1 Sawisé Yésus tumedhak saka ing gunung, wong golongan pirang-pirang padha ngetut buri Panjenengané.
2 Lah ing kono ana wong lara kusta marek sarta sujud marang Panjenengané, unjuké, "Gusti, manawi Paduka karsa, inggih tamtu saged mbirat najis kawula."
3 Panjenengané nuli mulungaké astané, ndemèk wong mau sarta ngandika, "Aku karsa, birata najismu." Padha sanalika iku kabirat kustané temahan dadi resik.
4 Yésus banjur ngandika marang wong mau, dhawuhé, "Poma bab iki aja kokkandhakaké marang sapa-sapa. Wis lungaa, awakmu tuduhna marang imam lan saosa kurban, sing dipréntahaké déning Musa, minangka paseksi marang wong."
5 Nalika Yésus lumebet ing kutha Kapèrnaum, ana sawijining opsir panatus marek ing ngarsané sarta darbé atur panyuwun, unjuké,
6 "Gusti, réncang kawula sakit lumpuh, nggluntung wonten ing griya, langkung sanget anggènipun ngraosaken sakit."
7 Panjenengané banjur ngandika, "Aku dakmrana, dakwarasné."
8 Nanging atur wangsulané opsir mau, unjuké, "Gusti, kawula mboten pantes nampèni Paduka wonten ing gubug kawula, mugi karsa ngandika satembung kémawon, réncang kawula tamtu lajeng saras.
9 Amargi kawula piyambak punika tiyang ingkang kaerèh lan inggih ngerèh prajurit. Manawi kawula akèn dhateng ingkang satunggal: Lungaa! lajeng késah; utawi dhateng sanèsipun: Mrénéa! inggih lajeng dhateng. Tuwin dhateng réncang-tumbasan kawula: Iku lakonana! inggih lajeng dipun lampahi."
10 Bareng Yésus miyarsa kang mangkono iku, Panjenengané kaéraman, banjur ngandika marang kang padha ndhèrèkaké, "Satemené Aku pitutur marang kowé: Pangandel kang saméné gedhéné iki Aku durung tau tumon ana ing satengahing bangsa Israèl.
11 Aku pitutur marang kowé: Bakal akèh wong kang teka saka ing wétan lan ing kulon kang padha mèlu kembul bujana karo Abraham, Ishak lan Yakub ana ing Kratoning Swarga,
12 mangka para putraning Kraton bakal padha kabuwang menyang pepeteng ing jaba, ing kono bakal ana tangis lan keroting untu."
13 Yésus banjur ngandika marang opsir panatus mau, "Wis, mundura, katekana kaya kang dadi pangandelmu." Sanalika iku uga abdiné waras.
14 Bareng Yésus rawuh ing omahé Pétrus, Panjenengané pirsa embokné maratuwa nggluntung ana ing paturon, lara panastis.
15 Tumuli didemèk tangané, panasé banjur ilang, nuli ngladèni tamuné.
16 Soréné akèh wong kang padha kesurupan sétan kang padha digawa menyang ngarsané Yésus. Sétané padha ditundhungi sarana pangandika lan sarupané wong kang nandhang lelara padha disarasaké.
17 Bab iki kelakoné supaya katetepana apa kang kapangandikakaké déning Nabi Yésaya, "Panjenengané wus ngrembat karingkihan kita lan nyanggi lelara kita."
18 Bareng Yésus pirsa wong golongan padha ngrubung Panjenengané, banjur dhawuh supaya padha nyabrang.
19 Nuli ana sawijining ahli Torèt kang marek sarta munjuk, "Guru, kula badhé ngetut wingking Panjenengan dhateng pundia kémawon tindak Panjenengan."
20 Yésus ngandika, "Asu-wawar padha duwé rong, lan manuk ing awang-awang padha duwé susuh, nanging Putraning Manungsa ora duwé panggonan kanggo nyèlèhaké sirahé."
21 Wong liyané, yaiku salah sijining muridé, matur marang Panjenengané, "Gusti, kawula mugi Paduka parengaken késah rumiyin badhé ngubur bapa kawula."
22 Nanging Yésus ngandika, "Kowé mèlua Aku, déné wong mati cikbèn padha ngubur wong mati panunggalané."
23 Yésus banjur minggah ing prau, para sakabaté padha ndhèrèk.
24 Dumadakan ana prahara ing sagara kono, prauné nganti ketungkeban ing ombak, nanging Yésus saré.
25 Para sakabaté tumuli padha marek mungu, unjuké, "Dhuh, Gusti, nyuwun tulung, kawula sami katiwasan."
26 Panjenengané banjur ngandika marang para sakabat, dhawuhé, "Yagéné kowé padha wedi, hé, wong kang cupet ing pangandel?" Panjenengané banjur jumeneng lan ndukani angin sarta sagara, tumuli sirep.
27 Wong-wong padha gumun, pangucapé, "Iki wong apa ta, déné dalah angin lan sagara kok iya padha ngéstokaké dhawuhé!"
28 Bareng Panjenengané wis mentas ing sabrang, yaiku ing wilayahé wong Gadhara tumuli dipethukaké wong loro kang padha kasurupan dhemit, tekané saka ing pakuburan sarta banget mutawatiri, nganti ora ana wong siji-sijia sing wani liwat ing dalan kono.
29 Lah tumuli sakaroné padha nguwuh seru, unjuké, "Prekawisipun punapa ta Panjenengan kaliyan kawula, dhuh, Putranipun Allah? punapa rawuh Panjenengan badhé misakit kawula sadèrènging mangsanipun?"
30 Sawatara adoh saka ing kono ana babi sapantha gedhé, kang lagi diengon.
31 Dhemité nuli padha duwé panyuwun marang Panjenengané, unjuké, "Manawi kawula sami Paduka dhawuhi késah, mugi kawula kadhawuhana manjing ing babi sapantha punika."
32 Panjenengané banjur ngandika, "Padha lungaa!" Banjur padha metu lan manjing ing babi-babi mau. Babi sapantha iku kabèh nuli padha mlayu gumrudug medhun saka ing èrèng-èrènging jurang, ambyur ing sagara temahan padha mati klelep ana ing banyu.
33 Kang padha ngengon babi mau padha mlayu sarta bareng wis tekan kutha, padha nyritakaké lelakon iku mau kabèh, uga bab wong-wong kang kapanjingan dhemit mau.
34 Lah ing kono wong sakutha padha metu methukaké Yésus lan bareng wis padha weruh Panjenengané, padha nyuwun kanthi adreng, supaya Panjenengané karsa nilar wilayahé.

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: Matius 8
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: Matius 8
Studi Alkitab dengan Video LUMO, silahkan lihat LUMO Indonesia :: Matius

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke
Kunjungi Alkitab Audio Diglot:
AYT - KJV