1 Let sawatara dina, sawisé Panjenengané rawuh manèh ing Kapèrnaum, wong-wong wus padha krungu wartané yèn Panjenengané ana ing dalem.
2 Banjur akèh wong kang padha teka nglumpuk nganti ora ana enggon manèh, dalah ing ngarep lawang baé iya ora ana; lan Panjenengané banjur medhar pangandika marang kang padha nglumpuk iku.
3 Ana wong-wong teka karo nggawa wong lumpuh, digotong wong papat, disowanaké marang Panjenengané.
4 Sarèhné padha ora bisa nggawa marang ngarsané Panjenengané marga anané wong golongan, wong-wong iku padha mbukak payon ing sandhuwuré Panjenengané; lan sawusé mbukak payon, wong-wong iku banjur ngudhunaké paturon panggonané kang lumpuh iku nggléthak.
5 Bareng Yésus nguningani pangandelé wong-wong mau, banjur ngandika marang kang lumpuh, "Nggèr, dosa-dosamu wus kaapura!"
6 Nanging ana ahli Torèt sawatara kang padha lungguh ana ing kono, lan iku padha mikir,
7 "Yagéné wong iku kok kandha mangkono? Wong iku nyenyamah marang Allah. Sapa kang kwasa ngapura dosa kajaba mung Allah piyambak?"
8 Sarèhné panggalihé Yésus pirsa yèn kaya mangkono iku anggoné padha mikir, Panjenengané banjur ngandika marang para ahli Torèt iku, "Yagéné kowé padha duwé pikiran kang kaya mangkono ing sajroning atimu?
9 Endi kang luwih gampang, kandha marang kang lumpuh iku: Dosamu wus kaapura, apa kandha: Tangia, paturonmu angkaten lan lumakua?
10 Nanging supaya kowé padha ngerti, yèn Putrané Manungsa iku duwé pangwasa kanggo ngapura dosa ing bumi," Panjenengané banjur ngandika marang kang lumpuh,
11 "Aku kandha marang kowé, ngadega, paturonmu angkaten lan muliha menyang omahmu!"
12 Kang lumpuh iku banjur ngadeg, tumuli ngangkat paturoné sarta sumingkir liwat ing sangarepé wong-wong, nganti wong kabèh padha kaéraman lan banjur ngluhuraké Allah, klawan padha ngucap, "Kang kaya mangkono iku kita padha durung tau weruh."
13 Yésus banjur tindak manèh menyang pinggir tlaga; lan wong golongan iku kabèh padha sowan ing ngarsané. Panjenengané banjur memulang marang wong-wong iku.
14 Bareng langkung ing kono, Panjenengané pirsa Lèwi anaké Alféus lungguh ana ing kantor pajeg. Panjenengané banjur ngandika marang Lèwi, "Mèlua Aku!" Lèwi tumuli ngadeg lan ndhèrèkaké Panjenengané.
15 Kacarita Panjenengané dhahar ana ing omahé Lèwi; akèh juru-tagih-pajeg lan wong dosa padha mangan bareng karo Yésus lan para sakabaté, sabab pancèn ana wong akèh kang padha ndhèrèkaké Panjenengané.
16 Para ahli Torèt saka golongan Farisi bareng weruh yèn Panjenengané dhahar karo wong-wong dosa lan para juru-tagih-pajeg, banjur padha kandha marang para sakabaté, "Yagéné wong iku kok mangan awor karo para juru-tagih-pajeg lan wong-wong dosa?"
17 Bareng Yésus midhanget, Panjenengané banjur ngandika marang para ahli Torèt iku, "Wong-wong waras ora mbutuhaké dhokter, nanging wong-wong lara iku kang mbutuhaké. Aku teka ora supaya ngundang wong-wong kang mursid, nanging supaya ngundang wong-wong dosa."
18 Nalika para sakabaté Yohanes lan para Farisi pinuju padha pasa; padha sowan sarta matur marang Panjenengané, "Sabab punapa déné para sakabatipun Yohanes lan murid-muridipun para Farisi sami siyam, nanging sakabat-sakabat Panjenengan kok sami mboten siyam?"
19 Yésus ngandika marang wong-wong mau, "Rak ora bisa ta tamu-tamu kang mahargya pangantèn padha pasa, nalika pangantèn lanang isih lungguhan bareng karo para tamu? Sasuwéné isih nyandhing pangantèn lanang, tamu-tamu ora kena pasa.
20 Nanging bakal tumeka ing waktu, nalika pangantèn kabedhol saka ing antarané para tamu, lan ing waktu iku wong-wong iku bakal padha pasa.
21 Ora ana wong nambalaké potongan kain anyar kang durung mengkered marang sandhangan lawas; déné menawa mangkono tambalané kain anyar mau bakal nyuwèkaké, kang anyar nyuwèk kang lawas, lan suwèké dadi luwih banget.
22 Lan ora ana wong ngisèkaké anggur anyar ing kanthong kulit lawas; awit menawa mangkono angguré bakal ngrusak kanthongé, satemah dadia angguré apadéné kanthongé bakal dadi rusak lan muspra; nanging anggur anyar kuduné diwadhahi ing kanthong kulit kang anyar."
23 Kacarita ing sawijiné dina Sabat, Yésus tindak langkung pategalan gandum; lan para sakabaté padha methiki wulèn gandum.
24 Wong-wong Farisi banjur padha matur marang Panjenengané, "Panjenengan pirsani, sabab punapa tiyang-tiyang punika sami nindakaken padamelan ingkang mboten dipun parengaken ing dinten Sabat?"
25 Panjenengané banjur ngandika marang wong-wong Farisi iku, "Apa kowé padha ora tau maca apa kang katindakaké déning Daud lan para pandhèrèké, nalika ngalami kekurangan lan kaluwèn,
26 kepriyé anggoné padha mlebu ing Padalemané Allah, nalika jamané imam agung Abyatar lan dhahar roti caosan -- kang ora pareng dipangan kejaba mung déning para imam -- lan iya maringaké roti iku marang para pandhèrèké?"
27 Apadéné Panjenengané ngandika marang wong-wong Farisi, "Dina Sabat iku dianakaké kanggo manungsa, ora kok manungsa kanggo dina Sabat;
28 mula, Putrané Manungsa iku malah iya Gustiné dina Sabat."