1 Sarèhné aku wis padha ora betah ngampet kangenku, mulané aku padha sarujuk yèn aku dhéwé kèri ana ing Aténa,
2 banjur padha kongkonan Timotius, sadulur kita tunggal pracaya lan kanca tunggal pakaryané Allah bab martakaké Injilé Kristus, supaya nyantosakaké atimu lan mituturi kowé kabèh bab pracayamu,
3 murih aja ana wong kang goyah pracayané marga saka kasusahan-kasusahan iki. Kowé dhéwé padha sumurup, yèn kita iki padha kagadhang mangkono.
4 Amarga, uga nalika aku isih padha ana ing antaramu, kowé wis padha dakkandhani, menawa kita bakal padha ngalami panguya-uya. Lan kaya kang wis padha koksumurupi, iku mau wis kelakon.
5 Iya iku sababé, nalika wis ora betah manèh, aku nuli kongkonan Timotius, supaya aku sumurup bab pracayamu, jalaran aku kuwatir, menawa kowé wis padha kacoba déning si panggodha sarta menawa pambudi-dayaku kabèh dadi tanpa guna.
6 Nanging saiki, bareng Timotius wis bali saka panggonanmu kalawan nggawa kabar kang mbungahaké bab pracayamu lan katresnanmu, apadéné bab anggonmu padha tansah ngéling-éling apa kang becik ing ngatasé aku kabèh lan bab anggonmu kepéngin ketemu karo aku kabèh, kayadéné anggonku kabèh uga padha kepéngin ketemu karo kowé,
7 mulané, para Sadulur, ana ing sajroning panganiyaya lan sangsara, aku padha kalipur marga saka kowé lan marga saka pracayamu.
8 Saiki aku padha krasa urip manèh, anggeré kowé padha tetep-mantep ana ing Gusti.
9 Amarga apa ta kang padha kena daksaosaké marang Allah minangka panuwun sokur tumrap sakèhing kabungahan kang wis padha daktampani marga saka kowé kabèh ana ing ngarsané Allah kita?
10 Rina-wengi aku padha ndedonga kanthi adreng, supaya bisa ketemu adu-arep karo kowé lan nyampurnakaké kakuranganing pracayamu.
11 Muga-muga Panjenengané, Allah lan Rama kita, sarta Yésus, Gusti kita, karsa paring wewengan marang aku kabèh, supaya padha bisa ketemu kowé.
12 Muga Gusti karsa ndadèkaké saya wuwuh lan lubèring katresnanmu marang padha sadulur lan marang wong kabèh, padha kaya anggonku iya padha nresnani kowé.
13 Muga Panjenengané karsa nyantosakaké atimu, supaya tanpa cacad lan suci ana ing ngarsané Allah lan Rama kita, samangsa rawuhé Yésus, Gusti kita, ginarebeg sakèhing para suci kagungané.

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: 1 Tesalonika 3
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: 1 Tesalonika 3

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke