1 Ing sawijining dina, pinuju dina Sabat, nalika Yésus tindak nglangkungi pategalan gandum, para sakabaté padha methiki wulèné, banjur diremed, isiné dipangan.
2 Nanging ana wong Farisi sawatara kang padha ngelokaké, "Yagéné kowé padha nindakaké kang ora diparengaké ing dina Sabat?"
3 Yésus tumuli paring wangsulan, pangandikané, "Apa kowé padha ora maca bab apa kang katindakaké déning Daud sapandhèrèké kabèh nalika kraos luwé,
4 banjur lumebet ing Padaleman Suci, mundhut roti caosan, nuli didhahar, lan para pandhèrèké iya banjur padha diwènèhi, mangka ora ana kang diparengaké mangan roti iku kajaba mung para imam."
5 Nuli ngandika manèh, "Putraning Manungsa iku iya Gustiné dina Sabat."
6 Kacarita pinuju ing dina Sabat liyané Yésus lumebet ing papan pangibadah banjur memulang. Ing kono ana wong kang tangané tengen mati.
7 Para ahli Torèt lan para wong Farisi padha ngulataké Yésus, apa bakal nyarasaké wong ing dina Sabat, supaya bisa olèh dhadhakan anggoné nglepataké Panjenengané.
8 Nanging Panjenengané pirsa pikirané wong-wong mau, tumuli ngandika marang kang tangané tengen mati, "Ngadega, mapana ing tengah kéné!" Wongé banjur ngadeg mapan.
9 Yésus tumuli ngandika marang wong-wong mau, "Aku takon marang kowé: Apa kang kepareng ditindakaké ing dina Sabat, kabecikan, apa piala, nylametaké nyawa apa matèni?"
10 Sawusé ngandika mangkono nuli mirsani wong-wong saubengé, banjur ngandika marang kang mati tangané, "Tanganmu athungna!" Wong mau iya banjur nindakaké mangkono, wasana tangané waras.
11 Wong-wong mau tumuli padha nepsu banget, sarta padha rembugan bab apa kang bakal katindakaké marang Yésus.
12 Kacarita ing nalika samana Yésus minggah ing gunung saprelu ndedonga; anggoné ndedonga marang Allah nganti sawengi muput.
13 Bareng wus raina para muridé padha ditimbali, banjur dipilih rolas, kang padha diparingi sebutan rasul, yaiku:
14 Simon, kang uga diparingi jeneng Pétrus, lan Andréas saduluré Simon, Yakobus lan Yohanes, Filipus lan Bartoloméus,
15 Matius lan Tomas, Yakobus anaké Alféus, lan Simon kang karan wong Zélot,
16 Yudas anaké Yakobus lan Yudas Iskariot kang ing tembé laku cidra.
17 Sawisé iku Yésus banjur mandhap, kadhèrèkaké anggoné ndedonga déning para sakabaté, tumuli kèndel ana ing sawijining papan kang rata. Ing kono ana wong akèh banget kang padha nglumpuk, yaiku para sekabaté lan wong-wong liyané, kang teka saka saindenging tanah Yudéa lan saka ing Yérusalèm, sarta saka ing tanah pasisiré Tirus lan Sidon.
18 Anggoné padha mrana iku arep ngrungokaké pangandikané lan supaya kawarasaké lelarané, apadéné wong-wong kang kasurupan roh reged iya padha kawarasaké.
19 Lan wong akèh iku mau kabèh padha mbudidaya bisané ndemèk Panjenengané, awit banjur ana daya kang metu saka ing Panjenengané, temah kabèh padha diwarasaké.
20 Yésus banjur mirsani para muridé lan ngandika, "Rahayu kowé kang mlarat, amarga iya kowé iku kang padha nduwèni Kratoning Allah.
21 Rahayu kowé kang saiki padha kaluwèn, amarga kowé bakal padha diwaregi. Rahayu kowé kang saiki nangis, awit kowé bakal gumuyu.
22 Rahayu kowé, menawa marga saka Putraning Manungsa, kowé padha disengiti déning wong, disingkang-singkang sarta diwewada, apadéné jenengmu diemohi, dianggep ala.
23 Ing wektu iku kowé padha bungah-bungaha lan suka-renaa, amarga satemené bakal gedhé ganjaranmu ana ing swarga; amarga para nabi iya digawé mangkono déning para leluhuré wong-wong mau.
24 Nanging bilai kowé, hé, para wong sugih, awit kowé wus padha nampa panglipur saka kasugihanmu.
25 Bilai kowé, kang saiki wareg, amarga kowé bakal luwé. Bilai kowé, kang saiki gumuyu, amarga kowé bakal nandhang susah lan nangis.
26 Bilai kowé, menawa wong kabèh padha ngalembana marang kowé, awit iya kaya mangkono iku panggawéné para leluhuré marang para nabi palsu."
27 "Nanging kowé kang padha ngrungokaké marang Aku, padha dakpituturi: Padha tresnaa marang mungsuhmu: wong kang sengit marang kowé, padha becikana.
28 Wong kang nyupatani kowé, padha suwunna berkah; wong kang nindakaké piala marang kowé, padha dongakna becik.
29 Sapa baé kang napuk pipimu sasisih, sisihé pisan ulungna, lan sapa baé kang ngrebut jubahmu, karebèn ngepèk klambimu pisan.
30 Wong kang njejaluk marang kowé, wènèhana, lan darbèkmu kang wus dijupuk déning wong, aja kok jaluk bali.
31 Apa kang kokkarepaké supaya wong tumindak marang kowé, iku iya tindakna marang wong.
32 Sarta menawa kowé tresna marang wong kang nresnani kowé, iku apa pituwasmu? Amarga wong-wong dosa iya padha nimbangi katresnaning liyan.
33 Awit menawa kowé padha gawé becik marang kang mbeciki kowé, iku pituwasmu apa? Wong-wong dosa rak iya padha tumindak mangkono.
34 Lan manèh menawa kowé ngutangi marang wong kanthi pangarah supaya olèh apa-apa saka wong mau, iku apa pituwasmu? Wong-wong dosa rak iya padha ngutangi marang para wong dosa, supaya tampa manèh kang ajiné padha.
35 Nanging kowé, padha tresnaa marang satrumu lan padha becikana, sarta silihana tanpa ngarep-arep piwalesé, temah bakal gedhé ganjaranmu, apamanèh kowé bakal padha dadi putraning Allah Kang Mahaluhur, amarga Panjenengané nindakaké kasaénan marang wong kang padha ora weruh ing kabecikan lan marang para wong ala.
36 Kowé sing padha ambek-welasan, kaya anggoné Ramamu iya ambek-welasan."
37 "Aja padha ngadili, supaya kowé iya ora bakal padha diadili. Lan aja padha ngluputaké, supaya kowé iya ora padha diluputaké. Padha ngapuraa, supaya kowé iya diapura.
38 Padha wèwèha, supaya kowé iya diwènèhi. Takeran kang becik, kang ditetel-tetel, kang dioyog lan kang lubèr, bakal kaesokaké ing pangkonmu, amarga ukuran kang kokanggo ngukur, iku iya bakal kanggo ngukur kowé."
39 Yésus banjur ngandika manèh marang wong-wong mau kalawan pasemon mangkéné, "Wong wuta apa bisa nuntun pepadhané wong wuta? Apa karo-karoné ora bakal kacemplung ing luwangan?
40 Murid iku ora ngungkuli guruné, nanging sapa baé kang wus tamat pasinaoné, bakal padha karo guruné.
41 Yagéné kowé weruh tatal kang ana ing mripaté sadulurmu, mangka glondhong kang ana ing mripatmu dhéwé, kowé ora sumurup?
42 Kepriyé déné kowé bisa ngucap marang sadulurmu: Sadulur, tatal kang ana ing mripatmu iku dakilangané. Mangka glondhong kang ana ing mripatmu, kowé ora sumurup. Hé, wong lamis, glondhong kang ana ing mripatmu iku ilangana dhisik, temah kowé bakal bisa ndeleng kalawan cetha lan bisa ngilangi tatal kang ana ing mripaté sadulurmu!"
43 "Ora ana wit kang becik ngetokaké woh kang ala, lan iya ora ana wit kang ala ngetokaké woh kang becik.
44 Sabab saben wit iku katitik saka wohé. Awit ora ana woh anjir dipethik saka bebondhotaning eri, lan ora ana woh anggur diundhuh saka gegrumbulan eri.
45 Wong kang becik iku ngetokaké prakara kang becik saka ing simpenaning atiné kang becik, déné wong kang ala iku ngetokaké barang kang ala saka ing simpenaning atiné kang ala. Sabab kang diucapaké déning cangkem, iku mbludag saka ing sajroning ati."
46 "Généya kowé kok nyebut Aku: Gusti, Gusti, mangka kowé padha ora nglakoni pituturku?
47 Saben wong kang marani Aku lan ngrungokaké pituturku sarta nglakoni -- kowé bakal dakkandhani wong iku kena dipadhakaké sapa --.
48 Iku kaya wong kang ngadegaké omah: Wong iku gawé kedhukan kang jero, sarta pondhasiné kapasang ana ing watu karang. Bareng ana banjir lan banjir mau nrajang omah iku, omahé ora bakal oyag amarga santosa banget.
49 Nanging sing sapa ngrungokaké pituturku mangka ora nglakoni, iku kaya wong kang ngadegaké omah tanpa pondhasi. Bareng ana banjir kang nrajang, omah iku ambruk, sarta rusaké banget."