1 Ing dina iku Yésus miyos saka ing omah mau lan banjur lenggah ing pinggir tlaga.
2 Tumuli ana wong akèh padha gumrudug marek lan ngrubung Panjenengané, mulané Panjenengané banjur minggah ing prau lan lenggah ing kono, déné wong akèh mau padha ngadeg ana ing gegisik.
3 Panjenengané banjur ngandika akèh-akèh marang wong-wong mau nganggo pasemon, dhawuhé, "Ana juru nyebar wiji metu arep nyebar wiji.
4 Sajroné nyebar iku wijiné ana kang tumiba ing pinggir dalan, banjur ana manuk kang padha teka, nucuki.
5 Ana kang tumiba ing watu padhas, kang ora akèh lemahé. Wiji mau énggal thukul, amarga lemahé tipis.
6 Nanging bareng srengéngé wus saya dhuwur, banjur alum, wekasan dadi garing, sabab ora ana oyodé.
7 Ana manèh kang tumiba ing satengahing thethukulan eri. Bareng eri-eriné saya gedhé, wijiné kelindhih banget temahan ora ngetokaké woh.
8 Lan ana manèh kang tumiba ing lemah becik; iku banjur metu wohé, ana kang tikel satus, ana kang tikel sawidak lan ana kang tikel telung puluh.
9 Sapa kang duwé kuping ngrungokna."
10 Para sakabaté tumuli padha ngadhep lan matur, "Punapa sababipun, déné anggèn Panjenengan ngandika dhateng tiyang-tiyang punika kok mawi pasemon?"
11 Paring wangsulané Yésus, "Kowé padha kaparingan kamurahan diparengaké mangretèni wadi-wadining Kraton Swarga, nanging wong-wong iku padha ora kaparingan.
12 Amarga sapa kang duwé, iku bakal kaparingan, malah nganti lubèr, nanging sing sapa ora duwé, apa baé kang kaduwé, bakal dipundhut.
13 Iya iku sababé anggonku paring pangandika marang wong-wong iku nganggo pasemon, awit sanadyan mripaté padha ndeleng, nanging ora weruh, lan sanadyan padha ngrungokaké, nanging padha ora krungu lan ora ngerti.
14 Lah ana ing wong-wong iku katetepan pamecané Yésaya, kang ngandikakaké: Sira bakal krungu lan krungu, nanging ora mangerti, sira bakal ndeleng lan ndeleng, nanging ora sumurup.
15 Amarga atiné bangsa iki ndableg lan kupingé jampeng sarta mripaté dieremaké, supaya aja padha ndeleng kalawan mripaté lan krungu kalawan kupingé sarta atiné bisa mangerti banjur mratobat, satemah sunwarasaké.
16 Nanging rahayu mripatmu, jalaran bisa ndeleng lan kupingmu, amarga bisa krungu.
17 Awit satemené Aku pitutur marang kowé: Akèh para nabi lan wong mursid kang padha kepéngin ndeleng apa kang padha kokdeleng, nanging ora kelakon ndeleng, lan padha kapéngin krungu apa kang kokrungu, nanging ora kelakon krungu.
18 Mulané rungokna maknané pasemon bab juru nyebar iku.
19 Menawa ana wong kang krungu pangandika bab Kratoning Swarga, mangka ora mangerti, banjur si pangawak dursila teka ngrebut apa kang kasebar ing atiné; yaiku wiji kang kasebar ing pinggir dalan.
20 Déné wiji kang kasebar ing watu padhas, yaiku wong kang ngrungokaké pangandika sarta énggal-énggal nampani pangandika mau kanthi bungah,
21 nanging ora ana oyodé ing batiné, dadi ora antepan. Bareng tuwuh panyiya-nyiya utawa panganiaya marga saka pangandika iku, wong mau banjur énggal murtad.
22 Sabanjuré kang kasebar ing satengahing eri, yaiku wong kang ngrungokaké pangandika, banjur sumelanging donya lan daya pamblithuking kasugihan padha ngendhih pangandika mau, satemah ora metu wohé.
23 Nanging kang kasebar ing lemah becik iya iku wong kang ngrungokaké pangandika lan mangerti, mulané iya banjur metu wohé, ana sing tikel satus, ana sing tikel sawidak, ana sing tikel telung puluh."
24 Panjenengané medharaké pasemon liyané marang wong-wong mau, pangandikané, "Kratoning Swarga iku umpamané kaya wong kang nyebar wiji becik ing pategalané.
25 Nanging nalika wong-wong padha turu kabèh, satruné teka nyebar wiji alang-alang ing tengahé gandum, banjur lunga.
26 Bareng gandumé thukul lan wiwit metu wewulèné, alang-alangé iya katon.
27 Batur-baturé sing duwé pategalan padha marani lurahé lan matur: Bendara, punapa sanès wiji saé ingkang panjenengan sebar ing pategilan panjenengan? Saking pundi kambengan punika?
28 Wangsulané lurahé: Iku panggawéné satru. Batur-baturé matur manèh: Punapa panjenengan ngersakaken, supados kula sami mbedholi kambengan punika?
29 Nanging wangsulané: Aja, sabab anggonmu padha mbedholi alang-alang iku, bisa uga ngatutaké gandumé.
30 Cikbèn padha thukul bebarengan nganti mangsané panèn. Ing wektu iku aku bakal tutur marang sing padha derep: Klumpukna dhisik alang-alangé lan bentèlana, banjur obongen, sawusé iku gandumé klumpukna ing lumbungku."
31 Panjenengané medharaké pasemon liyané manèh marang wong-wong mau, pangandikané, "Kratoning Swarga iku upamané kaya wiji sawi kang kajupuk lan kasebar déning wong ana ing pategalané.
32 Padha-padha wiji, wiji sawi iku pancèn cilik dhéwé, nanging yèn wus thukul, gedhéné ngluwihi janganan liya-liyané, malah banjur dadi wit-witan, nganti manuk-manuk ing awang-awang padha saba mrono lan nusuh ing pang-pangé."
33 Panjenengané medharaké pasemon liyané manèh marang wong-wong mau, pangandikané, "Kratoning Swarga iku upamané kaya ragi kang kajupuk ing wong wadon, kacarubaké ing glepung trigu patang puluh liter nganti mumbluk kabèh."
34 Sakèhé prakara iku mau kabèh didhawuhaké déning Yésus marang wong akèh kanthi pasemon lan ora ana kang kapangandikakaké kang ora dhapur pasemon,
35 supaya ketetepana kang kapangandikakaké déning nabi, mangkéné, "Ingsun bakal ngangapaké tutukingsun lan mangandikakaké pasemon. Ingsun bakal ngucapaké prakara kang kineker wiwit jagat tinalesan."
36 Yésus banjur nilar wong golongan mau sarta banjur kondur. Para sakabaté tumuli padha marek lan matur, "Pasemon kambengan ing pategilan punika mugi Panjenengan terangaken dhateng kawula."
37 Yésus banjur maringi wangsulan, pangandikané, "Wong kang nyebar wiji becik iku Putraning Manungsa.
38 Pategalan iku jagat. Wiji kang becik iku para putraning Kraton, déné alang-alangé iku para anaké si pangawak dursila.
39 Satru kang nyebar wiji alang-alang iku Iblis. Wektu panèn iku wekasaning jaman lan kang padha derep iku malaékat.
40 Kang iku kayadéné alang-alang banjur kaklumpukaké lan kaobong ing geni, mangkono uga ing wekasaning jaman,
41 Putraning Manungsa bakal ngutus para malaékaté kadhawuhan nglumpukaké saka ing Kratoné samubarang kabèh kang dadi sandhungan lan sakèhing wong kang nglakoni duraka,
42 padha kacemplungaké ing pawon murub; ing kono kang bakal tinemu panangis lan keroting untu.
43 Lah ing nalika iku para wong sampurna bakal padha mancorong kaya srengéngé ana ing Kratoning Ramané. Wong kang duwé kuping, ngrungokna."
44 "Kratoning Swarga iku umpamané kaya raja-brana kang kependhem ing pategalan, kang ketemu déning wong banjur dipendhem manèh. Marga saka bungahé, wong mau banjur lunga ngedoli barang-darbèké kabèh, lan nuku petegalan mau.
45 Mangkono manèh Kratoning Swarga iku umpanané kayadéné wong dagang kang golek mutiyara kang adi.
46 Bareng wis olèh mutiyara kang banget ajiné, banjur lunga ngedoli barang-darbèké kabèh, lan nuku mutiyara iku mau."
47 "Karodéné manèh Kratoning Swarga iku upamané kaya krakad kang ditibakaké ing sagara, banjur ngumpulaké iwak warna-warna.
48 Bareng wus kebak banjur digèrèd mentas menyang ing gegisik, wongé tumuli padha linggih milihi iwak-iwak kang becik sarta diwadhahi, déné iwak kang ora becik dibuwang.
49 Iya kaya mangkono kaanané bésuk ing wekasaning jaman. Malaékat-malaékat bakal padha teka misahaké para wong kang ala saka tengahé para wong mursid,
50 padha kacemplungaké ing pawon murub; ing kono kang tinemu panangis lan keroting untu.
51 Kowé apa padha mangerti iku mau kabèh?" Atur wangsulané para sakabat, "Inggih, Gusti."
52 Yésus banjur ngandika, "Mulané saben ahli Torèt kang nampani piwulang bab Kratoning Swarga iku upamané kaya wong kang duwé omah, kang metokaké barang anyar lan barang lawas saka ing pasimpenané."
53 Sawisé rampung anggoné paring pasemon-pasemon mau, Yésus banjur tindak saka ing kono.
54 Sarawuhé ing kutha asalé, wong-wong ing kono padha diparingi piwulang ana ing sinagogé. Wong-wong mau padha kaéraman, pangucapé, "Wong iku olèhé kawicaksanan lan pangwasa nindakaké mukjijat saka ing ngendi?
55 Apa iku dudu anaké tukang kayu? Embokné jenengé rak Maria, lan saduluré Yakobus, Yusuf, Simon lan Yudas?
56 Lan sadulur-saduluré wadon rak padha ana ing kéné kabèh? Dadi olèhé iku kabèh saka ing ngendi?"
57 Wong-wong mau satemah padha serik atiné marang Panjenangané. Yésus banjur ngandika marang wong-wong mau, "Kang jenengé nabi iku ana ing ngendi-endi kajèn, kajaba ana ing papan asalé lan ing omahé dhéwé."
58 Mulané Panjenengané ora nindakaké mukjijat akèh ana ing kono, jalaran saka anggoné padha ora pracaya iku.