1 Sajroning papréntahané Kaisar Tibérius wis nyandhak limalas tauné, nalika Pontius Pilatus jumeneng gubernur ing Yudéa, lan Hérodès jumeneng raja-wilayah ing Galiléa, Filipus sadhèrèké jumeneng raja-wilayah Ituréa lan Trakhonitis, sarta Lisanias jumeneng raja-wilayah Abiléné,
2 apadéné Hanas lan Kayafas jumeneng Imam Agung, Allah paring pangandika marang Yohanes, putrané Imam Zakharia, ana ing ara-ara samun.
3 Yohanes banjur ndlajahi saindengé wilayah Yordan sarta martakaké baptisan pitobat murih apuraning dosa,
4 kaya kang tinulis ing kitab pamecané Yésaya, "Ana swaraning wong kang nguwuh-uwuh ana ing ara-ara samun. Padha nyawisna margining Pangéran, lencengna lurung-lurungé kagem Panjenengané!
5 Saben jurang bakal kaurug, lan saben gunung lan gumuk bakal digawé rata; kang ménggak-ménggok bakal kalencengaké, kang mendhak-mandhukul bakal karatakaké,
6 apadéné sakèhing wong bakal weruh karahayon kang saka ing Pangéran."
7 Yohanes banjur ngandika marang wong akèh kang padha sowan nyuwun baptis, "Hé, turuning ula bedhudhak! Sapa kang akon kowé nyingkiri bebendu kang bakal tumempuh?
8 Mulané padha metokna wohing pitobat kang sembada. Lan aja padha nduwèni pangrasa: Abraham iku rama leluhur kita! Awit aku pitutur marang kowé: Allah kwaos akarya turuning Abraham saka watu-watu iki!
9 Wadungé wus cumepak ana ing poking wit, lan saben wit kang ora metokaké woh kang becik, bakal ditegor sarta dicemplungaké ing geni."
10 Wong akèh mau banjur padha nyuwun pirsa, "Menawi makaten, punapa ingkang kedah sami kula tindakaken?"
11 Paring wangsulané, "Sing sapa duwé klambi loro, supaya mènèhi wong kang ora duwé, lan sing sapa duwé pangan, iya tumindaka mangkono."
12 Ana juru-narik-pajeg kang uga teka arep nyuwun baptis, iku padha nyuwun pirsa, "Guru, kula kedah sami nglampahi punapa?"
13 Paring wangsulané, "Aja padha nagih ngluwihi kang wus katamtokaké tumrap kowé!"
14 Para prajurit uga padha nyuwun pirsa, "Menawi kula, punapa ingkang kedah sami kula lampahi?" Paring wangsulané Yohanes, "Aja ngrampas lan aja meres, cukupna nganggo blanjamu dhéwé."
15 Nanging sarèhné wong akèh lagi padha nganti-anti lan ngarep-arep Mésias, kabèh padha nggraita apa Yohanes iku Panjenengané,
16 Yohanes banjur paring wangsulan, pangandikané, "Aku iki mbaptisi kowé nganggo banyu, nanging Panjenengané kang pangwasané ngungkuli aku, bakal rawuh lan sanadyan mung nguculi talining trumpahé baé, aku ora patut. Panjenengané bakal mbaptisi kowé ngagem Roh Suci lan geni.
17 Panjenengané wus ngasta piranti kagem ngresiki gandum lan papan panutoné; gandumé kaklumpukaké ing lumbungé, nanging mrambuté bakal diobong ing geni kang ora bisa sinirep."
18 Kanthi paring pitutur liyané kang akèh Yohanes nggelaraké Injil marang wong akèh.
19 Ananging bareng panjenengané melèhaké Hérodès, raja-wilayah kono, bab lelakoné karo Hérodias, garwané sadhèrèké, tuwin bab anggoné nindakaké sakèhing piala liya-liyané,
20 raja iku saya wuwuh durakané, srana anggoné ngunjara Yohanes.
21 Nalika wong akèh iku wus padha kabaptis lan nalika Yésus uga kabaptis sarta lagi ndedonga, langit tumuli piyak,
22 banjur katedhakan ing Roh Suci arupa manuk dara. Nuli ana swara kang kaprungu saka ing langit mangkéné, "Sira iku Putraningsun kang kinasih, kang ndadèkaké keparengingsun."
23 Nalika Yésus wiwit makarya, yuswané kurang luwih telung puluh taun lan manut pangirané wong-wong, Panjenengané iku putrané Yusuf, putrané Éli,
24 putrané Matat, putrané Lèwi, putrané Malkhi, putrané Yanai, putrané Yusuf,
25 putrané Matica, putrané Amos, putrané Nahum, putrané Hèsli, putrané Nagai,
26 putrané Maat, putrané Matica, putrané Simèi, putrané Yosékh, putrané Yoda,
27 putrané Yohanan, putrané Résa, putrané Zérubabèl, putrané Séaltièl, putrané Néri,
28 putrané Malkhi, putrané Adi, putrané Kosam, putrané Èlmadam, putrané Èr,
29 putrané Yésua, putrané Élièzer, putrané Yorim, putrané Matat, tedhaké Lèwi,
30 putrané Siméon, putrané Yéhuda, putrané Yusuf, putrané Yonam, putrané Èlyakim,
31 putrané Méléa, putrané Mina, putrané Matata, putrané Natan, putrané Daud,
32 putrané Isai, putrané Obèd, putrané Boas, putrané Salmon, putrané Nahason,
33 putrané Aminadab, putrané Admin, putrané Arni, putrané Hèzron, putrané Pèrès, putrané Yéhuda,
34 putrané Yakub, putrané Ishak, putrané Abraham, putrané Térah, putrané Nahor,
35 putrané Sérug, putrané Réhu, putrané Pèlèg, putrané Ébèr, putrané Salmon,
36 putrané Kénan, putrané Arpakhsad, putrané Sèm, putrané Nuh, putrané Lamèkh,
37 putrané Métusalah, putrané Hénokh, putrané Yarèd, putrané Mahaléèl, putrané Kénan,
38 putrané Énos, putrané Sèt, putrané Adam, putraning Allah.

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: Lukas 03
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: Lukas 03
Studi Alkitab dengan Video LUMO, silahkan lihat LUMO Indonesia :: Lukas

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke