1 Nalika ngarepaké dina riyaya Paskah, Yésus wis pirsa, menawa wis tekan ing titi-mangsa anggoné bakal jengkar saka ing donya iki sowan marang ngarsané Sang Rama. Padha kayadéné Panjenengané anggoné tansah ngasihi marang para kagungané kang ana ing donya, mangkono uga saiki Panjenengané anggoné ngasihi iku nganti tumeka ing wekasané.
2 Nalika padha kembul dhahar, Iblis wis mbisikaké pangrantam ing atiné Yudas Iskariot, anaké Simon, supaya nyidrani Panjenengané.
3 Yésus pirsa, menawa Sang Rama wis masrahaké samubarang kabèh marang Panjenengané sarta menawa Panjenengané iku pinangkané saka ing Allah lan wangsul marang Allah.
4 Yésus banjur jumeneng sarta lukar pangagemané. Panjenengané mundhut lawon banjur diubetaké ing sarirané,
5 tumuli ngesokaké banyu ing wadhah, sarta wiwit mijiki sikilé para sakabaté lan diulapi sarana lawon kang kaubetaké ing sarirané mau.
6 Bareng tekan gilirané Simon Pétrus. Pétrus nuli munjuk, "Gusti, Paduka badhé mijiki suku kawula?"
7 Yésus paring wangsulan, pangandikané, "Apa kang daktindakaké, saiki kowé durung nyandhak maknané, nanging bésuk kowé bakal mangerti."
8 Pétrus munjuk marang Panjenengané, "Paduka sampun ngantos mijiki suku kawula ing salami-laminipun." Yésus paring wangsulan, pangandikané, "Menawa Aku ora mijiki kowé, kowé ora duwé panduman ana ing Aku."
9 Unjuké Simon Pétrus marang Panjenengané, "Gusti, sampun ngamungaken suku kawula kémawon, nanging dalah tangan saha sirah kawula pisan."
10 Yésus paring wangsulan, pangandikané, "Sapa baé kang wis adus, ora susah adus manèh, kajaba mung wisuh sikilé baé, awit badané sakojur wis resik. Mangkono uga kowé iku wis resik, mung baé ora kabèh."
11 Awit Panjenengané pirsa sapa kang bakal ngulungaké Panjenengané. Marga saka iku Panjenengané ngandika, "Kowé iku ora kabèh resik."
12 Sawusé mijiki sikilé para sakabat mau, Panjenengané ngagem agemané manèh banjur mapan lenggah sarta ngandika, "Apa kowé padha mangerti maknané panggawéku marang kowé iki mau?
13 Kowé padha nyebut Aku Guru lan Gusti, lan panyebutmu iku bener, awit Aku iki pancèn Guru lan Gusti.
14 Dadi menawa Aku iki kang dadi Gusti lan Gurumu wus mijiki sikilmu, dadi kowé iya padha wajib wisuh-winisuhan sikil.
15 Awit Aku wis maringi tuladha marang kowé, supaya kowé kabèh uga nindakaké kaya kang wis daktindakaké marang kowé.
16 Satemen-temené Aku pitutur marang kowé: Abdi iku ora ngungkuli bendarané, utawa utusan iya ora ngungkuli kang ngutus.
17 Menawa kowé padha mangerti prakara iku kabèh, rahayu kowé, menawa kowé kabèh padha nglakoni.
18 Dhawuhku iki ora tumrap kowé kabèh. Aku pirsa, sapa kang wis dakpilih. Nanging kudu kayektènan tulisan kang surasané mangkéné: Tiyang ingkang tumut nedha roti Kawula, punika sampun ngagagaken tungkakipun dhateng Kawula.
19 Samengko kowé padha dakdhawuhi sadurungé bab iku kelakon, supaya menawa bab iku kelakon, kowé padha pracaya, yèn iya Aku iki Panjenengané.
20 Satemen-temené Aku pitutur marang kowé, sing sapa nampani wong kang dakutus, iku nampani Aku; lan sing sapa nampani Aku, iku nampani Panjenengané kang ngutus Aku."
21 Sawisé Yésus ngandika mangkono, Panjenengané banget trenyuh ing galih, banjur paring paseksèn mangkéné, "Satemen-temené Aku pitutur marang kowé: Wong siji saka panunggalanmu bakal ngulungaké Aku."
22 Para sakabat nuli padha pandeng-pandengan, karo mangu-mangu sapa kang dikarsakaké iku.
23 Salah sijining sakabaté, yaiku sakabat kang dikasihi Panjenengané, lungguh sèndhèn sandhing Panjenengané, ing sisih tengené.
24 Sakabat iku mau disasmitani déning Simon Pétrus sarta dituturi, "Nyuwuna pirsa sapa kang dipangandikakaké iku."
25 Sakabat kang lungguh cedhak Yésus mau tumuli nolèh sarta matur marang Panjenengané, "Gusti, sinten tiyangipun?"
26 Yésus paring wangsulan, "Wongé iya iku kang bakal dakwènèhi roti sawusé dakcelupaké." Sawusé ngandika mangkono, banjur mundhut roti sarta kacelupaké nuli kaparingaké marang Yudas anaké Simon Iskariot.
27 Lan sawisé nampani roti iku, Yudas nuli kapanjingan Iblis. Yésus tumuli ngandika marang Yudas, "Apa kang arep koklakoni, iku énggal tindakna!"
28 Ananging ora ana wong siji-sijia ing antarané para sakabat kang padha kembulan iku kang mangerti, apa karsané Yésus ngandika mangkono marang Yudas iku.
29 Sarèhné Yudas kang ngreksa kas, ana kang duwé pangira menawa Yésus ngutus wong iku tuku apa-apa kang prelu kanggo riyaya iku, utawa didhawuhi maringi apa-apa marang wong miskin.
30 Yudas nampani roti iku banjur énggal-énggal lunga. Nalika iku wayahé wis bengi.
31 Sawisé Yudas lunga, Yésus banjur ngandika, "Samengko Putraning Manungsa kaluhuraké sarta Allah kaluhuraké ana ing Panjenengané.
32 Menawa Allah kaluhuraké ana ing Panjenengané, Allah iya bakal ngluhuraké Panjenengané ana ing sarirané piyambak, malah Panjenengané tumuli bakal kaluhuraké.
33 Hé, anak-anakku, anggonku nunggal karo kowé mung kari sadhéla. Kowé bakal padha nggolèki Aku, kayadéné anggonku wus ngandikakaké marang wong Yahudi: Menyang ngendi paranku, kowé ora bakal padha bisa mrana; mangkono uga saiki Aku pitutur marang kowé.
34 Aku maringi pepakon anyar marang kowé, iya iku supaya kowé padha tresna-tinresnanana; dikaya anggonku wis tresna marang kowé, kaya mangkono uga kowé iya padha tresna-tinresnanana.
35 Kanthi mangkono wong kabèh bakal padha mangerti, yèn kowé padha dadi muridku, yaiku menawa kowé padha tresna-tinresnan."
36 Simon Pétrus tumuli munjuk, "Gusti, Gusti tindak dhateng pundi?" Paring wangsulané Yésus, "Menyang ngendi paranku, kowé ora bisa ndhèrèk Aku saiki, nanging bésuk kowé bakal padha ndhèrèk Aku."
37 Pétrus munjuk marang Panjenengané, "Gusti, punapaa déné kawula mboten saged ndhèrèk Gusti samangké? Kawula badhé ngetohaken nyawa kawula kagem Gusti."
38 Paring wangsulané Yésus, "Nyawamu bakal koketohaké kagem Aku? Satemen-temené Aku pitutur marang kowé: Sadurungé jago kluruk, kowé wis nyélaki Aku ambal kaping telu."