1 Bareng Yésus pirsa yèn wong Farisi wus padha krungu pawarta menawa Panjenengané olèh murid sarta anggoné mbaptis luwih akèh katimbang Yohanes,
2 sanadyan dudu Yésus piyambak kang mbaptis, nanging para sakabaté
3 Panjenengané tumuli nilar Yudéa, tindak wangsul menyang Galiléa.
4 Panjenengané kudu nglangkungi Samaria.
5 Banjur rawuh ing sawijining kutha ing Samaria, kang aran Sikhar, cedhak karo palemahan kang biyèn diparingaké déning Yakub marang Yusuf, putrané.
6 Ing kono ana sumuré Yakub. Yésus kraos sayah saka anggoné tindak, banjur lenggah ana pinggiring sumur kono. Nalika samana kira-kira jam rolas.
7 Tumuli ana wong wadon Samaria teka arep ngangsu. Yésus ngandika marang wong mau, "Aku wènèhana ngombé!"
8 Déné para sakabaté wus padha menyang kutha tuku pangan.
9 Wong wadon Samaria mau banjur munjuk, "Kadospundi Panjenengan, tiyang Yahudi kok mundhut ngunjuk dhateng kula tiyang Samaria?" (Awit wong Yahudi ora srawung karo wong Samaria.)
10 Yésus paring wangsulan, pangandikané, "Menawa kowé mangerti ing peparingé Allah, lan sapa Panjenengané kang ngandika marang kowé: Aku wènèhana ngombé, mesthi kowé kang nyuwun marang Panjenengané, banjur kowé diparingi banyu urip."
11 Unjuké wong wadon mau, "Gusti, Panjenengan mboten kagungan timba, mangka sumuripun lebet, saking pundi anggèn Panjenengan angsal toya gesang menika?
12 menapa Panjenengan nglangkungi leluhur kula Yakub ingkang maringaken sumur menika dhateng bangsa kula. Panjenenganipun ugi ngunjuk saking sumur menika, samanten ugi para putra dalah kéwanipun."
13 Yésus paring wangsulan, pangandikané, "Sapa baé kang ngombé banyu iki bakal ngelak manèh,
14 nanging sapa baé kang ngombé banyu pawèwèhku, bakal ora ngelak ing salawas-lawasé. Malah banyu pawèwèhku mau ana ing jeroné wong iku bakal dadi sumber, kang mancur terus tumeka ing urip langgeng."
15 Unjuké wong wadon mau, "Gusti, kula Panjenengan paringi toya menika, supados sampun ngantos ngelak, sarta mboten sisah ngangsu mriki malih!"
16 Pangandikané Yésus, "Lungaa, undangen bojomu, nuli balia mréné!"
17 Unjuké wong wadon mau, "Kula mboten gadhah sémah." Pangandikané Yésus, "Bener kandhamu, menawa kowé ora duwé bojo.
18 Sabab anggonmu bebojoan wus ambal kaping lima, mangka kang saiki iku dudu bojomu. Pancèn bener kandhamu kang mangkono iku."
19 Unjuké wong wadon mau, "Gusti, sapunika kula sampun cetha, bilih Panjenengan menika nabi.
20 Para leluhur kula anggènipun sujud wonten redi menika, mangka Panjenengan ngandika, bilih Yérusalèm panggènanipun tiyang sami manembah."
21 Pangandikané Yésus, "Ngandela marang Aku, hé, wong wadon, bakal tumeka ing waktuné kowé padha manembah marang Allah, ora ana ing gunung iki, lan iya ora ana ing Yérusalèm.
22 Kowé iku padha manembah marang kang ora padha kokweruhi. Aku iki padha manembah marang kang padha dakweruhi. Awit karahayon iku mijilé saka bangsa Yahudi.
23 Nanging bakal ana waktuné, malah saiki wus tekan waktuné para wong manembah kang sejati iku anggoné padha manembah marang Allah ing sajroning Roh lan kayektèn, awit para wong kang kaya mangkono iku kang dikarsakaké déning Allah.
24 Allah iku Roh, lan sapa baé kang padha manembah marang Panjenengané, anggoné manembah iku kudu ing sajroning roh lan kayektèn."
25 Aturé wong wadon mau, "Kula mangertos bilih Mésias badhé rawuh, ingkang ugi kasebut Kristus; menika sarawuhipun badhé nyumerepaken samukawis dhateng kula sadaya."
26 Pangandikané Yésus, "Iya Aku iki Panjenengané kang lagi ngandikan karo kowé."
27 Nalika samana para sakabaté teka, sarta padha gumun déné Yésus imbal-pangandika karo wong wadon. Nanging ora ana siji-sijia kang munjuk, "Punapa ingkang Panjenengan karsakaken?" utawa, "Tiyang punika Panjenengan ngandikani punapa?"
28 Wong wadon mau nuli ninggal juné ana ing kono, banjur lunga menyang kutha lan crita marang wong-wong ing kono,
29 "Ayo padha delengen, ing kana ana wong kang ngandhakaké marang aku sakèhing lelakonku. Apa sajaké wong iku Kristus?"
30 Wong-wong mau tumuli padha mangkat menyang sanjabané kutha sowan marang ngarsané Yésus.
31 Nalika samana para sakabaté munjuk marang Panjenengané, aturé, "Rabbi, sumangga Panjenengan dhahar!"
32 Nanging Panjenengané paring wangsulan, pangandikané, "Aku duwé pangan kang ora padha kokmangertèni."
33 Para sakabat tumuli padha sapocapan, "Apa ana wong kang wis nyaosi dhahar marang Panjenengané?"
34 Pangandikané Yésus, "Kang dadi panganku yaiku anggonku nglakoni karsané Panjenengané kang ngutus Aku, sarta ngrampungaké ayahané.
35 Rak ana kandhamu mangkéné: Kurang patang sasi nuli panèn. Nanging Aku pitutur marang kowé: Padha delengen ing kiwa-tengenmu lan tamatna pategalan-pategalan, kang wis katon kuning iku mangsané dienèni.
36 Saiki uga kang padha derep wus tampa bawon, sarta nglumpukaké woh kang tumuju marang urip langgeng, satemah kang nyebar lan kang derep loro-loroné padha bungah.
37 Awit tumrap iki, bener bebasan kang mangkéné: Kang siji nyebar, sijiné kang ngenèni.
38 Kowé padha dakutus ngenèni kang dudu garapanmu. Wong liya kang padha nggarap, lan kowé kang padha ngundhuhi pametuning garapané."
39 Sakèhing wong Samaria ing kutha kono iku padha pracaya marang Panjenengané awit saka paseksiné wong wadon mau, "Panjenengané wus mbedhèk sakèhing lelakonku."
40 Wong-wong Samaria mau bareng wis sowan ing ngarsané Yésus, padha duwé atur panyuwun, muga karsa lereb ana ing omahé. Panjenengané iya banjur lereb ana ing kono rong dina,
41 sarta mundhak akèh manèh kang padha dadi pracaya awit saka pangandikané,
42 lan padha tutur marang wong wadon mau, "Aku wus padha pracaya ora marga saka kandhamu iku, amarga aku dhéwé wus padha ngrungokaké Panjenengané, lan aku wus padha mangerti, yèn Panjenengané iku nyata Pamartaning jagat."
43 Sawisé rong dina Yésus tindhak saka kono menyang Galiléa,
44 sabab Yésus piyambak wus neksèni yèn nabi iku ora kajèn ana ing nagarané dhéwé.
45 Sarawuhé ing Galiléa, wong-wong ing kono banjur padha nampèni Panjenengané, marga wus padha ndeleng sakèhing pandamelé ana ing Yérusalèm nalika riyaya, sabab wong-wong mau uga mèlu nekani riyaya iku.
46 Yésus tumuli rawuh manèh ing Kana, wilayah Galiléa, panggonan nalika Panjenengané ndamel banyu dadi anggur. Anadéné ing Kapèrnaum ana punggawa kraton duwé anak lanang kang lagi lara.
47 Nalika punggawa mau krungu warta menawa Yésus saka Yudéa rawuh ing Galiléa, banjur sowan Panjenengané sarta nyuwun supaya karsa rawuh nyarasaké anaké, awit anaké iku wis mèh mati.
48 Yésus ngandika marang punggawa mau, "Yèn ora ndeleng pratandha lan mukjijat, kowé ora pracaya."
49 Unjuké punggawa mau, "Gusti, mugi karsa rawuh sadèrèngipun anak kawula pejah."
50 Pangandikané Yésus, "Balia, anakmu urip." Punggawa mau pracaya marang pangandikané Yésus, banjur bali.
51 Nalika isih ana ing dalan, punggawa mau kapethuk abdi-abdiné kang padha nusul ngabari, menawa anaké urip.
52 Tumuli padha ditakoni, wayah apa anaké wiwit waras. Wangsulané, "Kala wingi siyang jam satunggal, anggènipun mantun bentèripun."
53 Bapakné mau banjur kèlingan yèn ing wayah iku dipangandikani Yésus, "Anakmu urip." Punggawa kraton mau dalah sabrayaté kabèh tumuli padha pracaya.
54 Iku pratandha kang kapindho kang katindakaké déning Yésus, nalika kondur saka Yudéa menyang Galiléa.

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: Yohanes 4
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: Yohanes 4
Studi Alkitab dengan Video LUMO, silahkan lihat LUMO Indonesia :: Yohanes

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke