1 Aku njaluk kawigatènmu tumrap Fébé, sadulur wanita tunggal pracaya kang dadi pelados ana ing pasamuwan Kéngkréa,
2 supaya koktampani ana ing patunggilané Gusti, kanthi patrap kang samesthiné tumrap para suci, sarta wènèhana, pitulungan samangsa dibutuhaké. Sabab wong iku wus awèh pitulungan marang wong akèh, klebu aku dhéwé.
3 Salam marang Priska lan Akwila, kanca-kancaku sapagawéan ana ing Kristus Yésus.
4 Wong-wong mau wus padha ngetohaké nyawané kanggo uripku. Ora mung aku baé kang awèh panarima, nanging iya sakèhing pasamuwan kang dudu Yahudi.
5 Uga salam marang pasamuwan kang ana ing omahé. Salam marang Épénétus, sadulur tunggal pracaya kang daktresnani, kang dadi woh kang kapisanan saka wilayah Asia kagem Kristus.
6 Salam marang Maria, kang wus nyambut-gawé tanpa ngétung sayah kanggo kowé kabèh.
7 Salam marang Andronikus lan Yunias, sadulurku tunggal bangsa, kang wis tau kinunjara bareng aku, kang padha kajèn ana ing antarané para rasul, sarta kang anggoné dadi Kristen sadurungé aku.
8 Salam marang Ampliatus kang daktresnani ana ing Gusti.
9 Salam marang Urbanus kancaku sapagawéan ana ing Kristus, sarta salam marang Stakhis, kang daktresnani.
10 Salam marang Apèlès, kang wus katitik tahan uji ana ing Kristus. Salam marang wong kang padha klebu kulawargané Aristobulus.
11 Salam marang Hérodion, kancaku tunggal bangsa. Salam marang wong kang padha klebu kulawargané Narkisus, kang ana ing patunggilané Gusti.
12 Salam marang Triféna lan Trifosa, kang padha mempeng banget anggoné lelados kagem Gusti. Salam marang Persis, kang daktresnani, kang wus mbudi daya kanthi mempeng kagem Gusti.
13 Salam marang Rufus, wong kang pinilih ana ing Gusti, sarta salam marang ibuné kang tumraping aku uga dadi ibuku.
14 Salam marang Asinkritus, Flégon, Hèrmès, Patrobas, Hèrmas sarta para Sadulur tunggal pracaya kang padha tetunggalan karo sadulur-sadulur.
15 Salam marang Filologus lan Yulia, Néréus sarta saduluré wadon, lan Olimpas, apadéné sakèhé para suci kang padha tetunggalan karo sadulur-sadulur mau.
16 Padha sesalamana kalawan pangambung kang suci. Salam marang kowé kabèh saka sakèhing pasamuwané Kristus.
17 Nanging kowé padha dakpituturi, para Sadulur, padha diwaspada marang para wong kang nyebar pasulayan, gawé sandhungan, cengkah karo piwulang kang wis koktampa. Singkirana wong-wong iku.
18 Sabab wong-wong kang kaya mangkono iku, padha ora lelados marang Kristus, Gusti kita, nanging padha ngawula marang wetengé dhéwé. Lan kanthi tetembungan kang muluk-muluk sarta basané kang manis, padha ngapusi marang wong-wong kang tulus atiné.
19 Pawarta bab kasetyanmu wus keprungu wong akèh. Mulané aku bungah banget ing ngatasé kowé. Nanging karepku, kowé padha wicaksanaa tumrap apa baé kang becik sarta kalis saka sarupaning piala.
20 Allah, kang dadi etuking tentrem-rahayu, bakal énggal nglebur Iblis ana ing sangisoring tlapakané sikilmu. Sih-rahmaté Yésus, Gusti kita, nunggila ing kowé kabèh.
21 Salam marang kowé kabèh saka Timotius, kancaku sapagawéan, lan saka Lukius, Yason apadéné Sosipatèr, kanca-kancaku tunggal bangsa.
22 Kula Tèrtius ingkang nyerat serat punika, inggih kintun salam dhateng panjenengan sadaya ing patunggilanipun Gusti.
23 Salam marang kowé kabèh saka Gayus, kang awèh panginepan marang aku, lan marang pasamuwan kabèh. Salam marang kowé kabèh saka Érastus, hartakaning nagara, lan saka Kwartus sadulur kita tunggal pracaya.
24 [Sih-rahmaté Yésus Kristus, Gusti kita, nunggila ing kowé kabèh! Amin.]
25 Kagem Panjenengané, kang kwasa nyantosakaké kowé kabèh, -- manut Injil kang dakwartakaké, sarta pawarta bab Yésus Kristus, cocog karo kawiyaké wewadi kang sumimpen pirang-pirang abad lawasé,
26 nanging kang saiki wis kababar, sarta wis kawartakaké déning kitab-kitabé para nabi, manut dhawuhé Allah kang langgeng marang sakèhing bangsa, kanggo nuntun marang ing pambangun-turuting pracaya --
27 kagem Allah, iya mung Panjenengané piyambak kang kebak kawicaksanan, awit saka Yésus Kristus: sakèhing kamulyan langgeng ing salawas-lawasé! Amin.

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: Roma 16
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: Roma 16

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke