané, satemah Panjenengané kudu paring leliru?
36 Awitdéné samubarang kabèh iku saka Panjenengané, krana Panjenengané sarta kagem Panjenengané; kamulyan kagema Panjenengané salawas-lawasé! Amin.