1 Awitdéné saben imam agung, kang kapiji saka ing antarané manungsa, iku katetepaké kanggo manungsa minangka pantaraning manungsa karo Allah, supaya nyaosaké pisungsung sarta kurban karana dosa.
2 Panjenengané kudu saged tumut ngraosaké kaanané para wong kang ora ngerti lan kang kesasar, amarga panjenengané piyambak uga kebak ing kaapesan,
3 kang ngudokaké saos kurban panebusing dosa, ora mung kanggo para umat, nanging uga kagem panjenengané piyambak.
4 Sarta ora ana wong kang nggunakaké kaurmatan iku kanggo awaké dhéwé, nanging katimbalan déning Allah kaya kang wis kelakon tumrap Harun.
5 Mangkono uga Kristus ora mulyakaké sarirané piyambak sarana jumeneng Imam Agung, nanging kamulyakaké déning Panjenengané kang ngandikani, "Sira iku Putraningsun! Sira wis Sunputrakaké ing dina iki,"
6 iya kaya pangandikané Allah ing ayat liyané manèh, "Sira iku dadi Imam kanggo salawas-lawasé, manut pranatané Mèlkisèdèk."
7 Nalika sugengé cara manungsa, Panjenengané wis ngaturaké pandonga sarta panyuwun kanthi pasambat lan muwun marang Sang Rama, kang kwaos milujengaké saka pati, sarta marga saka kamursidané Panjenengané wis dipiyarsakaké.
8 Sanadyan Panjenengané iku Putra, éwasamono wis sinau mbangun-turut sarana anggoné nandhang sangsara,
9 lan sawisé Panjenengané kasampurnakaké, banjur dadi sumbering karahayon kang langgeng tumrap sakèhing wong kang mituhu marang Panjenengané,
10 sarta Panjenengané katimbalan dadi Imam Agung déning Allah, manut pranatané Mèlkisèdèk.
11 Mungguh prakara iku akèh kang kudu padha dakkandhakaké, ananging angèl diterangaké, marga kowé wis padha lamban menawa ngrungokaké.
12 Sabab sanadyan kowé kuduné wis padha dadi guru, yèn kapirid saka ing waktu, éwadéné kowé isih prelu diwulang manèh bab dhasar-dhasaring pangandikané Allah sarta kowé isih mbutuhaké banyu susu, dudu pangan kang akas.
13 Amarga saben wong kang isih butuh banyu susu, iku durung ngerti piwulang bab kang bener, sabab isih dadi bayi suson.
14 Nanging pangan kang akas iku kanggo para wong diwasa, kang duwé pangerti kang wus digladhi kanggo mbédakaké kang becik lan kang ala.

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: Ibrani 5
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: Ibrani 5

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke