1 Anadéné mungguh prajanjian kang wiwitan iku uga pancèn ana pranatan-pranatané bab pangibadah sarta bab pasucèn gawéané manungsa.
2 Jalaran ana kémah kang kapasang, yaiku pérangan kang ngarep dhéwé lan ing kono ana cagak padamaran sarta méja kanggo roti caosan. Pérangan iku kaaranan pasucèn.
3 Ing samburiné geber kang kapindho ana kémahé manèh siji kang diarani pasucèn pinunjul.
4 Ing kono ana misbyahé padupan emas sarta pethi prajanjian kang kalapis emas warata; ing njeroné ana guci emas isi manna sarta teken kagungané Harun kang wis tau semi sarta watu blèbèkan kang isi prajanjian,
5 lan ing sandhuwuré ana kerubé kamulyan loro kang ngaubi tutup pangruwatan. Nanging prakara iki ing samengko ora bisa kacaritakaké kanthi wijang.
6 Iya mangkono iku anggoné mranata papan kang suci iku. Dadiné para imam tansah lumebu ing pérangan kémah kang ngarep dhéwé prelu nindakaké pangibadahé,
7 nanging ing kémah kang kapindho iku mung dilebeti imam agung piyambak setaun sapisan, lan kudu ngasta getih kang kacaosaké marga saka sarirané piyambak sarta marga saka panerak-paneraking umaté kang ora kajarag.
8 Kalawan mangkono iku Roh Suci anggoné nélakaké menawa dalan menyang papan suci durung kawengakaké, salawasé kémah kang ngarep iku isih ana.
9 Iku minangka pasemon tumrap jaman saiki. Cundhuk karo iku ana kurban lan pisungsung kang kasaosaké, kang ora bisa ndadèkaké sampurna tumrap rumangsaning atiné wong-wong kang padha nyaosaké,
10 nanging mung magepokan karo bab pangan, ombèn-ombèn sarta cara sesuci rupa-rupa, yaiku pranatan-pranatan tata-lair kang mung tumindak nganti tumekané jaman samubarang kaanyaraké.
11 Ananging Kristus wis rawuh jumeneng Imam Agung tumrap prakara-prakara becik kang bakal kelakon; Panjenengané wis nglangkungi kémah kang luwih gedhé lan luwih sampurna, kang ora kayasa déning tangané manungsa, -- tegesé dudu panunggalané kang tumitah iki --,
12 sarta Panjenengané wis lumebet ing pasucèn sapisan kanggo salawas-lawasé, ora ngasta getihé wedhus lanang sarta getihé pedhèt, nanging ngasta rahé piyambak. Lan marga saka iku Panjenengané wis ngangsalaké tebusan kang langgeng.
13 Jalaran, menawa getihé wedhus lanang sarta getihé sapi lanang lan kepyuraning awuné pedhèt iku ndadèkaké suciné wong kang najis, satemah padha kasucèkaké tata-lair,
14 méndahané manèh rahé Kristus, kang marga déning Roh kang langgeng wis ngurbanaké sarirané piyambak konjuk ing Allah minangka pisungsung kang tanpa cacad, iku bakal nucèkaké rumangsaning ati kita saka panggawé kang tanpa guna, supaya kita bisa ngabekti marang Allah kang gesang.
15 Mulané Panjenengané jumeneng Pantawisé prajanjian anyar, supaya wong-wong kang wis katimbalan padha bisa tampa warisan langgeng kang kaprasetyakaké, amarga wis ana kang séda kanggo nebus panerak-panerak kang ditindakaké sajroning prajanjian kang kawitan.
16 Jalaran menawa ana layang wasiyat, ing kono iya kudu ana katrangan kang mratélakaké matiné kang gawé wasiyat iku.
17 Sabab layang wasiyat iku lagi sah, menawa kang gawé wasiyat iku wis tilar donya, sabab wasiyat iku ora kena katindakaké, sajroné kang gawé wasiyat mau isih urip.
18 Iya iku sababé, prajanjian kang kawitan ora dianggep sah menawa tanpa getih.
19 Sabab nalika Musa wis ndhawuhaké sakèhing pepakon miturut angger-anggering Torèt marang umat kabèh, banjur mendhet getihé pedhèt lan getihé wedhus lanang sarta banyu lan wulu abang sarta isop, banjur dikepyuraké piyambak ing kitab iku sarta marang umat kabèh,
20 kalawan ngandika, "Iki getihing prajanjian kang katetepaké déning Allah tumrap kowé."
21 Mangkono uga kémahé lan sakèhé piranti kang kanggo ing pangibadah iya padha dikepyuri getih.
22 Sarta mèh samubarang kabèh karesikaké sarana getih manut angger-anggering Torèt, sarta ora ana pangapura menawa tanpa wutahing getih.
23 Dadiné, samubarang kang dadi lambangé kabèh kang ana ing swarga iku kudu kasucèkaké kalawan patrap mangkono, nanging barang-barang kaswargan dhéwé kasucèkaké sarana kurban-kurban kang luwih becik katimbang iku.
24 Sabab Kristus ora lumebet ing pasucèn gawéaning tangané manungsa kang mung dadi gegambarané kang sejati, nanging lumebet ing swarga piyambak prelu sowan ing ngarsané Allah kanggo kapreluwan kita.
25 Panjenengané ora prelu bola-bali lumebet ngurbanaké sarirané piyambak, kayadéné imam agung kang saben taun lumebet ing pasucèn ngasta getih kang dudu rahé piyambak.
26 Jalaran menawa mangkono, Panjenengané kudu bola-bali anggoné nandhang sangsara wiwit jagat iki dititahaké. Nanging saiki Panjenengané mung sapisan anggoné ngetingalaké sarirané, yaiku ing jaman wekasan kanggo mbirat dosa sarana ngurbanaké sarirané piyambak.
27 Kayadéné manungsa anggoné katetepaké mati mung sapisan baé, lan sawisé iku diadili,
28 mangkono uga Kristus iya mung sapisan baé anggoné ngurbanaké sarirané kanggo nanggel dosané wong akèh. Sawisé iku, Panjenengané bakal ngatingalaké sarirané kang kaping pindhoné ora kanggo nanggel dosa, nanging kanggo maringaké karahayon marang wong kang padha nganti-anti Panjenengané.