1 Para bendara, tumindaka adil lan jujur marang baturmu, élinga yèn kowé uga duwé bendara kang ana ing swarga.
2 Sing tegen ndedonga, lan sajroné mangkono iku padha diwaspada kambi saos sokur.
3 Aku kabèh iya dongakna, supaya Allah maringi wewengan tumrap anggonku padha nyebar pangandika, lan bisa nyaritakaké bab kekerané Kristus, kang njalari anggonku kinunjara.
4 Sarana mangkono iku aku bisa nerangaké bab mau ing samesthiné.
5 Tumindaka kanthi sakèhing kawicaksanan tumrap wong njaba, sarta padha nggemènana waktu.
6 Tetembunganmu sing tansah kebak katresnan, aja cemplang, satemah kowé sumurup, kepriyé anggonmu bakal padha mangsuli pitakoné saben wong.
7 Sakèhé kabar bab kaananku bakal dikandhakaké marang kowé kabèh déning Tikhikus, sadulur kita kang kinasih, abdi kang setya lan kanca tunggal paladosan ana ing Gusti,
8 kang dakkongkon nemoni kowé supaya kowé nyumurupi kaananku kabèh lan supaya nglipur atimu.
9 Lakuné dikanthèni Onésimus, sadulur kita kang setya lan kinasih, wong saka ing antaramu, iku bakal padha nyaritakaké marang kowé samubarang kabèh kang kelakon ana ing kéné.
10 Salam marang kowé saka Aristarkhus, kancaku kinunjara, lan saka Markus keponakané Barnabas -- tumrap wong iku kowé rak wis diweling -- yèn nekani kowé tampanana.
11 Lan salam saka Yésus kang apeparab Yustus. Saka antarané para wong tetakan, iya mung wong telu iku kancaku tunggal-gawé kagem Kratoné Allah; iku padha ndadèkaké lipuring atiku.
12 Salam kanggo kowé saka Épafras, kang asalé saka ing antaramu, iku abdiné Kristus Yésus, kang tansah ngganter anggoné ndongakaké kowé, supaya kowé tetep tanggon, kayadéné wong-wong kang diwasa lan kang yakin temenan marang apa kang dadi karsané Allah.
13 Mungguh Épafras iku aku bisa awèh paseksi, bab anggoné keraya-raya nyambut-gawé kanggo kowé lan para wong ing Laodikia lan ing Hiérapolis.
14 Salam marang kowé saka Lukas, dhokter kang kinasih lan saka Démas.
15 Salamku marang para Sadulur tunggal pracaya ing Laodikia; uga marang Nimfa lan pasamuwan kang ana ing omahé.
16 Sarta manèh samangsa layang iki wis diwacakaké ana ing antaramu, udinen supaya diwacakaké uga ana ing pasamuwan Laodikia, lan layang kang marang Laodikia supaya uga diwacakaké ana ing ngarepmu.
17 Lan Arkhipus kandhanana mangkéné: Poma gatèkna, kawajiban lelados, kang wis koktampani ing Gusti iku tetepana kalawan samesthiné.
18 Salam saka aku Paulus. Salam iki daktulis nganggo tanganku dhéwé. Élinga yèn aku diblenggu. Sih-rahmat nunggila ing kowé.

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: Kolose 4
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: Kolose 4

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke