1 Bareng kaributan wis sirep, Paulus tumuli nimbali para murid padha disantosakaké atiné lan sawisé pamitan banjur bidhal menyang Makédonia;
2 ndlajahi wilayah kono sarta nyantosakaké atiné para sadulur tunggal pracaya ing kono kalawan pitutur akèh-akèh. Banjur rawuh ing tanah Yunani.
3 Sawusé telung sasi ana ing kono, panjenengané arep lelayaran menyang Siria. Nanging ing nalika iku, wong-wong Yahudi padha ngrancang arep nyédani panjenengané. Mulané banjur ngarsakaké kondur miyos Makédonia.
4 Tindaké didhèrèkaké déning Sopater anaké Pirus, wong ing Béréa, Aristarkhus lan Sekundus, sakaroné wong ing Tésalonika, Gayus saka Dèrbé, Timotius, lan wong loro saka Asia, yaiku Tikhikus lan Trofimus.
5 Nanging wong-wong iku padha mangkat dhisik lan ngentèni aku kabèh ana ing Troas.
6 Nanging sawusé riyaya Roti Tanpa Ragi, aku kabèh padha budhal lelayaran saka Filipi lan sajroné limang dina tekan Troas sarta ketemu karo sadulur-sadulur mau kabèh. Ana ing kono aku padha nginep pitung dina.
7 Nalika ing dina kapisan ing minggu iku, aku padha nglumpuk nyuwil-nyuwil roti. Paulus reraosan karo para sadulur tunggal pracaya ing kono, jalaran karsané arep bidhal ésuké. Anggoné ngandikan iku nganti tengah wengi.
8 Ing kamar ndhuwur kang padha dakanggo kumpulan iku, akèh lampuné.
9 Ing kono ana wong nom-noman jenengé Éutikhus, linggih ing cendhéla. Sarèhné Paulus suwé banget anggoné ngandikan, wong anom mau ora bisa nahan ngantuké, wasana kebacut turu, temahan tiba saka tingkat telu. Bareng digotong, wong mau wus mati.
10 Nanging Paulus banjur mandhap, ngrungkebi wong anom iku, dirangkul kalawan ngandika, "Aja padha kuwatir, wong iki isih urip."
11 Bareng wangsul minggah, Paulus banjur nyuwil-nyuwil roti lan dhahar, isih ngandikan manèh nganti suwé, nganti mèh ésuk, banjur bidhal.
12 Déné wong-wong padha ngeteraké wong nom-noman kang wus urip mau mulih, temahan kabèh padha banget anggoné kalipur.
13 Aku padha ndhisiki nunggang kapal lan lelayaran menyang Asos. Ana ing kono anggonku bakal padha methuk Paulus, awit piwelingé mangkono, déné panjenengané piyambak ngarsakaké tindak miyos ing dharatan.
14 Bareng wis kepanggih karo aku kabèh ana ing Asos, banjur kadhèrèkaké menyang kapal, tumuli mbacutaké lelayaran menyang Mètiléné.
15 Sawusé bidhal saka kono, ésuké tekan sangarepé pulo Khios. Ing dina candhaké aku padha menyang Samos lan let sadina manèh tekan Milétus.
16 Paulus wus ngrancang ora bakal pinarak ing Éfesus supaya aja kesuwèn ana ing Asia. Sabab karsané ngénggalaké tindaké, supaya sabisa-bisa ing dina riyaya Péntakosta wis rawuh ing Yérusalèm.
17 Marga saka iku Paulus banjur utusan wong saka Milétus menyang Éfesus nimbali para pinituwané pasamuwan.
18 Satekané padha dingandikani mangkéné, "Kowé padha sumurup, kepriyé anggonku tetepungan karo kowé wiwit tekaku ana ing Asia iki;
19 anggonku kalawan andhap-asor ngabdi marang Gusti. Sajroning pangabdi iku aku kerep banget ngetokaké eluh nganti crocosan sarta ngalami pangrantamé wong Yahudi pirang-pirang, kang arep matèni aku.
20 Sanadyan mangkono, aku ora tau nglirwakaké apa kang migunani tumrap kowé kabèh. Kabèh wus dakcaritakaké lan dakwulangaké marang kowé, ana ing sangarepé wong akèh utawa ana ing pakumpulan-pakumpulan ing omahmu;
21 aku tansah ngyakinaké marang wong-wong Yahudi lan Yunani, supaya padha mratobat marang Allah sarta padha pracaya marang Gusti kita Yésus.
22 Nanging ing saikiné aku lelungan menyang Yérusalèm kayadéné tawanané Roh, aku ora ngerti apa kang bakal kelakon tumraping aku ana ing kana,
23 kejaba kang diwedharaké déning Roh Suci marang aku ana ing saben kutha, yèn aku bakal kinunjara lan sinangsara.
24 Ananging aku sathithik baé ora mreduli marang nyawaku, angger aku bisa tekan garis pungkasaning lakuku lan ngrampungaké bubuhan kang kaparingaké marang aku déning Gusti Yésus, iya iku neksèni bab Injilé sih-rahmating Allah.
25 Apadéné saiki aku sumurup, yèn kowé bakal padha ora weruh aku manèh, kowé kabèh kang wis padha dakparani supaya dakwartani bab Kratoning Allah.
26 Mulané ing dina iki, aku pratéla marang kowé kalawan temen-temen, menawa aku resik, ora kalèpètan getihé sapa baé.
27 Sabab aku ora nglirwakaké ing bab martakaké sakèhing karsané Allah marang kowé.
28 Mulané awakmu sarta pepanthan kabèh padha reksanen, amarga kowé kang padha dipiji déning Roh Suci dadi pamong kang kakarsakaké ngengon pasamuwaning Allah kang kadarbé sarana rahé piyambak.
29 Aku sumurup, yèn saungkurku bakal ana asu ajag kang galak kang padha nekani kowé lan kang ora ngéman marang pepanthan mau.
30 Malah saka ing antaramu bakal ana wong kang padha muncul lan mulangaké prakara kang palsu, pamurihé supaya bisa nggèndèng para murid saka dalan kang bener tuwin banjur padha nganut marang wong-wong mau.
31 Mulané padha diwaspada lan padha diéling, yèn aku telung taun lawasé, anggonku rina-wengi ora kendhat-kendhat kalawan eluh mituturi marang kowé dhéwé-dhéwé.
32 Déné saiki kowé padha dakpasrahaké marang Gusti lan pangandikaning sih-rahmaté, kang kwasa mbangun kowé lan ngganjar marang kowé warisan kang katamtokaké tumrap wong kabèh kang wis kasucèkaké déning Panjenengané.
33 Pérak, emas utawa sandhangan, aku ora tau kepéngin, saka sapa baé.
34 Kowé dhéwé padha sumurup, yèn kalawan tanganku dhéwé anggonku nyambut-gawé, amrih bisané olèh apa kang dadi kabutuhanku sarta kabutuhané para kang padha mèlu aku.
35 Tumrap ing sadhéngah prakara aku wis awèh tuladha marang kowé, yèn wong padha kuwajiban nyambut-gawé mangkono kagawé mbiyantu wong-wong kang sèkèng sarta kudu éling marang pangandikané Gusti Yésus, sabab Panjenengané piyambak wis ngandika: Luwih begja wong wèwèh, katimbang karo nampani."
36 Sawisé ngandika mangkono Paulus banjur jèngkèng lan ndedonga bebarengan karo wong-wong mau kabèh.
37 Wong kabèh padha nangis sesenggrukan lan banjur padha ngrangkul Paulus kalawan ngambungi bola-bali.
38 Kabèh padha susah, apa manèh marga ana pangandikané, yèn bakal padha ora sumurup marang pasuryané manèh. Nuli padha nguntapaké panjenengané menyang kapal.