1 Ana ing ngarsané Allah lan Kristus Yésus kang bakal ngadili wong kang urip lan kang mati, aku pitutur marang kowé ing satemené, demi rawuhé sarta demi Kratoné.
2 Kowé nggelarna pangandika, samektaa ing waktu kang becik utawa kang ora becik, nuduhna apa kang salah, ngélingna lan mituturana kalawan sakèhing kasabaran lan piwulang.
3 Amarga bakal tumeka ing waktuné, wong bakal ora bisa nampani manèh piwulang kang becik, nanging bakal padha ngumpulaké guru-guru kang dikarepaké kanggo maremaké pepénginaning kupingé.
4 Bakal padha ngingeraké kupingé saka kayektèn lan ngrungokaké dongèng.
5 Nanging kowé, dibisa ngemudhèni awakmu ing sajroning samubarang kabèh, disabar sajroning nandhang sangsara, nindakna pagawéané juru-warta Injil, lan nglakonana kuwajibaning leladi!
6 Mungguh aku iki, getihku wis wiwit kaesokaké minangka pisungsung lan ajalku wis cedhak.
7 Aku wis mungkasi tetandhingan kang utama, aku wis tekan garis wekasan, aku wis ngantepi ing pracaya.
8 Saiki aku wis cinawisan makuthaning kayektèn, kang bakal kaparingaké marang aku déning Gusti, Hakim kang adil, ing titi-mangsané; nanging ora mung kanggo aku baé, malah uga kanggo sakèhing wong kang padha cecengklungen marang rawuhé.
9 Udinen supaya kowé énggal bisa nemoni aku,
10 Démas wis ninggal aku awit kepéncut marang donya iki, lan wis mangkat menyang Tésalonika. Krèskès wis lunga menyang Galatia lan Titus menyang Dalmatia.
11 Mung Lukas kang isih nunggal karo aku. Markus pethuken lan ajaken mréné, awit anggoné leladi migunani aku.
12 Tikhikus wis dakkongkon menyang Éfesus.
13 Yèn kowé mréné, jubah kang daktinggal ana ing Troas ing omahé Karpus iku cangkingen lan uga buku-bukuku, sing prelu dhéwé buku kang digawé saka walulang.
14 Alèksander tukang tembaga iku, wis nindakaké piala akèh marang aku. Iku bakal diwales déning Gusti miturut panggawéné.
15 Kowé uga sing waspada marang wong iku, awit banget anggoné nglawan piwulang kita.
16 Nalika aku ngaturaké panjawab ing pengadilanku kang kapisan, ora ana wong siji-sijia kang mbélani aku, kabèh padha ninggal aku -- bab iku muga aja ditempuhaké marang wong-wong mau --
17 nanging Gusti wis ngamping-ampingi aku lan nyantosakaké aku, supaya lantaran aku, Injil kaundhangaké wutuh lan sakèhing wong dudu Yahudi padha ngrungokaké! Sarana mangkono, aku luwar saka cangkemé singa.
18 Gusti bakal ngluwari aku saka sarupaning panggawé ala. Panjenengané bakal milujengaké aku, nganti aku lumebu Kratoné ing swarga. Kaluhuran kagema Panjenengané ing salawas-lawasé! Amin.
19 Salam marang Priska lan Akwila lan marang brayaté Onésiforus.
20 Érastus kari ana ing Korintus lan Trofimus daktinggal lara ana ing Milétus.
21 Udinen anggonmu mréné sadurungé mangsa bedhidhing. Salam saka Ébulus lan Pudès sarta Linus lan Klaudia apadéné saka sadulur kabèh.
22 Gusti mugi nunggil ing rohmu. Sih-rahmaté nunggila ing kowé!

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: 2 Timotius 4
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: 2 Timotius 4

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke