1 Marga saka iku, payo padha diwaspada, supaya aja nganti ana wong ing antaramu kang kaanggep kèri, sanadyan prasetya bab lumebu ing paleremaning Panjenengané isih tumindak.
2 Amarga kita uga padha kawartanan kabar kabungahan, padha kaya wong-wong iku, nanging pangandika kang kawartakaké iku tanpa guna tumrap wong-wong mau, jalaran ora tinunggilaké ing pracaya karo wong-wong kang padha ngrungokaké.
3 Awit, kita kang padha pracaya, bakal lumebu ing papan palereman, kaya kang kapangandikakaké déning Panjenengané, "Temahan Ingsun supaos sajroning dukaningsun: Wong-wong iku mesthi padha ora bakal lumebu ing papan paleremaningsun" sanadyan pakaryané wis rampung wiwit jagat tinalesan.
4 Amarga bab dina kapitu iku wis tau ana pangandika mangkéné, "Lan ing dina kapitu Allah kèndel saka pakaryané kabèh."
5 Ing pangandika iku, kita maca, "Wong-wong iku bakal ora lumebu ing papan paleremaningsun."
6 Dadi, wus cetha menawa ana sawatara wong kang bakal lumebu ing papan palereman iku, déné wong-wong kang wis luwih dhisik diwartani kabar kabungahan iku ora lumebu, amarga ora padha mbangun-turut.
7 Mulané, Panjenengané nemtokaké dina manèh, yaiku "dina iki", nalika Panjenengané ngandika lantaran Daud suwé sawisé iku, kaya kang wis kasebut ing ngarep mau, "Ing dina iki, menawa sira padha krungu swantené, aja padha mangkotaké atinira!"
8 Jalaran, saupama Yosua wis nglebokaké wong-wong iku ing papan palereman, mesthi sawisé mangkono Allah ora bakal ngandikakaké dina liyané manèh.
9 Dadi isih ana dina palereman, dina kapitu kanggo umaté Allah.
10 Awit sapa kang wis lumebu ing papan paleremané Allah, wong iku dhéwé wis lèrèn saka sakèhing pagawéané, padha kaya Allah anggoné kèndel saka pakaryané.
11 Mulané luwih becik kita mbudi-daya lumebu ing palereman iku, supaya aja nganti ana kang tiba amarga nuladha marang pambaléla kang kaya mangkono.
12 Sabab pangandikané Allah iku gesang lan kiyat sarta luwih landhep tinimbang sakèhing pedhang kang landhep kiwa-tengen. Nunjem jero nganti misahaké nyawa lan roh, ros-rosan lan sungsum; bisa ngadili pikiran sarta pangangen-angening ati kita.
13 Ora ana titah siji baé kang sinamar ana ing ngarsané, jalaran samubarang kabèh katon ngeblak lan binuka ana ing ngarsaning paningalé, kang mundhut supaya kita padha ngaturaké tanggung jawab kita.
14 Sarèhné kita padha duwé Imam Agung Pinunjul, kang wus sumengka nratas sakèhing langit, yaiku Yésus, Putraning Allah, mulané kita padha ngantepana sahadat kita.
15 Awit Imam Agung kita iku dudu imam agung kang ora bisa ngrasakaké sakèhing kaapesan kita. Nanging malah kang padha karo kita, Panjenengané wis ngalami kagodha nanging ora damel dosa.
16 Kang iku payo padha sowan kalawan tatag marang dhamparing sih-rahmat, supaya kita olèh palimirma sarta nemu sih-rahmat kang njalari kita kapitulungan ing waktuné.