1 "Padha diéling, aja padha nglakoni kamursidanmu ana ing sangareping wong, supaya katona ing wong iku, awit yèn mangkono, kowé ora bakal nampa ganjaran apa-apa saka Ramamu kang ana ing swarga.
2 Mulané yèn kowé dedana, aja kokwara-warakaké kaya adaté para wong lamis ana ing sinagogé-sinagogé lan ing lurung-lurung, pamrihé supaya dialem ing wong. Satemené Aku pitutur marang kowé, iku wus padha tampa pituwasé.
3 Nanging menawa kowé dedana, tanganmu kiwa aja nganti sumurup apa kang ditindakaké tanganmu tengen.
4 Dadi anggonmu dedana iku aja nganti katon; Ramamu kang nguningani tindakmu kang ora katon iku, bakal paring piwales marang kowé."
5 "Déné menawa kowé padha ndedonga, aja kaya para wong lamis, amarga wong iku padha seneng ndedonga adeg-adegan ana ing papan-papan pangibadah lan ing pojok-pojoking lurung, pamrihé supaya katona ing wong. Satemené Aku pitutur marang kowé: Wong iku wus padha tampa pituwasé.
6 Nanging menawa kowé ndedonga, lumebua ing kamarmu, lawangé inebna, banjur ndedongaa marang Ramamu kang ora katon. Déné Ramamu kang pirsa tindakmu kang ora katon iku bakal paring piwales marang kowé.
7 Apamanèh, sajroné ndedonga, aja nganggo tembung akèh-akèh kaya adaté wong kang ora wanuh marang Allah, awit iku padha nduwèni pangira, yèn marga saka akèhing tetembungané, pandongané bakal katrimah.
8 Dadi aja tiru-tiru wong iku, awit Ramamu pirsa apa sing kokbutuhaké, sadurungé kowé matur.
9 Marga saka iku ndedongaa mangkéné: Dhuh, Rama kawula ingkang wonten ing swarga, Asma Paduka mugi kasucèkaken.
10 Kraton Paduka mugi rawuh. Karsa Paduka mugi kalampahan wonten ing bumi kadosdéné wonten ing swarga.
11 Kawula mugi kaparingan rejeki kawula sacekapipun ing dinten punika.
12 Saha Paduka mugi ngaputen kalepatan kawula, kadosdéné kawula inggih ngapunteni tetiyang ingkang kalepatan dhateng kawula.
13 Punapa déné kawula mugi sampun ngantos katandukaken dhateng panggodha, nanging mugi sami Paduka uwalaken saking piawon. [Awitdéné Paduka ingkang kagungan Kraton saha wisésa tuwin kamulyan ing salami-laminipun. Amin.]
14 Sabab, menawa kowé padha ngapura kaluputaning wong, Ramamu ing swarga iya bakal ngapura marang kowé.
15 Nanging menawa kowé ora ngapura marang wong, Ramamu iya bakal ora ngapura kaluputanmu."
16 "Anadéné menawa kowé padha pasa, ulatmu aja kokgawé aclum kaya para wong lamis, awit iku padha nyengungusaké ulaté, supaya wong-wong padha weruh yèn lagi pasa. Satemené Aku pitutur marang kowé: iku wus padha tampa pituwasé.
17 Nanging kowé menawa pasa, sirahmu lenganana lan raupa,
18 supaya anggonmu pasa aja ketara marang wong, ngemungna kauningan ing Ramamu kang ana ing papan pasingidan. Ramamu kang pirsa sajroning pasingidan iku bakal paring piwales marang kowé."
19 "Aja padha nglumpukaké bandha ana ing donya; ana ing donya bandha bakal karusak déning renget lan taiyèng, apadéné dibabah lan dicolong déning maling.
20 Nanging padha nglumpukna bandha ing swarga, ana ing swarga bandha ora karusak dadia déning renget utawa déning taiyèng, sarta ora dibabah lan dicolong déning maling.
21 Amarga ing ngendi dunungé bandhamu, iya ana ing kono dunungé atimu.
22 Diyaning badan iku mripat; menawa mripatmu waras, badanmu sakojur kapadhangan.
23 Nanging menawa mripatmu cacad, badanmu dadi peteng kabèh. Dadi menawa pepadhang kang ana ing kowé dadi peteng, saiba ta petengé iku."
24 "Ora ana wong kang bisa ngawula marang bendara loro, awit ora wurung bendarané kang siji bakal disengiti; sijiné ditresnani, utawa bakal nengenaké marang kang siji lan nyepèlèkaké marang sijiné. Kowé ora bisa ngawula marang Allah lan marang Mamon.
25 Mulané Aku pitutur marang kowé: Aja padha sumelang ing bab uripmu, bab apa kang bakal kokpangan utawa kokombé, lan bab badanmu, apa kang bakal kokanggo. Ajiné urip iku apa ora ngungkuli pangan, lan ajiné badan apa ora ngungkuli sandhangan?
26 Padha delengen manuk-manuk ing awang-awang, padha ora nyenyebar lan ora derep, sarta ora tetandho ana ing lumbung, éwadéné padha kaparingan pakan déning Ramamu kang ana ing swarga. Apa kowé ora kinacèk luwih banget katimbang karo manuk-manuk iku?
27 Sapa ta panunggalanmu kang bisa nyambungi umuré saasta baé marga saka sumelang?
28 Mangkono manèh yagéné kowé padha sumelang bab sandhang-panganggo? Padha nyawanga kembang bakung ing ara-ara anggoné tumuwuh, ora nganggo nyambut-gawé lan ngantih.
29 Éwadéné Aku pitutur marang kowé: Sanadyan Salomo sajroné sagunging kaluhurané, pangagemané ora madhani salah sijining kembang iku.
30 Mulané yèn suket ing ara-ara kang dina iki isih ana, sésuk diobong, iku dipanganggoni nganti kaya mangkono déning Allah, saya manèh kowé, hèh, wong kang cupet ing pangandel!
31 Awit saka iku aja padha sumelang kanthi calathu: Apa kang padha dakpangan? Utawa: Apa kang padha dakombé? Lan manèh: Apa kang padha daksandhang?
32 Awit iku kabèh diupaya déning bangsa-bangsa kang ora wanuh marang Allah; kowé aja mangkono, awit Ramamu ing swarga wus pirsa, yèn iku mau kabèh dadi kabutuhanmu.
33 Ananging Kratoning Allah lan apa kang dadi karsané, iku padha upayanen dhisik, nuli samubarang iku mau kabèh bakal kaparingaké marang kowé.
34 Mulané aja padha sumelang ing bab dina sésuk, amarga dina sésuk iku kadunungan kasusahan dhéwé. Kasusahan sadina, wus cukup kanggo sadina."

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: Matius 6
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: Matius 6
Studi Alkitab dengan Video LUMO, silahkan lihat LUMO Indonesia :: Matius

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke