1 "Aja padha netepaké luputing wong, supaya kowé aja ditetepaké luputmu.
2 Amarga wewaton kang kokanggo ngukumi, yaiku kang bakal dianggo ngukumi kowé. Sarta takeran kang kokanggo nenaker, yaiku kang bakal dianggo naker kowé.
3 Kepriyé déné kowé weruh tatal kang ana ing mripaté sadulurmu, mangka glondhong kang ana ing mripatmu dhéwé, kowé kok ora weruh?
4 Kepriyé déné kowé kok bisa kandha karo sadulurmu: Mara, tatal sing ana ing mripatmu iku dakilangané, mangka mripatmu dhéwé ana glondhongé?
5 Hé, wong lamis, ilangana dhisik glondhong sing ana ing mripatmu, mengko kowé bakal kanthi pramana anggonmu ngilangi tatal sing ana ing mripaté sadulurmu."
6 "Barang kang suci aja kokwènèhaké marang asu, lan mutiyaramu aja kokuncalaké marang ngarepé babi, supaya ora diidak-idak sarta banjur minger nyronggot kowé."
7 "Padha nyenyuwuna, temah bakal kaparingan. Padha golèk-golèka, temah bakal nemu. Padha thothok-thothoka, temah bakal kawenganan.
8 Sabab saben wong kang nyuwun, tampa, sing golèk, nemu lan sing thothok-thothok iku kawenganan lawang.
9 Apa ana panunggalanmu kang dijaluki roti anaké, kok mènèhi watu,
10 utawa yèn dijaluki iwak, kok mènèhi ula?
11 Dadiné yèn kowé kang ala padha mangerti ing bab pawèwèh kang becik marang anak-anakmu, saya manèh Ramamu kang ana ing swarga, mesthi peparing kang becik marang wong sing padha nyenyuwun marang Panjenengané."
12 "Mulané sabarang panggawé sing kokkarepaké ing bab tumindaké wong marang kowé, iku iya tindakna uga marang wong, awit iya mangkono iku surasané Torèt lan kitabé para nabi.
13 Padha lumebua liwat ing lawang kang ciyut, awit amba lawangé lan jembar dalané kang anjog ing karusakan, mangka akèh wong kang padha metu ing kono.
14 Kosok-baliné ciyut lawangé lan rupit dalané kang anjog ing urip, mangka mung sathithik wong kang nemu iku."
15 "Sing waspada marang para nabi palsu, kang padha nekani kowé nganggo nylamur kaya wedhus gèmbèl, mangka sajatiné iku asu ajag kang galak.
16 Bakalé kowé bisa nitik marang bab mau saka wohé. Apa ana wong ngundhuh anggur saka thethukulan eri, utawa woh anjir saka rerungkudan?
17 Dadiné wit kang becik metokaké woh becik, wit kang geringen wohé iya ora apik.
18 Wit kang becik ora bisa metokaké woh kang ala, lan wit kang geringen ora bisa metokaké woh kang becik.
19 Sarupané wit kang ora metokaké woh kang becik, mesthi kategor lan banjur kacemplungaké ing geni.
20 Dadiné wong-wong mau bakal katitik saka wohé.
21 Kang bakal lumebu ing Kratoning Swarga iku dudu angger wong kang ngucap marang Aku: Gusti, Gusti, nanging mung wong kang nglakoni karsané Ramaku kang ana ing swarga.
22 Ing dina wekasan bakal akèh wong kang padha matur marang Aku: Gusti, Gusti, punapa kawula mboten sampun medhar wangsit atas asma Paduka, sarta sampun nundhungi dhemit atas asma Paduka, punapa malih sampun ngawontenaken mukjijat kathah atas asma Paduka?
23 Ing waktu iku bakal padha dakblakani mangkéné: Aku durung tau wanuh karo kowé. Padha sumingkira saka ing ngarepku, hé, wong kang padha duraka."
24 "Mulané saben wong kang ngrungokaké tembungku iku mau lan banjur dilakoni, iku kayadéné wong wicaksana, kang ngadegaké omahé ana ing sandhuwuré watu padhas.
25 Bareng udan deres, banjur banjir sarta ana angin gedhé, kang nempuh omah mau, nanging ora ambruk, amarga katalesan ing watu padhas.
26 Nanging saben wong kang ngrungokaké tembungku iku mau mangka ora dilakoni, iku upamané kaya wong kang bodho, kang ngadegaké omahé ana ing sandhuwuré wedhi.
27 Bareng udan deres, terus banjir, sarta ana angin gedhé kang nempuh, omah mau banjur ambruk lan banget rusaké."
28 Kacarita, bareng Yésus wis mungkasi pangandikané iku mau, wong kabèh padha gumun banget marang piwulangé,
29 jalaran anggoné mulang kaya kang kagungan pangwasa, ora kaya para ahli Torèt.

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: Matius 7
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: Matius 7
Studi Alkitab dengan Video LUMO, silahkan lihat LUMO Indonesia :: Matius

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke