1 Ing nalika samana Yohanes Pambaptis rawuh ing pasamunan wilayah Yudéa, nggelaraké piwulang, pangandikané,
2 "Padha mratobata, amarga Kratoning Swarga wis cedhak!"
3 Déné satemené iya panjenengané iku kang kapangandikakaké déning Nabi Yésaya, mangkéné, "Ana swara kang nguwuh-uwuh ana ing pasamunan: Padha nyawisna margining Pangéran, lurung-lurung kagem Panjenengané padha lencengna."
4 Yohanes iku agemané kang kagawé wulu unta, sarta apaningset walulang; kang kadhahar walang lan madu alas.
5 Banjur diparani déning wong-wong saka Yérusalèm, saka Yudéa kabèh lan saka wilayah sakiwatengené Yordan.
6 Wong-wong mau tumuli padha dibaptisi déning Yohanes ana ing kali Yordan, kalawan ngakoni dosané.
7 Nanging bareng panjenengané pirsa para Farisi lan para Saduki padha teka nyuwun kabaptis, banjur padha dipangandikani, mangkéné, "Hé, tetesaning ula bedhudhak, sapa kang marahi kowé nyingkiri bebendu kang bakal teka?
8 Yèn mangkono padha metokna woh kang sembada marang pamratobat.
9 Lan aja padha duwé pikiran, mangkéné: Aku rak padha duwé Rama Abraham. Awit aku pitutur marang kowé, sanadyan saka watu iki Allah kwaos mijilaké anak kanggo trahé Abraham.
10 Karodéné wadung wis cumawis ing poking wit-witan; saben wit kang ora metokaké woh kang becik, mesthi kategor lan kacemplungaké ing geni.
11 Aku iki mbaptisi kowé kabèh nganggo banyu amrih patobatmu, nanging kang bakal rawuh nungka aku, iku luwih kwasa katimbang aku lan mbok nyopot agemé trumpah baé aku ora pantes. Iku bakal mbaptisi kowé kalawan Roh Suci lan geni.
12 Panjenengané wis ngasta tampah; panutoné bakal diresiki nganti tapis sarta gandumé bakal diklumpukaké ing lumbung, nanging mrambuté bakal diobong ing geni kang ora kena sinirep."
13 Nalika samana Yésus saka Galiléa rawuh ing Yordan murugi Yohanes, karsané supaya dibaptis.
14 Nanging Yohanes menggak, unjuké, ‘Kawula ingkang prelu Paduka baptis, lah kok Paduka murugi kawula.’
15 Nanging Yésus paring wangsulan, pangandikané, "Wis ta, cikbèn saiki mangkono, amarga iya mangkono iku patuté Aku lan kowé padha netepi sakèhé karsané Allah." Yohanes tumuli sumarah.
16 Sawisé kabaptis, Yésus banjur mentas saka ing banyu, lah ing kono langit tumuli piyak lan Panjenengané pirsa Rohing Allah tumedhak pindha manuk dara, nedhaki Panjenengané.
17 Banjur ana swara saka swarga, kang ngandika, "Iki Putraningsun, kang kinasih, kang ndadèkaké keparengingsun."

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: Matius 3
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: Matius 3
Studi Alkitab dengan Video LUMO, silahkan lihat LUMO Indonesia :: Matius

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke