1 Bareng Yésus lan kang padha ndhèrèkaké wis nyelaki Yérusalèm, ing sacedhaké Bètfagé lan Bétania, kang dumunung ing gunung Zaitun, Yésus ngutus sakabaté loro,
2 Pangandikané, "Padha menyanga désa ngarep iku. Satekamu ing kono kowé bakal mrangguli beloning kuldi kang kacancang, kang durung tau ditunggangi wong. Iku uculana banjur tuntunen mréné.
3 Menawa ana wong aruh-aruh marang kowé, Yagéné kowé padha nindakaké iku? Kowé kandhaa: Gusti kang ngarsakaké; Panjenengané bakal énggal mbalèkaké mréné"
4 Sakabat loro iku banjur padha lunga, tumuli nemokaké beloné kuldi kacancang ing jaban lawang ing pinggir dalan; beloné banjur diuculi.
5 Ana wong kang ngadeg ing kono ngaruh-aruhi sakabat loro iku, "Apa kang padha kok tindakaké; généya kowé padha nguculi belo iku?"
6 Sakabat loro iku banjur ngandakaké kaya kang wis kapangandikakaké déning Yésus; temah wong-wong iku ngejaraké sakabat loro iku.
7 Sakabat loro mau banjur nuntun beloning kuldi, menyang ngarsané Yésus, sarta nglambari belo iku nganggo sandhangané dhéwé; Panjenengané banjur nitihi.
8 Akèh wong kang padha nggelar sandhangané ing dalan, déné wong-wong liyané padha nggelar pang-pang sagodhongé olèhé mancasi saka ing pategalan.
9 Déné kang padha mlaku ana ing ngarep dalah kang padha ngetutaké, padha giyak-giyak, "Hosana! Pinujia Panjenenganipun ingkang rawuh ing asmaning Pangéran.
10 Pinujia Kraton ingkang rawuh, Kratonipun rama kita Daud, Hosana wonten ing ngaluhur!"
11 Sarawuhé ing Yérusalèm, Panjenengané banjur lumebet ing Padaleman Suci. Ana ing kono Panjenengané mirsani samubarang, nanging sarèhné wis surup, banjur tindak menyang Bétania, kadhèrèkaké sakabaté rolas.
12 Ésuké nalika Yésus lan para sakabaté rolas padha bidhal saka Bétania, Yésus kraos luwé.
13 Saka kadohan Panjenengané pirsa wit anjir kang wis ana godhongé. Panjenengané tindak nyelaki, mbokmenawa bisa manggih apa-apa ana ing wit iku. Nanging sarawuhé ing kono, Panjenengané ora manggih apa-apa kajaba mung godhong-godhong, amarga pancèn durung mangsané anjir awoh.
14 Panjenengané ngandika marang wit anjir iku, "Aja nganti ana wong kang mangan wohmu manèh ing salawas-lawasé!" Para sakabaté padha krungu pangandikané iku.
15 Sabanjuré Yésus lan para sakabaté padha rawuh ing Yérusalèm. Sawusé Yésus lumebet ing Padaleman Suci, Panjenengané nuli wiwit nundhungi wong-wong kang padha dol-tinuku ing plataraning Padaleman Suci. Panjenengané ngglimpang-ngglimpangaké méja-méjané juru-tukar dhuwit dalah bangku-bangkuné wong adol manuk dara,
16 sarta Panjenengané uga ora marengaké wong nggegawa barang liwat plataraning Padaleman Suci.
17 Panjenengané banjur paring piwulang sarta ngandika marang wong-wong iku, "Apa ora wus tinulis: Padalemaningsun bakal kasebut dalem pamujan kanggo sakèhing bangsa? Nanging kowé wus padha ndadèkaké guwaning bégal!"
18 Para pangareping imam lan para ahli Torèt padha mireng anané lelakon iku, banjur padha golèk akal anggoné arep nyirnakaké Yésus; marga wong-wong iku padha wedi marang Panjenengané, awit wong golongan kabèh padha kaéraman marang piwulangé.
19 Bareng wis soré, Yésus lan para sakabat banjur bidhal saka kutha.
20 Ing wayah ésuk umun-umun, Yésus lan para sakabaté nalika padha langkung ing panggonané wit anjir mau, pirsa yèn wité anjir wis garing saoyod-oyodé pisan.
21 Pétrus banjur kèlingan, tumuli matur marang Panjenengané, "Rabbi, kula aturi mirsani, wit anjir ingkang Panjenengan supaosi punika sampun garing."
22 Yésus paring wangsulan marang para sakabat, "Padha pracayaa marang Allah!
23 Satemen-satemené Aku pitutur marang kowé: Sapa baé kang ngucap marang gunung iki: Kaangkata lan kauncalna ing sagara, angger ora mangu-mangu ing sajroning atiné, nanging pracaya yèn apa kang kaucapaké iku mesthi kelakon, iku mesthi iya bakal kelakon.
24 Mulané Aku pitutur marang kowé: Apa baé kang kokdongakaké lan koksuwun, padha pracayaa yèn kowé wis padha tampa, iku mesthi iya bakal padha kelakon tumrap kowé.
25 Samangsa kowé padha ngadeg ndedonga, menawa ana wong kang kaluputan marang kowé, apuranen dhisik, supaya Ramamu kang ana ing swarga iya ngapura kaluputan-kaluputanmu.
26 [Nanging menawa kowé padha ora ngapura, Ramamu kang ana ing swarga iya bakal ora ngapura kaluputan-kaluputanmu."]
27 Yésus lan para sakabaté banjur rawuh ing Yérusalèm manèh. Nalika Panjenengané tindak ing plataraning Padaleman Suci, pangareping imam, ahli-ahli Torèt lan pinituwa-pinituwa padha sowan ing ngarsané,
28 lan padha matur marang Panjenengané, "Mawi pangwaos punapa anggèn Panjenengan nindakaken pandamel-pandamel punika? Tuwin sinten ingkang maringi pangwaos kanggé nindakaken pandamel-pandamel wau?"
29 Yésus ngandika marang wong-wong iku, "Aku arep takon saprakara marang kowé kabèh. Iku wangsulana dhisik, mengko Aku iya bakal ngandhakaké marang kowé, sarana pangwasa apa anggonku nindakaké panggawé-panggawé iku.
30 Pambaptisé Yohanes iku saka swarga apa saka manungsa? Coba, padha wangsulana."
31 Wong-wong mau banjur padha rembugan dhéwé, kalawan ngucap, "Upama aku padha kandha: Saka ing swarga, mesthi diwangsuli: Yèn mangkono, yagéné kowé padha ora pracaya marang Yohanes?
32 Nanging apa iya aku arep padha kandha: Saka manungsa!" Wong-wong iku padha wedi marang wong golongan, awit kabèh padha nganggep Yohanes iku nabi sejati.
33 Dadiné banjur padha mangsuli marang Yésus, kalawan matur, "Kula sami mboten ngertos." Yésus tumuli ngandika marang wong-wong iku, "Yèn mangkono, Aku iya ora bakal kandha marang kowé, sarana pangwasa apa anggonku nindakaké panggawé-panggawé iku."