1 Saka Paulus, rasul kang ora marga saka manungsa lan ora déning kekarepané manungsa, nanging déning Yésus Kristus lan Allah, Sang Rama, kang wis mungokaké Panjenengané saka antarané wong mati,
2 lan saka sakèhé sadulur tunggal pracaya kang dadi kanthiku, marang pasamuwan-pasamuwan ing Galatia:
3 Sih-rahmat anaa ing kowé kabèh lan tentrem-rahayu saka Allah, Rama kita, lan saka Gusti Yésus Kristus,
4 kang wis masrahaké sarirané karana dosa-dosa kita, supaya kita kaluwaran saka jagat-ala kang saiki iki, manut karsané Allah lan Rama kita,
5 kang sayogya kaluhurna ing salawas-lawasé! Amin.
6 Aku gumun, déné kowé énggal temen padha nyingkur Panjenengané, kang marga sih-rahmaté Kristus wis nimbali kowé, sarta banjur kèlu marang injil liyané,
7 kang satemené dudu Injil; mung jalaran ana wong kang ngisruhaké kowé lan kang sumedya ngingar-inger Injilé Kristus.
8 Nanging sanadyan aku kabèh utawa malaékat saka ing swarga martakaké marang kowé injil kang béda karo Injil kang wus padha dakwartakaké marang kowé, iku kenaa ing laknat!
9 Kaya anggonku biyèn wus padha mituturi, saiki iku dakkandhakaké sapisan manèh: menawa ana wong kang martakaké marang kowé kabèh injil kang béda karo kang wus koktampani, iku kenaa ing laknat!
10 Dadi kepriyé saiki: kang dakgolèki iku senengé manungsa apa renané Allah? Apa aku ngudi gawé senengé manungsa? Saupama aku isih kepéngin gawé senengé manungsa, dadi aku dudu abdiné Kristus.
11 Amarga aku wis tau nerangaké kanthi cetha marang kowé, para Sadulur, menawa Injil kang dakwartakaké iku dudu injil kang saka manungsa.
12 Awit anggonku nampani ora saka manungsa, lan iya dudu manungsa kang mulangaké bab iku marang aku, nanging marga saka wangsité Yésus Kristus.
13 Sabab kowé wis padha krungu bab uripku biyèn ana ing wewengkoné agama Yahudi: Luwih déning banget anggonku nguya-uya lan ngudi sirnané pasamuwaning Allah.
14 Malah, ing bab agama Yahudi aku ngluwihi kanca-kanca akèh tunggal bangsa sabarakanku; aku dadi wong kang sregep banget ngleluri adat-tata-carané para leluhurku.
15 Nanging bareng Allah, kang wis miji aku wiwit aku isih ana ing guwagarbaning ibuku, lan nimbali aku marga saka sih-rahmaté,
16 kepareng mbabaraké Kang Putra ana ing aku, supaya aku martakaké Panjenengané ana ing antarané bangsa-bangsa kang dudu bangsa Yahudi, aku babar pisan ora njaluk rembugé manungsa.
17 Aku uga ora lunga menyang Yérusalèm nemoni para wong kang wus dadi rasul sadurungé aku, nanging aku menyang tanah Arab, lan saka ing kono bali manèh menyang Damsyik.
18 Sawusé telung taun aku banjur menyang Yèrusalèm prelu nemoni Kéfas lan aku nginep ing dalemé limalas dina.
19 Nanging aku ora ketemu rasul liyané siji-sijia, kajaba Yakobus, sadhèrèké Gusti Yésus.
20 Padha gatèkna: Ana ing ngarsané Allah aku mesthèkaké, menawa kang daktulis marang kowé iki nyata. Aku ora goroh.
21 Sawisé iku aku banjur menyang wilayah Siria lan Kilikia.
22 Nanging pasamuwan-pasamuwané Kristus ing Yudéa tetep ora padha weruh marang rupaku;
23 mung padha krungu, menawa wong kang biyèn nguya-uya wong-wong mau, saiki martakaké iman kang biyèn diarah sirnané.
24 Lan wong-wong mau banjur padha ngluhuraké Allah marga aku.