1 Nalika Pétrus lan Yohanes lagi ngandikani wong akèh, dumadakan padha katekan para imam lan lelurahé jaga-baya Padaleman Suci sarta para wong Saduki.
2 Wong-wong iku padha nepsu banget, jalaran sakaroné padha mulang marang wong akèh sarta wewarta, menawa ana ing Yésus ana patangèn saka ing antarané wong mati.
3 Banjur padha dicepeng lan ditahan nganti dina candhaké, amarga wayahé wus wiwit peteng.
4 Nanging wong kang padha ngrungokaké piwulangé mau akèh kang padha pracaya, temahan cacahé wong lanang kira-kira dadi limang èwu.
5 Kacarita ésuké para pangarepé wong Yahudi lan para pinituwa sarta para ahli Torèt padha nganakaké parepatan ana ing Yérusalèm
6 karo Imam Agung Hanas lan Kayafas, Yohanes lan Aleksander apadéné wong kabèh, kang kagolong trah Imam Agung.
7 Pétrus lan Yohanes banjur diadhepaké marang ngarsaning parepatan tuwin wiwit dipriksa kalawan didangu, mangkéné, "Panggawému kang mangkono mau kalawan pangwasa apa lan atas jenengé sapa?"
8 Pétrus, kapenuhan ing Roh Suci, tumuli matur, "Kula nuwun, para pangajenging bangsa saha para pinisepuh,
9 sarèhning sapunika kula sami kapriksa bab pandamel saé dhateng tiyang sakit saha kedah nerangaken kalayan pangwaos punapa tiyang punika anggènipun kasarasaken,
10 pramila panjenengan sadaya dalah sabangsa Israèl sami kula aturi uninga, bilih punika margi saking asmanipun Yésus Kristus saking Nasarèt, ingkang sampun panjenengan salib, nanging ingkang sampun kawungokaken saking antawisipun tiyang pejah déning Allah -- inggih margi saking Yésus punika tiyang punika saged ngadeg, pinanggih sampun saras wonten ing ngarsa panjenengan sapunika.
11 Yésus punika séla ingkang kabucal déning para juru yasa padaleman -- inggih punika panjenengan piyambak -- éwadéné sampun dados sélaning pojokan.
12 Kaliyan malih mboten wonten karahayon wonten ing sintena kémawon, kajawi wonten ing Panjenenganipun, amargi ing sakurebing langit punika mboten wonten asma sanèsipun ingkang kaparingaken dhateng manungsa, ingkang dados margining karahayon kita."
13 Bareng parepatan nguningani kakendelané Pétrus lan Yohanes mangka pirsa, yèn sakaroné iku mung wong lumrah lan dudu wong pasinaon, banjur padha éram, sarta padha ora pangling, yèn loro-loroné iku padha dadi pandhèrèké Yésus.
14 Nanging sarèhné padha mirsani wong kang diwarasaké iku ngadeg ana ing sandhingé para rasul, dadi ora bisa mbantah apa-apa.
15 Para rasul tumuli didhawuhi metu saka papan parepatan, pradata banjur rembagan,
16 pangandikané, "Tiyang punika kedah kita punapakaken? Awit sampun nyata, tumrap sadaya tiyang ingkang manggèn ing Yérusalèm, bilih kekalihipun sami ngawontenaken mukjijat ingkang nyolok, ingkang mboten saged kita sélaki.
17 Namung kémawon supados bab punika sampun ngantos saya sumebar wonten ing satengahing tiyang kathah, prayoginipun tiyang kalih punika kita ancam saha kita awisi, supados sampun ngantos rembagan malih kaliyan sintena kémawon atas asmanipun Yésus."
18 Bareng sakaroné wus didhawuhi lumebu, padha diawisi supaya babar-pisan aja rembugan utawa memulang manèh kalawan asmané Yésus.
19 Nanging Pétrus lan Yohanes padha mangsuli, "Panjenengan kula aturi menggalih piyambak, pundi ingkang leres wonten ing ngarsaning Allah: nurut dhateng panjenengan sadaya punapa dhateng Allah.
20 Amargi tumrap kula sadaya mboten saged mèndel anggèn kula sami rembagan bab punapa ingkang sampun sami kula tingali sarta ingkang sampun sami kula pireng."
21 Pradata saya banget anggoné ngancam marang para rasul mau, nanging wekasané iya banjur padha dililani mundur, sabab parepatan ora manggih bab kang kena kanggo ngukum, sarta wong akèh padha ngluhuraké asmané Allah, awit saka anané bab kang mentas kelakon.
22 Jalaran wong kang kasarasaké sarana mukjijat iku umuré wus luwih saka patang puluh taun.
23 Sawusé kaluwaran, Pétrus lan Yohanes banjur murugi mitra-mitrané sarta banjur nyariyosaké bab apa kang wus didhawuhaké déning para pangareping imam lan para pinituwa.
24 Bareng para mitrané krungu bab iku, banjur padha bebarengan nyebut marang Allah, unjuké, "Dhuh Pangéran, Paduka ingkang nitahaken langit, bumi, saganten tuwin saisinipun sadaya,
25 sarta ingkang sampun ngandika kanthi pakaryanipun Roh Suci lumantar abdi Paduka Daud, leluhur kawula sadaya, makaten: Yagéné para bangsa padha waringuten, lan para suku-bangsané padha ngangen-angen prakara kang tanpa guna?
26 Para raja ing donya padha siyaga lan para panggedhé padha nglumpuk arep lumawan marang Pangéran lan marang Jebadané.
27 Awitdéné sayektosipun Hérodès saha Pontius Pilatus, kaliyan para bangsa tuwin suku-bangsa Israèl sampun sami nglempak wonten ing kitha ngriki, sumedya nglawan Yésus, Abdi Paduka ingkang suci, ingkang Paduka jebadi
28 supados nglampahi sadaya ingkang sampun Paduka tamtokaken wiwit sakawit déning pangwaos saha karsa Paduka.
29 Déné sapunika, dhuh Pangéran, Paduka mugi karsa nguningani pangancamipun dhateng kawula sadaya, saha para abdi Paduka mugi sami kaparingan kakendelan kanggé martosaken pangandika Paduka.
30 Mugi Paduka karsa mulungaken asta Paduka, ingkang ndhatengaken kasarasan, punapa déné ngawontenaken pratandha-pratandha saha mukjijat-mukjijat kalayan asmanipun Yésus, Abdi Paduka ingkang suci."
31 Nalika padha ndedonga iku, panggonané kumpulan banjur horeg, sarta kabèh padha kapenuhan ing Roh Suci, tuwin tumuli padha martakaké pangandikaning Allah kalawan kendel.
32 Anadéné sagolonganing wong kang wus pracaya iku padha tunggal ati lan tunggal budi, lan ora ana wong siji-sijia kang ngucap, yèn barang darbèké iku duwèké dhéwé, nanging samubarang padha diduwèni bebarengan.
33 Sabanjuré para rasul anggoné neksèni bab wunguné Gusti Yésus kalawan pangwasa kang gedhé sarta kabèh padha kalubèran ing sih-rahmat.
34 Sabab ora ana wong siji-sijia ing panunggalané kang kekurangan, amarga wong kabèh kang duwé palemahan utawa omah, iku padha diedol, pepayoné digawa,
35 dicaosaké ing ngarsané para rasul, banjur didum-dum marang saben wong, manut kabutuhané.
36 Samono uga Yusuf, kang diparabi Barnabas déning para rasul, tegesé anaking panglipur, wong Lèwi saka Siprus.
37 Iku duwé pategalan, diedol, dhuwit pepayoné banjur digawa kacaosaké ing ngarsané para rasul.