1 nanging Yésus tindak menyang gunung Zaitun.
2 Bareng wayah bangun ésuk Panjenengané rawuh manèh ing Padaleman Suci, lan wong kabèh padha sowan ing ngarsané; Panjenengané banjur lenggah mulang wong-wong iku.
3 Para ahli Torèt lan para Farisi tumuli padha ngajokaké marang Panjenengané wong wadon kang kacekel nalika laku bandrèk.
4 Wong-wong iku padha mapanaké wong wadon mau ana ing tengah, banjur padha matur marang Yésus, "Rabbi, tiyang èstri punika kacepeng nalika saweg lampah bandrèk.
5 Musa ndhawuhaken dhateng kita wonten ing angger-anggering Torèt, supados tiyang-tiyang èstri ingkang makaten punika dipun benturana séla. Ingkang punika kadospundi pamanggih Panjenengan?"
6 Wong-wong mau padha munjuk mangkono kanggo nyoba Panjenengané, supaya olèh jalaran kanggo nglepataké Panjenengané. Nanging Yésus tumungkul banjur nyerat ing lemah kalawan racikané.
7 Bareng wong-wong mau ora uwis-uwis olèhé padha takon, Panjenengané nuli jumeneng sarta ngandikani wong-wong mau, "Sapa ing antaramu kang tanpa dosa, iku miwitana mbenturi wong wadon iku nganggo watu."
8 Panjenengané banjur tumungkul manèh sarta nyerat ing lemah.
9 Ananging sawisé wong-wong mau krungu pangandika iku, tumuli padha lunga mbaka siji, wiwit saka kang tuwa dhéwé. Wekasané kari Yésus piyambak lan wong wadon kang isih tetep ana ing kono.
10 Yésus tumuli jumeneng, sarta ngandika marang wong wadon iku, "Hé, wong wadon, ana ing ngendi wong-wong mau? Apa ora ana kang ngukum kowé?"
11 Atur wangsulané, "Mboten wonten, Gusti." Yésus banjur ngandika, "Aku uga ora ngukum kowé. Lungaa, lan wiwit saiki aja gawé dosa manèh!"
12 Yésus paring dhawuh manèh marang wong akèh, "Aku iki pepadhanging jagat; sapa kang ngetut-buri Aku, ora bakal lumaku ana ing pepeteng, nanging bakal nduwèni pepadhanging urip."
13 Unjuké para Farisi, "Panjenengan neksèni sarira panjenengan piyambak, paseksi punika mboten leres."
14 Dhawuh wangsulané Yésus marang wong-wong mau, "Sanadyan Aku neksèni awakku dhéwé, nanging paseksiku iku nyata, amarga Aku mangerti sangkan-paranku. Nanging kowé padha ora mangerti sangkan-paranku iku.
15 Anggonmu padha ngadili iku nganggo ukuraning manungsa, Aku ora ngadili wong siji-sijia,
16 lan menawa Aku ngadili, anggonku ngadili iku bener, amarga Aku ora ijèn, nanging Aku bebarengan karo Panjenengané kang ngutus Aku.
17 Ing sajroning Torètmu wus katulis, yèn paseksiné wong loro iku sah.
18 Aku kang neksèni mungguh awakku dhéwé, lan Rama kang ngutus Aku, iya neksèni mungguh ing Aku."
19 Wong-wong mau padha munjuk, "Rama Panjenengan wonten ing pundi?" Paring wangsulané Yésus, "Kowé padha ora wanuh marang Aku lan Ramaku. Menawa kowé wanuh marang Aku, mesthi iya wanuh marang Ramaku."
20 Pangandika mau kadhawuhaké Yésus, nalika Panjenengané paring piwulang ana ing Padaleman Suci, sacedhaké panggonan caos pisungsung. Lan ora ana wong siji-sijia kang nyekel Panjenengané, amarga durung tumeka ing wektuné.
21 Yésus tumuli ngandika manèh marang wong golongan, "Aku iki bakal lunga, lan kowé bakal padha nggolèki Aku, nanging kowé bakal padha mati sajroning dosamu. Aku lunga menyang papan kang kowé padha ora bisa mrana."
22 Pangucapé wong-wong Yahudi, "Apa panjenengané iku arep ngendhat, déné kagungan pangucap: Ing ngendi paranku, kowé padha ora bisa mrana?"
23 Pangandikané Yésus, "Pinangkamu iku saka ngisor, Aku iki saka ngaluhur, pinangkamu saka ing donya iki, nanging Aku ora saka ing donya iki.
24 Mulané Aku mau pitutur marang kowé, menawa kowé bakal padha mati sajroning dosamu. Amarga menawa kowé padha ora ngandel yèn Aku iki Panjenengané, kowé bakal padha mati sajroning dosamu."
25 Pangucapé wong-wong mau, "Panjenengan punika sinten?" Yésus paring wangsulan, "Apa gunané rembugan manèh karo kowé kabèh?
26 Mungguh ing kowé, akèh prakara kang kudu dakdhawuhaké lan dakadili, nanging Panjenengané kang ngutus Aku iku bener, apa kang dakrungu saka Panjenengané, iku kang dakdhawuhaké marang jagat."
27 Wong-wong kang kadhawuhan iku ora mangerti menawa Panjenengané ngandikaké bab Sang Rama.
28 Mulané Yésus ngandika, "Bésuk samangsa kowé wus nyengkakaké Putraning Manungsa, nuli kowé lagi bakal padha mangerti yèn Aku iki Panjenengané, sarta ora nglakoni apa-apa saka karepku dhéwé, nanging apa kang dakwarahaké iku miturut kaya anggonku wis diwulang déning Ramaku.
29 Kang ngutus Aku iku nunggil karo Aku. Panjenengané ora marengaké Aku ijèn, awit Aku tansah nglakoni kang dadi karsané."
30 Bareng Yésus wus ngandika bab iku mau kabèh, wong akèh padha pracaya marang Panjenengané.
31 Yésus banjur ngandika marang wong-wong Yahudi kang padha pracaya, dhawuhé, "Menawa kowé padha ngantepi pituturku, kowé sanyata padha dadi muridku,
32 sarta bakal padha ngerti kayektèn, lan kayektèn iku bakal mardikakaké kowé."
33 Wong-wong mau padha mangsuli, "Kula sami tedhak-turunipun Abraham, lan dèrèng naté ngawula dhateng sok tiyanga; kadospundi Panjenengan ngandika: Kowé bakal padha mardika?"
34 Yésus paring wangsulan, pangandikané, "Satemené Aku pitutur marang kowé: Saben wong kang nglakoni dosa iku dadi baturé dosa.
35 Anadéné batur iku pamanggoné ora tetep ana ing omah, nanging Putra iku pamanggoné tetep ana ing omah salawasé.
36 Kang iku menawa Kang Putra wus mardikakaké kowé, kowé iya padha mardika temenan."
37 "Aku mangerti menawa kowé iku tedhak-turuné Abraham, nanging kowé padha ngarah matèni Aku, awit pituturku ora olèh papan ana ing kowé.
38 Apa kang wis dakdeleng mungguh ing Ramaku, iya iku kang dakucapaké. Mangkono uga kowé, padha nglakoni apa kang kokrungu saka bapakmu."
39 Wong-wong Yahudi padha mangsuli, unjuké, "Rama kula punika Abraham." Pangandikané Yésus, "Menawa kowé padha dadi putrané Abraham, kowé mesthi padha nglakoni apa kang katindakaké déning Abraham.
40 Nanging kang koktindakaké yaiku ngarah matèni Aku, wong kang wus nglairaké kayektèn marang kowé, yaiku kayektèn kang wus dakrungu saka Allah; panggawé kang kaya mangkono iku ora katindakaké déning Abraham.
41 Kowé kabèh padha nglakoni paggawéné bapakmu dhéwé." Unjuké wong-wong mau, "Lair kula punika mboten saking bédhang. Kula sami gadhah Rama satunggal inggih punika Allah."
42 Pangandikané Yésus, "Menawa Allah iku Ramamu, kowé mesthi padha tresna marang Aku, awit Aku mijil saka ing Allah, saiki Aku ana ing kéné. Apa manèh tekaku iku ora saka karepku dhéwé, nanging saka Panjenengané kang ngutus Aku.
43 Sabab apa kowé padha ora mangerti tembungku? Iku awit kowé padha ora bisa nyandhak pituturku.
44 Kowé mijil saka bapakmu, yaiku Iblis, lan kowé padha seneng nglakoni kekarepané bapakmu iku. Mangka iku tukang matèni wong wiwit wiwitan mula, sarta ora urip sajroning kayektèn, awit kayektèn iku ora dumunung ing bapakmu. Samangsa ngucapaké goroh, pangucapé iku saka awaké dhéwé, amarga pancèn iku tukang goroh lan bapakné sakèhing goroh.
45 Nanging sarèhné Aku iki mituturaké kayektèn marang kowé, kowé padha ora ngandel marang Aku.
46 Sapa panunggalanmu kang mbuktèkaké menawa Aku tumindak dosa? Menawa Aku ngandhakaké kayektèn, sabab apa kowé ora pracaya marang Aku?
47 Sapa baé kang mijil saka Allah, iku mesthi ngrungokaké pangandikané Allah; kowé iku padha ora ngrungokaké, awit kowé ora mijil saka Allah."
48 Wong-wong Yahudi padha mangsuli, aturé, "Rak ya bener ta kandhaku, yèn kowé iku wong Samaria kang kepanjingan sétan?"
49 Yésus paring wangsulan, "Aku ora kapanjingan dhemit, nanging Aku ngluhuraké Ramaku sarta kowé padha ora ngajèni Aku.
50 Nanging Aku ora ngudi marang kaluhuranku: Ana siji kang ngupaya lan Panjenengané iku uga kang ngadili.
51 Satemené Aku pitutur marang kowé: Sapa kang netepi ing pituturku iku ora bakal ngalami mati ing salawas-lawasé."
52 Pangucapé wong-wong Yahudi, "Saiki aku padha mangerti yèn Kowé iku kapanjingan sétan. Sabab Abraham wus séda, mangkono uga para nabi, mangka Kowé iku duwé pangucap: Sapa baé kang netepi ing pituturku, bakal ora ngalami mati ing salawas-lawasé.
53 Kowé apa ngungkuli leluhurku Abraham kang wus séda! Para nabi iya wus padha séda; Kowé iku ngaku-aku sapa, ta?"
54 Yésus paring wangsulan, pangandikané, "Menawa Aku ngluhuraké awakku dhéwé, kaluhuranku iku ora ana gunané sathithik-thithika. Ramaku iku kang ngluhuraké Aku, iya Panjenengané iku kang koksebut Allahmu.
55 Mangka kowé padha ora wanuh marang Panjenengané, nanging Aku wanuh marang Panjenengané. Saupama Aku muni yèn ora wanuh, Aku dadi wong goroh padha kaya kowé. Nanging Aku wanuh marang Panjenengané, sarta netepi pangandikané.
56 Abraham leluhurmu rena panggalihé déné bakal nguningani dinaku, lan iya wis nguningani sarta ndadèkaké bingahé."
57 Pangucapé wong-wong Yahudi sabanjuré, "Umurmu durung nganti sèket taun, kepriyé anggonmu wis weruh Abraham?"
58 Paring wangsulané Yésus, "Satemen-temené Aku pitutur marang kowé: Sadurungé Abraham ana, Aku wis ana."
59 Ing kono wong-wong banjur padha njupuki watu, arep mbenturi Panjenengané; nanging Panjenengané ngilang, sarta nilar Padaleman Suci.