1 Yésus, kang kapenuhan ing Roh Suci, kondur saka kali Yordan, banjur kapurugaké déning Roh Suci menyang ara-ara samun.
2 Ana ing kono lawasé patang puluh dina lan banjur kagodha déning Iblis. Sajroné ana ing kono iku Panjenengané ora dhahar apa-apa sarta sawusé iku kraos luwé.
3 Iblis nuli matur marang Yésus, "Amargi Panjenengan Putranipun Allah, sumangga séla punika kadhawuhana dados roti."
4 Paring wangsulané Yésus, "Ana tulisan mangkéné: Uripé manungsa iku ora mung saka roti baé."
5 Iblis tumuli nambut Yésus munggah ing papan kang dhuwur sarta ing sakedhap nétra banjur nedahaké sakèhing kraton ing jagat marang Panjenengané.
6 Iblis nuli matur, "Panjenengan badhé kula aturi pangwaos punika sadaya dalah kamulyanipun, awit punika sadaya sampun dipun pasrahaken dhateng kula saha kula saged nyukakaken dhateng sinten kémawon ingkang kula kajengaken.
7 Milanipun menawi Panjenengan nyembah dhateng kula, sadaya punika badhé dados kagungan Panjenengan."
8 Nanging Yésus paring wangsulan, "Ana tulisan mangkéné: Pangéran Allahira, iku kang kudu sira sembah, sarta iya mung Panjenengané iku kang kudu sira bektèni!"
9 Sawisé iku Iblis tumuli nambut Yésus menyang Yèrusalèm lan kajumenengaké ing payoning Padaleman Suci kang dhuwur dhéwé, banjur matur, "Menawi Panjenengan Putranipun Allah, sumangga kula aturi anjlog saking ngriki,
10 awit wonten seratan makaten: Tumraping Sira, Panjenengané bakal dhawuh marang para malaékaté supaya rumeksa marang Sira
11 lan iku bakal padha nadhahi Sira ana ing tangané, supaya sikilira aja nganti kesandhung ing watu."
12 Yésus paring wangsulan, "Ana pangandika mangkéné: Sira aja nyoba marang Pangéran, Allahira!"
13 Iblis sawusé mungkasi sakèhing panggodhané banjur mundur saka ing ngarsané, golèk wektu kang cocog.
14 Yésus banjur kondur menyang Galiléa kanthi pangwasaning Roh. Anadéné pawarta bab Panjenengané iku tumuli sumebar ana ing wilayah kono kabèh.
15 Nalika samana Panjenengané memulang ana ing sinagogé kono sarta sakèhing wong padha ngalembana.
16 Yésus nuli rawuh ing Nasarèt, panggonané nalika kagulawenthah, lan kaya adaté bareng dina Sabat banjur rawuh ing papan pangibadahé sarta jumeneng arep maos Kitab Suci.
17 Nuli diaturi kitabé Nabi Yésaya. Bareng kabukak, pérangan kang kawaos surasané mangkéné,
18 "Rohé Pangéran ana ing Aku, awit Panjenengané wis njebadi Aku, kadhawuhan martakaké kabar-becik marang wong-wong miskin; lan Panjenengané wis ngutus Aku
19 supaya martakaké luwaré para tawanan, sarta pulihing pandelengé para wong wuta, ngluwari wong-wong kang katindhes, ngundhangaké yèn taun-rahmaté Pangéran wis tumapak."
20 Sawisé mangkono kitab banjur katutup kaparingaké manèh marang kang kawogan, nuli lenggah. Wong kabèh kang ana sinagogé padha mandeng marang Panjenengané.
21 Yésus banjur wiwit paring piwulang, pangandikané, "Ing dina iki, sajroné kowé padha ngrungokaké, pangandika mau wus kelakon."
22 Wong kabèh iku padha mbeneraké Panjenengané apadéné padha kaéraman marang éndahing pitembungan kang dingandikakaké, banjur padha alok mangkéné, "Apa Iku dudu anaké Yusuf?"
23 Yésus tumuli ngandika, "Kowé mesthi bakal ngucapaké paribasan marang Aku mangkéné: Hé, dhukun, warasna awakmu dhéwé. Kabèh kang padha dakrungu bab kang wus kelakon ana ing Kapèrnaum, iku uga tindakna ana ing kéné, ana ing tanah asalmu kéné."
24 Lan pangandikané manèh, "Aku pitutur marang kowé, sanyatané ora ana nabi kang kajèn ana ing tanah asalé.
25 Sarta Aku pitutur marang kowé, lan pituturku iki nyata: Dhèk jamané Élia, nalika langit mineb lawasé telung taun nem sasi, kang njalari anané pailan kang nggegirisi ana ing satanah kabèh. Sanadyan ing Israèl akèh randhané,
26 éwasamono Élia ora diutus menyang ing salah sawijining randha-randha mau, nanging menyang ing omahé randha ing Sarfat, wilayah Sidon.
27 Apadéné nalika jamané Nabi Élisa ing Israèl akèh wong kang lara kusta, nanging siji baé ora ana kang kabirat najisé, kajaba Naaman, wong Siria."
28 Bareng krungu kang mangkono iku, wong kabèh kang ana ing papan pangibadah kono padha nepsu banget.
29 Banjur padha ngadeg, Yésus digawa metu menyang sanjabaning kutha, terus didhabyang menyang pèrènging gunung, kang ana kuthané iku, supaya Panjenengané dijorogaké saka kono.
30 Nanging Panjenengané banjur tindak nratas ing tengahé wong-wong mau, jengkar saka ing kono.
31 Yésus banjur rawuh ing Kapèrnaum, yaiku kutha ing Galiléa, sarta ing dina Sabat memulang ana ing kono.
32 Wong-wong padha kaéraman krungu piwulangé, amarga pangandikané kanthi pangwasa.
33 Ing papan pangibadah kono ana wong kang kasurupan sétan, iku nguwuh kanthi swara sora,
34 "Dhuh, Yésus saking Nasarèt, punapa urusan Panjenengan kaliyan kawula? punapa rawuh Panjenengan badhé nyirnakaken kawula? Kawula mangertos, Panjenengan punika sinten, inggih punika Ingkang Suci, utusaning Allah."
35 Nanging banjur didukani déning Yésus, pangandikané, "Menenga! Metua saka wong iku!" Wongé banjur kabanting déning sétané ing satengahing wong akèh; sétané nuli metu lan babar pisan ora njalari larané wong mau.
36 Kabèh wong padha éram, banjur padha rasanan, "Tembungé kok ngédab-édabi banget! Anggoné ndawuhi kalawan wibawa lan pangwasa, temahan roh-roh reged padha metu."
37 Pawarta bab Panjenengané iku banjur sumebar tekan ing ngendi-endi ing wilayah kono.
38 Sawisé iku Yésus jengkar saka papan pangibadah kono lan tindak menyang omahé Simon. Nalika iku ibuné maratuwa Simon lagi lara panas banget, banjur disuwunaké pitulungan marang Panjenengané.
39 Yésus nuli jumeneng ing sandhingé, nundhung panasé, wasana panasé banjur ilang. Wong wadon mau nuli tangi lan ngladèni para tamuné.
40 Bareng wus surup, wong-wong padha nyowanaké kang padha nandhang lelara warna-warna. Iku genti-genti padha ditumpangi astané, temah padha dadi waras.
41 Sétan-sétan uga metu saka wong akèh kalawan bengok-bengok, "Panjenengan punika Putranipun Allah." Awit padha mangerti, yèn Panjenengané iku Mésias. Nanging banjur didukani, ora diparengaké kandha mangkono.
42 Bareng wus ésuk Yésus miyos lan banjur tindak menyang panggonan kang sepi. Nanging wong akèh padha nggolèki lan iya ketemu. Kabèh padha mbudidaya nggondhèli Yésus, supaya aja padha ditilar.
43 Nanging padha dingandikani, "Injilé Kratoning Allah iku iya kudu dakwartakaké menyang kutha-kutha liyané, sabab iya iku preluné anggonku kautus."
44 Panjenengané banjur memulang ana ing papan pangibadah ing Yudéa.

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: Lukas 04
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: Lukas 04
Studi Alkitab dengan Video LUMO, silahkan lihat LUMO Indonesia :: Lukas

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke