1 Mulané, hé manungsa, sapa baé kang ngadili wong liya, kowé dhéwé ora duwé dhasar kanggo mbélani awakmu dhéwé. Awit sarana kowé ngadili wong, kowé ngadili awakmu dhéwé, amarga kowé kang ngadili wong iku, kalakuanmu dhéwé iya mangkono.
2 Kita rak padha mangerti yèn paukumané Allah iku tumindhaké kanthi adil ing atasé sapa baé kang nglakoni mangkono.
3 Déné kowé, hé manungsa kang ngadili wong kang tumindak mangkono mau, mangka kowé dhéwé uga nglakoni, apa kowé ngira, yèn kowé bakal luput saka ing paukumané Allah?
4 Apa kowé arep ngrèmèhaké lubèring kamirahan sarta sabar-sarèhé Allah? Apa kowé ora mangerti menawa kamirahané Allah iku nuntun kowé marang pamratobat?
5 Nanging marga saka wangkoting atimu kang ora gelem mratobat iku, dadiné kowé numpuk bebendu tumrap awakmu dhéwé, nganti tumeka ing dinané kababaring bebendu lan paukumané Allah kang adil,
6 Panjenengané bakal males marang saben wong miturut panggawéné,
7 yaiku urip langgeng tumrap wong kang taberi nglakoni panggawé becik, tansah ngupaya kamulyan, lan kaluhuran sarta prakara kang ora bisa sirna,
8 nanging wong kang mburu kapentingané dhéwé, ora mbangun-turut marang apa kang bener, rumaket ing duraka, iku bakal padha nampa deduka lan bebendu.
9 Panandhang lan kasangsaran bakal tumama marang saben wong kang nindakaké piala, wiwitané wong Yahudi, samono uga wong Yunani,
10 nanging kamulyan, kaluhuran lan tentrem-rahayu bakal kaparingaké marang wong kabèh kang nindakaké kabecikan, wiwitané wong Yahudi, mangkono uga wong Yunani.
11 Sabab Allah ora pilih-kasih.
12 Awit sakèhing wong kang gawé dosa tanpa angger-anggering Torèt iku bakal padha sirna iya klawan tanpa angger-anggering Torèt; lan sakèhing wong kang gawé dosa ing sajroning kawengku ing angger-anggering Torèt, iku bakal padha diadili sarana angger-anggering Torèt.
13 Amarga wong kang bener ana ing ngarsané Allah iku dudu kang ngrungokaké angger-anggering Torèt, nanging kang netepi angger-anggering Torèt.
14 Menawa bangsa-bangsa liya kang ora nduwèni angger-anggering Torèt marga saka naluriné nglakoni apa kang kamot ing angger-anggering Torèt, iya wong-wong iku mau kang dadi angger-anggering Torèt tumrap awaké dhéwé, sanadyan ora nduwèni angger-anggering Torèt.
15 Kang mangkono iku, wong-wong mau padha nélakaké, menawa pepakoné angger-angger wus katulis ana ing atiné lan swaraning atiné mèlu neksèni, sarta pangangen-angené padha genti ngluputaké utawa genti mbeneraké.
16 Bab iku bakal tetéla ing dina samangsa Allah lantaran Kristus Yésus ngadili manungsa, cocog karo Injil kang dakwartakaké.
17 Nanging menawa kowé iku nyebut awakmu dhéwé wong Yahudi, sarta ngandelaké marang angger-anggering Torèt, apadéné ngegungaké Allah,
18 sarta mangerti kang dadi karsané, lan marga kawulang ing angger-anggering Torèt, bisa mbédakaké endi kang becik sarta endi kang ala,
19 lan menawa kowé yakin, yèn kowé iku dadi panuntuné wong wuta, sarta pepadhangé wong kang ana ing pepeteng,
20 panggulawenthahé wong bodho, guruné wong kang durung diwasa; marga ana ing angger-anggering Torèt iku, kowé kadunungan wujuding kawruh sarta kayektèn.
21 Banjur kepriyé mungguhing kowé, kang mulang wong liya, apa kowé ora mulang awakmu dhéwé? Kowé kang mulang: "Aja nyolong," yagéné kowé dhéwé kok nyolong?
22 Kowé kang kandha: Aja laku bédhang, yagéné kowé dhéwé kok laku bédhang? Kowé kang gething marang brahala, yagéné kowé dhéwé kok malah njarah rayah papan brahala?
23 Kowé kang ngegungaké angger-anggering Torèt, yagéné kowé kok malah nyenyamah Allah kalawan nerak angger-anggering Torèt iku?
24 Kaya kang katulis, surasané, "Iya marga saka kowé, asmané Allah dicecamah ana ing antarané bangsa-bangsa liya."
25 Tetak iku pancèn ana paédahé, menawa kowé temen-temen netepi angger-anggering Torèt, nanging menawa kowé nerak angger-anggering Torèt, tetakmu iku ora ana gunané manèh.
26 Dadi menawa wong kang ora tetak netepi angger-anggering Torèt, apa iku ora bakal dianggep padha karo wong kang wus tetak?
27 Yèn mangkono, wong kang ora tetak nanging netepi angger-anggering Torèt, iku bakal ngadili kowé kang nduwèni angger-angger kang katulis lan tetak, nanging nerak angger-anggering Torèt.
28 Awit kang diarani Yahudi iku dudu tata-lairé, lan kang diarani tetak kang sejati iku uga dudu tetak ing tata-lairé.
29 Nanging kang diarani wong Yahudi sajati iku yaiku kang ora katon Yahudiné, lan tetak kang sejati iku tetaking ati yaiku tata karohanèn, dudu tata-lair. Lan iku olèh pangalembana saka Allah, dudu saka manungsa.