1 Bareng wayah bangun ésuk para pangarepé imam, karo para pinituwa lan para ahli Torèt sarta warganing Pradata Agama liyané kabèh padha nglumpuk rembugan. Wong-wong iku banjur mbanda lan ngirid Yésus sarta ngladèkaké marang ngarsané Pilatus.
2 Pilatus nuli ndangu Panjenengané, "Punapa Panjenengan rajanipun tiyang Yahudi?" Yésus paring wangsulan, ngandikané, "Panjenengan piyambak ingkang ngandika makaten."
3 Para pangarepé imam banjur padha ngaturaké pandakwa akèh tumrap Yésus.
4 Pilatus ndangu manèh marang Panjenengané, pangandikané, "Punapa Panjenengan mboten mangsuli punapa-punapa? Kula aturi menggalih, kathah sanget pandakwanipun tiyang-tiyang punika dhateng Panjenengan."
5 Nanging Yésus tetep ora mangsuli apa-apa, temah Pilatus nganti gumun banget.
6 Ing dina riyaya wis dadi padatan, Pilatus ngluwari wong tawanan siji, sing dikarepaké déning wong akèh.
7 Nalika iku ana wong, jenengé Barabas, kang ditawan bareng karo para pemberontak kang sajroné keributan padha gawé pati.
8 Wong akèh banjur munggah lan wiwit padha nyuwun kanthi banget, supaya Pilatus nindakaké kaya kang dadi padatan kanggo wong akèh.
9 Déné Pilatus nanggapi wong akèh kalawan ngandika, "Apa kowé padha kepéngin supaya aku ngluwari rajané wong Yahudi iki?"
10 Jalaran Pilatus ngerti, yèn para pangarepé imam padha ngulungaké Panjenengané marga saka drengkiné.
11 Nanging para pangarepé imam padha ngojok-ojoki wong akèh supaya Pilatus ngluwari Barabas.
12 Pilatus nanggapi manèh lan ngandika marang wong akèh, "Banjur aku kudu nindakaké apa marang wong kang padha koksebut rajané wong Yahudi iku?"
13 Wong akèh nuli padha mbengok manèh, "Kasaliba kémawon!"
14 Pilatus banjur ngandika manèh marang wong-wong iku, "Banjur dosané apa, ta?" Nanging wong akèh sangsaya sora mbengoké, "Kasaliba tiyang punika!"
15 Sarèhné Pilatus nedya gawé mareming atiné wong akèh, mulané iya ngluwari Barabas kanggo wong akèh mau; Yésus banjur digebagi sarta dipasrahaké supaya disalib.
16 Para prajurit tumuli ngirid Yésus menyang plataran wewengkon dalem gubernuran; sarta banjur padha ngundang prajurit kabèh supaya nglumpuk.
17 Wong-wong iku banjur ngagem-agemi Panjenengané jubah wungu, lan sawusé nganam-anam makutha eri, banjur diagemaké ing mustakané.
18 Sawusé mangkono banjur padha ngucapaké salam marang Yésus, pangucapé, "Ngaturaken kasugengan, rajanipun tiyang Yahudi!"
19 Banjur padha menthungi mustakané nganggo glagah lan padha ngidoni nuli padha jèngkèng nyembah Panjenengané.
20 Sawusé padha moyoki Panjenengané, para prajurit banjur padha nglukari agemané jubah wungu mau lan ngagemaké agemané piyambak. (15-20b) Para prajurit tumuli padha ngirid Yésus metu arep nyalib Panjenengané.
21 Nalika samana ana wong liwat jenengé Simon, wong Kiréné, bapakné Aleksander lan Rufus, kang lagi bali saka njaban kutha. Wong iku dipeksa supaya manggul salibé Yésus.
22 Para prajurit iku nuli ngirid Panjenengané menyang panggonan kang aran Golgota, kang ateges: pacumplungan.
23 Tumuli padha nyaosi Panjenengané anggur kang dicampuri mur, nanging Panjenengané ora karsa.
24 Wong-wong iku banjur padha nyalib Panjenengané sarta ngedum-edum pangagemané sarana kalotré kanggo nemtokaké pandumané dhéwé-dhéwé.
25 Wayah jam sanga ésuk para prajurit padha nyalib Panjenengané.
26 Ana tulisan kang nélakaké kaluputané Yésus, uniné, "Rajané wong Yahudi."
27 Bareng karo Panjenengané, para prajurit iya nyalib bégal loro, kang siji ing satengené, sijiné ing sakiwané.
28 [Sarana mangkono, kayektènan apa kang katulis ing Kitab Suci kang muni, "Panjenengané kaétang golongané para durjana."]
29 Wong-wong kang padha liwat ing kono, padha ngala-ala Yésus, kanthi gèdhèg-gèdhèg padha ngucap, "Hé, kowé kang arep ngrubuhaké Padaleman Suci lan arep mbangun manèh sajroné telung dina,
30 luwarana awakmu dhéwé lan mudhuna saka salib!"
31 Mangkono uga para pangarepé imam karo para ahli Torèt, iya padha moyoki karo rasanan, "Wong iku wus mitulungi wong liya, nanging mitulungi awaké dhéwé ora bisa!
32 Saiki Mésias, Rajané Israèl iku karebèn mudhun saka salib, supaya kita padha weruh lan pracaya." Dalah kang padha kasalib bareng karo Yésus iku iya padha moyoki Panjenengané.
33 Bareng wus jam rolas, ana pepeteng kang nglimputi satanah kabèh nganti jam telu.
34 Ing wayah jam telu iku Yésus nywanten kalawan sora, "Éloi, Éloi, lama sabakhtani?" Kang tegesé, "Allah kawula, Allah kawula, kenging punapa Paduka nilar kawula?"
35 Sawatara wong kang padha ngadeg ana ing kono bareng krungu kang mangkono mau, padha ngucap, "Delengen, wong iku ngundang Élia."
36 Banjur ana wong kang énggal-énggal teka, nyelupaké spons ing anggur kecut, dituncepaké ing glagah, tumuli ngaturi ngunjuk marang Yésus, sarta ngucap, "Ayo padha dientèni lan dideleng, apa Élia teka ngudhunaké wong iku."
37 Yésus banjur nywanten sora lan séda.
38 Nalika iku geberé Padaleman Suci suwèk dadi loro, saka ndhuwur tekan ngisor.
39 Panggedhéné prajurit kang ngadeg adu-arep karo Yésus, bareng nyumurupi kaya mangkono anggoné séda, banjur ngucap, "Sanyata, wong iku Putraning Allah."
40 Ana uga wong wadon sawatara kang padha ngawasaké saka kadohan, yaiku Maria Magdaléna, Maria ibuné Yakobus-nom lan Yosès, sarta Salomé.
41 Wong-wong iku kabèh wis ndhèrèkaké Yésus lan ngladosi Panjenengané nalika ana ing Galiléa. Ing kono iya isih ana wong wadon liyané kang akèh cacahé, kang padha teka ing Yérusalèm bebarengan karo Panjenengané.
42 Bareng wayahé wis soré, sarèhné iku dina pacawisan, yaiku dina ngarepaké Sabat,
43 mulané Yusuf, wong Arimatéa, warganing Pradata Agama kang kajèn kèringan, kang iya nganti-anti marang Kratoning Allah, nékad sowan Pilatus sarta nyuwun layoné Yésus.
44 Pilatus gumun nalika midhanget menawa Yésus wis séda. Banjur nimbali panggedhéné prajurit lan ndangu, apa Panjenengané wus séda.
45 Sawisé midhanget aturé panggedhéning prajurit mau, Pilatus banjur maringaké layoné marang Yusuf.
46 Yusuf nuli tuku mori alus, lan ngudhunaké layoné Yésus sarta ngulesi layon mau nganggo mori iku. Sawisé mangkono, banjur nyarèkaké layoné ana ing kubur kang tatahan ing watu. Banjur ngglundhungaké watu nutup lawanging kuburan.
47 Maria Magdaléna lan Maria ibuné Yosès padha namataké papan anggoné nyarèkaké layon mau.

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: Markus 15
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: Markus 15
Studi Alkitab dengan Video LUMO, silahkan lihat LUMO Indonesia :: Markus

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke