1 Mulané, para Sadulur kang suci, kang padha olèh pandumaning timbalan kaswargan, padha nggatèkna marang Yésus, Rasul sarta Imam Agung kang kita akoni,
2 kang setya marang Panjenengané kang wis njumenengaké, kayadéné Musa uga setya ing padalemané Allah kabèh.
3 Jalaran Panjenengané sembada kaparingan kamulyan kang ngluwihi Musa, padha kayadéné kang gawé omah luwih kajèn katimbang omah yeyasané.
4 Amarga saben omah digawé déning ahliné gawé omah; nanging ahli kang yasa samubarang kabèh iku Allah.
5 Musa pancèn tumemen anggoné dadi pelados ana ing padalemané Allah sakwewengkoné kabèh, dadi pelados, supaya paring paseksi mungguh apa kang ing tembé bakal dingandikakaké,
6 nanging Kristus kang jumeneng Putra iku mengku tanggel jawab kanthi setya tumrap padalemané; sarta padalemané iku kita, angger kita padha kukuh ing pracaya sarta ing pangarep-arep kang kita gung-gungaké nganti tumeka ing wekasan.
7 Jalaran saka iku, kaya kang kapangandikakaké déning Roh Suci, "Ing dina iki, menawa sira padha krungu swantené,
8 aja padha mangkotaké atinira, kaya nalika padha mbaléla, ing jaman panyoba ana ing pasamunan,
9 ing kono para leluhurira padha nyoba marang Ingsun, sarana ndadar Ingsun, sanadyan padha weruh pakaryan-pakaryaningsun, lawasé patang puluh taun.
10 Iya iku sababé Ingsun duka marang wong-wong iku sarta ngandika: Wong-wong iku tansah nasar atiné, sarta padha ora nyumurupi marginingsun,
11 temahan Ingsun supaos sajroning dukaningsun: Wong-wong iku ora bakal padha mlebu ing papan paleremaningsun."
12 Para Sadulur, padha diwaspada, supaya ing antaramu aja ana kang kadunungan ati ala sarta ora pracaya satemah murtad saka Allah kang gesang.
13 Nanging padha éling-ingélingna ing sadina-dina sajroné isih bisa diarani "dina iki", supaya panunggalanmu aja ana kang dadi wangkot atiné, marga saka pamblithuking dosa.
14 Jalaran kita wis padha olèh panduman ana ing Kristus, angger kita padha ngukuhi ing keyakinaning pracaya kita kang wiwitan, nganti tumeka ing wekasan.
15 Nalika kapangandikakaké, "Ing dina iki, menawa sira krungu swantené, aja padha mangkotaké atinira, kaya nalika padha mbaléla."
16 Sapa ta kang memungu dukaning Allah, sanadyan padha krungu swantené? Apa iku dudu wong-wong kang padha metu saka Mesir kairid déning Musa?
17 Sarta sapa kang dibendoni déning Panjenengané lawasé patang puluh taun? Apa dudu wong-wong kang padha nglakoni dosa sarta kang jisimé padha pating glimpang ana ing pasamunan?
18 Sapa kang wis disupaosi yèn bakal ora padha lumebu ing papan paleremané? Apa dudu wong-wong kang padha ora mbangun-turut iku?
19 Dadiné kita padha sumurup, menawa wong-wong iku padha ora bisa lumebu amarga padha ora pracaya.

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: Ibrani 3
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: Ibrani 3

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke