1 Sumurupa, yèn ing dina-dina pungkasan bakal ana mangsa kang rekasa.
2 Wong bakal padha mung mikir awaké dhéwé lan karem bandha. Bakal padha umuk lan gumunggung, bakal dadi tukang mitenah, bakal wani karo wong tuwa sarta ora ngerti ngaturaké panuwun, ora mreduli marang agama,
3 ora ngerti olah-tresna, ora gelem rukun, seneng ngala-ala wong, ora bisa ngendhalèni dhiri, galak, ora seneng kang becik,
4 seneng cidra, ora mulur nalaré, kumenthus, luwih seneng nuruti hawa-napsuné katimbang nurut marang Allah.
5 Anggoné padha nindakaké pangibadah mung cara lair baé, nanging sajatiné padha nyélaki sawabé, wong-wong iku dohana!
6 Sabab ing antarané wong-wong iku ana kang padha nylimpet lumebu ing omahé wong liya lan mbebujuk wong-wong wadon kang ringkih kang kabotan dosa sarta kawengku déning hawa-napsu rupa-rupa,
7 kang sanadyan kepéngin tansah kawulang, nanging ora tau bisa sumurup marang kayektèn.
8 Padha kaya Yanès lan Yambrès anggoné padha nglawan Musa, mangkono uga wong-wong mau padha nglawan kayektèn. Pikirané bobrok lan pracayané ora sembada.
9 Nanging wong-wong iku wis mesthi ora bakal luwih maju, amarga kayadéné Yanès lan Yambrès, bodhoné iku bakal konangan déning wong kabèh.
10 Nanging kowé wis nampa lan nindakaké piwulangku, caraku urip, panemuku, pracayaku, kasabaranku, katresnanku lan katemenanku.
11 Kowé wis mèlu tampa panganiaya lan nandhang sangsara kaya kang wis dakrasakaké ing Antiokhia lan ing Ikonium sarta ing Listra. Sakèhing panganiaya iku daklakoni lan Gusti wis ngluwari aku saka iku kabèh.
12 Pancèn saben wong kang nedya urip kalawan nindakaké pangibadah ing sajroné Kristus Yésus, iku bakal tampa panganiaya.
13 Déné wong ala lan culika iku alané bakal saya ndadra, padha nasaraké lan disasaraké.
14 Nanging kowé ngantepana kayektèn kang wis koktampa lan kokyakini, kalawan tansah éling marang wong kang wis mulangaké iku marang kowé.
15 Élinga uga, yèn wiwit cilik kowé wis wanuh Kitab Suci, kang bisa ngolèhaké kawicaksanan marang kowé lan nuntun kowé marang karahayon marga saka pracaya marang Kristus Yésus.
16 Sakèhing tulisan ing Kitab Suci iku kawangsitaké déning Allah lan migunani kanggo memulang, kanggo melèhaké kaluputan, kanggo mbangun kelakuan tuwin kanggo nggulawenthah wong sajroning kayektèn.
17 Marga saka mangkono saben wong kagungané Allah iku disamektani kanggo nindakaké sakèhing panggawé becik.