1 Wosé kabèh kang kita rembug iku mangkéné: kita padha duwé Imam Agung kang kaya mangkono, kang lenggah ing satengening dhamparé kang Mahaagung ing swarga,
2 sarta kang ngladosi pangibadah ing papan kang suci, yaiku ing sajroné kémah kang sejati, yasané Allah sarta dudu gawéané manungsa.
3 Jalaran saben imam agung kapatah nyaosaké kurban sarta pisungsung, mulané imam agung prelu kagungan kang kapisungsungaké.
4 Saupama Panjenengané ana ing bumi iki, Panjenengané babar pisan ora bakal jumeneng imam, amarga ing kéné wis ana kang padha nyaosaké pisungsung manut angger-anggering Torèt.
5 Anggoné padha leladi ana ing kémah iku minangka gambar lan wewayangané apa kang ana ing swarga, kaya kang kapangandikakaké marang Musa, nalika arep ngadani yasa kémah, "gatèkna," mangkono dhawuhé, "kabèh iku kudu sira gawé manut conto kang wis katedahaké marang sira ana ing ndhuwur gunung iku."
6 Nanging saiki Panjenengané wis tampa ayahan kang luwih agung, amarga Panjenengané jumeneng Pantaraning prajanjian kang luwih mulya, kang linandhesan prajanji kang uga luwih mulya.
7 Sabab menawa prajanjian kang kawitan iku tanpa cacad, kang kapindho ora bakal digolèkaké panggonan manèh.
8 Déné Panjenengané nglepataké wong-wong iku nalika ngandika, "Satemené, bakal tumeka ing waktuné," mangkono pangandikané Gusti, "Ingsun bakal mranata prajanjian anyar kalawan turuné Israèl sarta turuné Yéhuda,
9 ora kaya prajanjian kang wis sunpranata karo para leluhuré wong-wong iku, nalika Ingsun nganthi wong-wong iku sunirid metu saka tanah Mesir. Amarga wong-wong iku padha ora setya marang prajanjianingsun, sarta Ingsun nampik wong-wong iku," mangkono pangandikané Gusti
10 "Iya iki prajanjian kang bakal sunpranata kalawan turuné Israèl sawisé waktu iku," mangkono pangandikané Gusti "Ingsun bakal maringaké angger-anggeringsun ana ing budiné, sarta sunserat ing atiné, satemah Ingsun bakal jumeneng Allahé sarta wong-wong iku bakal dadi umatingsun.
11 Sarta wong-wong iku ora bakal padha mulang manèh marang pepadhané warga utawa marang pepadhané sadulur kanthi ngucap: Wanuha marang Gusti! Amarga kang cilik dalah kang gedhé, kabèh bakal padha wanuh marang Ingsun.
12 Awit Ingsun bakal paring sih-piwelas tumrap kaluputané sarta ora bakal ngèngeti marang dosa-dosané."
13 Nalika Panjenengané ngandika bab prajanjian anyar, iya mratélakaké menawa kang kawitan iku prajanjian kang wis dadi lawas. Sarta apa kang wis dadi lawas lan kadaluwarsa iku wis cepak sirnané.

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: Ibrani 8
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: Ibrani 8

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke