1 Telung dina sawisé rawuh ing propinsi iku, Féstus banjur tindak saka Kaisaréa menyang Yérusalèm.
2 Para pangareping imam lan wong-wong Yahudi kang kajèn kéringan padha sowan lan ngaturaké pandakwa mungguhing Paulus,
3 sarta nyuwun kamirahan, kang gawé ruginé Paulus, yaiku supaya Paulus didhawuhi menyang Yérusalèm. Sabab wong-wong mau padha ngrancang arep nyédani panjenengané ana ing dalan.
4 Nanging Féstus paring wangsulan, menawa Paulus tetep ditahan ana ing Kaisaréa, déné panjenengané piyambak bakal énggal-énggal kondur mrana.
5 Pangandikané, "Mulané wong-wong panunggalanmu kang padha nyekel pangwasa supaya padha mrana bebarengan karo aku lan ngajokaké pandakwané, menawa ana kaluputané."
6 Féstus anggoné lereb ana ing Yérusalèm ora luwih saka wolu utawa sapuluh dina, banjur kondur menyang Kaisaréa. Ésuké panjenengané nggelar pangadilan lan dhawuh ngladosaké Paulus.
7 Bareng Paulus wus disowanaké, wong Yahudi kabèh kang teka saka Yérusalèm padha ngadeg ngepung lan ngaturaké gugatan akèh kang abot tumrap panjenengané, tanpa bisa mbuktèkaké.
8 Kosok-baliné Paulus ngaturaké panjawab mangkéné, "Kula sakedhik kémawon mboten lepat, dadosa tumrap angger-anggering Torètipun tiyang Yahudi, punapadéné Padaleman Suci utawi dhateng Kaisar."
9 Éwadéné sarèhné Féstus karsa nglegani atiné wong Yahudi, nuli maringi wangsulan marang Paulus, pangandikané, "Apa kowé saguh menyang Yérusalèm, supaya diadili ana ing kana ana ing ngarepku bab prakara iki?"
10 Nanging Paulus matur, "Sapunika kula wonten ing ngarsaning pangadilanipun Kaisar, kula kedah dipun adili wonten ing ngriki. Kadosdéné ingkang sampun panjenengan uningani saèstu, sakedhik kémawon kula mboten damel kalepatan dhateng tiyang Yahudi.
11 Dados, manawi kula saèstu lepat lan nindakaken piawon ingkang pantes kaukum pejah, kula éklas pejah, nanging manawi punapa ingkang kagigataken tumrap kula punika kabuktèn mboten leres, mboten wonten tiyang ingkang wenang masrahaken kula dhateng tiyang-tiyang punika minangka kamirahan. Kula nyuwun minggah bandhing dhateng Kaisar!"
12 Bareng wus karembag karo para anggotaning pangadilan, Féstus banjur ngandika, "Kowé nyuwun munggah bandhing marang Kaisar, yèn mangkono kowé kudu sowan ing ngarsané Kaisar."
13 Let sawatara dina, Raja Agripa karo Bèrniké rawuh ing Kaisaréa minangka pakurmatan marang Féstus.
14 Sarèhné lereb ana ing kono sawatara dina, Féstus nyariyosaké prakarané Paulus marang Raja, aturé, "Ing ngriki wonten tiyang tahanan tilaranipun Féliks.
15 Kala kula wonten ing Yérusalèm, para pangajenging imam saha para pinisepuhipun tiyang Yahudi sami nggigat tiyang wau, saha nyuwun supados tiyang punika dipun ukum.
16 Kula mangsuli, bilih tiyang Roma mboten gadhah adat masrahaken dakwa, sadèrèngipun dipun aben-ajengaken kaliyan ingkang sami ndakwa saha dipun lilani ngaturaken panjawab tumrap gigatanipun.
17 Pramila tiyang-tiyang wau lajeng sami tumut mriki sesarengan kaliyan kula. Énjingipun kula lajeng ngawontenaken parepatan pangadilan saha akèn ngladosaken tiyang punika.
18 Nanging sareng tiyang-tiyang ingkang sami nggigat ngadeg ngupengi tiyang wau, sami mboten ngajengaken gigatan bab pandamel awon, kados panginten kula.
19 Tiyang-tiyang wau namung sami padudon bab-bab ingkang gegayutan kaliyan agaminipun saha wonten tiyang nama Yésus ingkang sampun pejah, mangka Paulus mratélakaken kanthi yakin, bilih Yésus wau gesang.
20 Sarèhning kula ajrih anggèn kula mriksa prakawis ingkang kados makaten punika, kula lajeng naros piyambakipun, punapa purun dhateng Yérusalèm, supados prakawisipun dipun adili wonten ing ngrika.
21 Nanging Paulus minggah bandhing. Pramila nyuwun, supados lestantun dipun tahan, ngantos prakawisipun kaputus déning Kaisar. Milanipun lajeng kula préntahaken, supados tiyang punika lestantun katahan ngantos saged kula sowanaken dhateng ngarsanipun Kaisar."
22 Agripa ngandika marang Féstus, "Kula kepéngin mirengaken panjawabipun tiyang punika piyambak." Atur wangsulané Féstus, "Bénjing-énjing panjenengan badhé midhangetaken."
23 Ésuké Agripa lan Bèrniké padha rawuh kalayan sakèhing ubarampé upacara kaprabon sarta bareng wus lumebet ing gedhong pangadilan bebarengan karo para panggedhéning wadya-bala lan para panggedhé ing kono, Féstus banjur dhawuh, supaya Paulus disowanaké.
24 Féstus nuli ngandika, "Raja Agripa saha para priyagung ingkang sami lenggah ing ngriki sesarengan kaliyan kula sadaya. Sami kula aturi mirsani tiyang punika, ingkang dipun gigat déning tiyang Yahudi sadaya, wonten ing Yérusalèm saha wonten ing ngriki. Tiyang-tiyang sadaya sami ndhatengi kula saha sami pratéla kaliyan bengok-bengok, bilih tiyang punika mboten pantes gesang langkung dangu malih.
25 Nanging tumrap kula sampun cetha, bilih tiyang punika mboten nglampahi prekawis ingkang kénging kaukum pejah sarta sarèhning tiyang punika nyuwun minggah bandhing dhateng Kaisar, mila kula lajeng mutus badhé nyowanaken ing ngarsanipun Kaisar.
26 Namung kémawon mboten wonten alesan ingkang maton, ingkang kedah kula aturaken ing serat dhateng ngarsanipun Kaisar bab tiyang punika. Inggih jalaran saking punika mila lajeng kula ladosaken wonten ing ngarsa panjenengan sadaya, mirungganipun panjenengan Raja Agripa, supados sasampunipun kapriksa lajeng wontena ingkang saged kula serat.
27 Amargi pamanggih kula, mokal nyowanaken tiyang tahanan tanpa kinanthènan gigatan ingkang dipun ajengaken tumrap tiyang wau."

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: Kisah Para Rasul 25
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: Kisah Para Rasul 25

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke