1 Saka ngendi tekané pasulayan sarta cecongkrahan ing antaramu iku? Apa ora saka hawa-napsu kang tansah peprangan ana ing awakmu?
2 Kowé padha mélik sawijining barang, nanging ora kelakon, kowé banjur mematèni; kowé mèri, nanging ora kegayuh tujuanmu, kowé banjur padha padu sarta kerengan. Kowé padha ora olèh apa-apa, amarga padha ora ndedonga.
3 Utawa kowé uga padha ndedonga, nanging padha ora olèh apa-apa, amarga anggonmu ndedonga iku klèru, jalaran apa kang koksuwun iku bakal kokentèkaké kanggo ngumbar hawa-napsumu.
4 Hé wong kang padha ora setya, apa kowé padha ora sumurup, menawa memitran karo donya iku ateges sesatron karo Allah? Kang iku sapa baé kang dadi mitrané donya, iku ndadèkaké awaké dhéwé satruné Allah.
5 Aja padha duwé pangira, menawa tanpa alesan ing Kitab Suci iku ana pangandika, mangkéné, "Roh kang wis kadunungaké Allah ana ing kita, dikarsakaké kalawan cemburu."
6 Nanging sih-rahmat kang kaparingaké marang kita iku ngluwihi saka iku. Mulané Panjenengané ngandika, "Allah nglawan wong kang gumunggung, nanging maringi sih-rahmat marang wong kang andhap-asor."
7 Mulané padha tumungkula ing ngarsané Allah, sarta Iblis tanggulangana, temahan bakal lumayu saka ngarepmu!
8 Padha nyedhaka marang Allah, temah Panjenengané bakal nyelaki kowé. Tanganmu padha resikana, hé para wong dosa lan sucèkna atimu, hé wong kang atiné mangro!
9 Padha rumangsaa cilaka, padha prihatina lan nangisa; guyumu salinana tangis, sarta kabungahanmu salinana prihatin.
10 Esorna badanmu ana ing ngarsané Pangéran, sarta Panjenengané bakal ngluhuraké kowé.
11 Para Sadulur, kowé aja padha mitenah siji marang sijiné! Sapa baé kang mitenah utawa ngadili saduluré tunggal pracaya, iku nacad lan ngadili angger-angger, sarta menawa kowé ngadili angger-angger, dadiné kowé dudu kang nglakoni angger-angger, nanging dadi hakimé.
12 Mung ana siji kang yasa angger-angger sarta kang jumeneng Hakim, yaiku Panjenengané kang kwaos nylametaké sarta numpes. Nanging kowé iku sapa, déné arep ngadili pepadhamu?
13 Dadi saikiné, hé kowé kang padha duwé ujar mangkéné, "Dina iki utawa sésuk aku arep mangkat menyang kutha anu, sarta arep manggon ing kono setaun lawasé, laku dagang sarta olèh bathi",
14 mangka kowé padha ora sumurup apa kang bakal kelakon ing dina sésuk. Apa ta tegesé uripmu iku? Uripmu iku padha karo uwab, katon mung sadhéla banjur sirna.
15 Sing bener kowé kudu ngucap mangkéné, "Menawa Pangéran marengaké, aku bakal urip lan tumindak mangkéné lan mangkono."
16 Nanging saiki kowé ngegungaké umukmu. Sarta sarupané gumunggung kang mangkono iku salah.
17 Dadi sing sapa ngerti bab panggawé becik, mangka ora nglakoni, iku dosa.

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: Yakobus 4
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: Yakobus 4

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke