1 "Sira nulisa marang malaékaté pasamuwan ing Éfesus: Iki pangandikané kang ngasta lintang pepitu ing astané tengen lan kang tindak ing antarané cagak padamaran mas pepitu iku.
2 Ingsun pirsa sakèhing panggawénira, iya marang rekasanira iya marang kaantepanira. Ingsun pirsa, menawa sira ora bisa nyabari para wong duraka, lan menawa sira wus nliti wong-wong kang ngaku-aku rasul, mangka ing sanyatané dudu, menawa sira wis meruhi wong-wong iku tukang goroh.
3 Sira tetep sabar sarta nandhang sangsara marga saka asmaningsun; lan sira ora tau krasa sayah.
4 Sanadyan mangkono sira Ingsun cacad, marga sira wis ninggal katresnanira kang kawitan.
5 Mulané sira élinga sapira jeroné anggonira wis keplorod! Padha mratobata sarta nglakonana kaya panggawénira kang sakawit. Menawa ora mangkono, Ingsun mesthi bakal ngrawuhi sira, sarta Ingsun bakal mundhut cagak padamaranira saka ing panggonané, menawa sira ora mratobat.
6 Nanging iki kang dumunung ing sira, yaiku sira sengit marang tumindaking wong-wongé Nikolaus, kang uga Ingsun sengiti.
7 Sapa kang duwé kuping, ngrungokna apa kang kapangandikakaké déning Roh marang pasamuwan-pasamuwan. Sing sapa unggul, iku bakal sunparingi mangan wohing wit panguripan kang ana ing Taman Firdaus kagungané Allah."
8 "Sira nulisa marang malaékaté pasamuwan ing Smirna: Iki pangandikané Kang Wiwitan sarta Kang Wekasan, kang wus séda lan gesang manèh:
9 Ingsun pirsa kasusahanira lan kamlaratanira, -- ananging sira sugih -- apadéné pitenahé wong kang ngaku-aku wong Yahudi, mangka sanyatané dudu; kosok-baliné wong-wong iku panunggalané Iblis.
10 Sira aja wedi marang sadhéngah kasangsaran kang kudu sira sangga! Satemené Iblis bakal nglebokaké wong sawatara panunggalanira marang pakunjaran, supaya sira nampa pacoban sarta sira bakal ketaman kasusahan sapuluh dina lawasé. Sira disetya tuhu nganti tumeka ing pati, lan sira bakal sunganjar makuthaning kauripan.
11 Sapa kang duwé kuping, ngrungokna apa kang dipangandikakaké déning Roh marang pasamuwan-pasamuwan: Sing sapa unggul, iku ora bakal nandhang sangsara déning pati kang kapindho."
12 "Sira nulisa marang malaékaté pasamuwan ing Pèrgamus: Iki pangandikané kang ngasta pedhang landhep kiwa-tengen:
13 Ingsun pirsa ana ing ngendi pamanggonira, iya iku panggonan dhamparé Iblis; éwadéné sira ngugemi asmaningsun, sarta ora nyélaki pracayanira marang Ingsun, uga ora ing nalika jamané Antipas, seksiningsun, kang setya marang Ingsun kang dipatèni ana ing ngarepira, ing panggonané Iblis.
14 Ananging sira, ana sawatara kang suncacad; ing antaranira ana sawatara kang padha ngugemi piwulangé Biléam, kang ngajani Balak supaya njlomprongaké wong Israèl, supaya padha mangana sesajèné brahala sarta laku-jina.
15 Mangkono uga ing antaranira ana kang padha ngugemi piwulangé para panganuté Nikolaus.
16 Marga saka iku sira mratobata! Menawa ora mangkono, Ingsun bakal énggal ngrawuhi sira sarta Ingsun bakal nempuh perang marang wong-wong mau kalawan pedhang kang ana ing tutukingsun iki.
17 Sapa kang duwé kuping, ngrungokna apa kang dadi pangandikané Roh marang pasamuwan-pasamuwan: Sapa kang unggul, bakal sunparingi mangan manna kang piningit; sarta sunganjar watu putih, kang ing ndhuwuré katulisan jeneng anyar, kang ora kawruhan ing wong, kajaba kang nampani iku."
18 "Sira nulisa marang malaékaté pasamuwan ing Tiatira: Iki pangandikané putraning Allah, kang tingalé kaya urubing geni lan sampéyané kaya tembaga:
19 Ingsun pirsa sakèhing panggawénira: iya katresnanira, iya pracayanira, apadéné pangabdinira lan kaantepanira. Ingsun pirsa, menawa panggawénira kang wekasan iku ngluwihi kang wiwitan.
20 Nanging sira suncacad, amarga sira ngumbar Izébèl, wong wadon kang ngaku-aku nabi, memulang lan nasaraké para abdiningsun supaya laku-cabul lan mangan sesajèné brahala.
21 Ingsun wus paring waktu marang wong mau supaya mratobat, nanging ora gelem mratobat saka anggoné laku-cabul.
22 Wruhanira, wong iku bakal sungluntungaké ing paturon, sundadèkaké lara lan para kang laku-jina karo wong mau bakal suntempuhaké ing sangsara gedhé, menawa padha ora mratobat saka pratingkahé wong wadon iku.
23 Apadéné anak-anaké bakal suntumpes. Satemah sakèhé pasamuwan bakal padha mangerti yèn Ingsun iki kang nliti pikiran lan atining manungsa. Sarta Ingsun bakal males marang sawiji-wijiné panunggalanira miturut sapanggawénira.
24 Nanging sira, iya iku wong-wong liyané kang ana ing Tiatira, kang ora ngugemi piwulang iku, lan kang ora nyinau wewadining Iblis, kayadené anggoné ngarani, iku sundhawuhi, mangkéné: Ingsun ora karsa ngetrapi momotan liyané marang sira.
25 Nanging apa kang sira duwèni iku kukuhana nganti sarawuhingsun.
26 Déné sapa kang unggul lan nindakaké pakaryaningsun nganti tumeka ing wekasan, iku bakal sunganjar pangwasa mengku para bangsa,
27 lan iku bakal padha dirèh klawan teken wesi; wong-wong iku bakal karemuk kaya grabah, -- padha kaya pangwasa kang Ingsun tampèni saka Ramaningsun --
28 apadéné bakal sunganjar lintang panjer ésuk.
29 Sapa kang duwé kuping, ngrungokna apa kang dadi pangandikané Roh marang pasamuwan-pasamuwan."

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: Wahyu 2
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: Wahyu 2

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke