1 Wasana Sadulur-sadulurku, padha bungaha ana ing patunggilané Gusti. Tumraping aku ora ana angèlé nulis manèh lan awèh katemtuan bab iki marang kowé.
2 Dipadha ngati-ati tumraping asu-asu, dipadha ngati-ati karo wong-wong kang nglakoni panggawé ala, dipadha ngati-ati karo para juru tetak.
3 Awit iya kita iki wong tetakan, kang padha ngabekti marga saka Rohé Allah lan mongkog ana ing Kristus Yésus lan ora ngandelaké prakara-prakara tata-lair,
4 sanadyan aku uga duwé dhasar kanggo ngandelaké prakara-prakara tata-lair. Yèn ana wong liya rumangsa bisa ngandelaké prakara-prakara tata-lair, aku iki luwih manèh:
5 Ditetaki ing dina kang kawolu, trahé bangsa Israèl, saka taler Bènyamin, wong Ibrani tulèn, tumrap wawasan bab angger-anggering Torèt aku wong Farisi,
6 mungguhing panggawé, aku iki tukang nguya-uya pasamuwan, ing bab netepi angger-anggering Torèt aku tanpa cacad.
7 Nanging apa kang biyèn dadi kabegjan tumraping aku, saiki dakanggep kapitunan marga saka Kristus.
8 Malah samubarang kabèh dakanggep kapitunan, marga wanuh marang Kristus Yésus, Gustiku, kang mulyané ngungkuli iku mau kabèh. Iya marga saka Panjenengané iku aku wis mbuwang samubarang kabèh iku lan dakanggep uwuh, supaya aku olèh Kristus
9 lan dumunung ana ing Panjenengané, iku ora jalaran aku bener marga netepi angger-anggering Torèt, nanging aku bener marga saka pracaya marang Kristus, yaiku kayektèn kang kaparingaké déning Allah adhedhasar pracaya.
10 Kang dakkarepaké yaiku wanuh marang Panjenengané lan dayaning wunguné sarta nunggal ing sajroning sangsarané, temahan aku dadi madha-rupa karo Panjenengané ana ing sédané,
11 supaya wekasané aku olèh patangèn saka ing antarané wong mati.
12 Ora kok kaya-kaya aku wis kadunungan bab iki utawa wis sampurna, nanging iku dakoyak, mbokmenawa bisa kecandhak, awit aku iya wus dicandhak déning Kristus Yésus.
13 Para Sadulur, aku dhéwé ora rumangsa menawa aku wis bisa nyandhak, nanging iki kang daktindakaké: Kalawan nglalèkaké apa kang wis ana ing samburiku sarta ngener marang apa kang ana ing sangarepku,
14 lan aku lumayu nuju marang tujuan supaya olèh ganjaran, yaiku timbalan kaswargan kang saka ing Allah ing sajroné Kristus Yésus.
15 Awit saka iku payo kita, kang padha sampurna iki duwéa pikiran kang mangkono. Lan menawa tumraping salah sawijining prakara panemumu séjé, Allah kang bakal nélakaké prakara iku marang kowé.
16 Mung baé tataraning pangertèn kang wus kita gayuh iku terusna nurut dalan kang wus kita liwati.
17 Para Sadulur, padha nulada marang aku lan gatèkna wong kang lakuné padha kaya aku kabèh, kang padha dadi tuladhamu.
18 Awit, kaya kang wis kerep banget dakkandhakaké marang kowé kabèh, lan kang saiki dakpratélakaké manèh kalawan nangis, akèh wong kang uripé dadi satruning salibé Kristus.
19 Wekasané wong-wong iku nemahi karusakan, kang dadi allahé yaiku wetengé, kang dadi kamulyané yaiku kanisthané, pangangen-angené mung tumuju marang prakara kadonyan.
20 Sabab kita iki wargané swarga lan saka kono uga kita nganti-anti Gusti Yésus Kristus kang jumeneng Juruwilujeng,
21 kang bakal nyantuni badan kita kang nistha iki, temahan dadi madha-rupa karo sarirané kang mulya, manut pangwaosé kang bisa nelukaké samubarang kabèh marang Panjenengané.

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: Filipi 3
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: Filipi 3

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke