1 Saka Paulus lan Timotius abdi-abdiné Kristus Yésus marang sakèhing para suci ana ing Kristus Yésus kang ana ing Filipi lan para pamomongé pasamuwan sarta para Dhiaken.
2 Sih-rahmat lan tentrem-rahayu saka Allah Rama kita lan saka Gusti Yésus Kristus anaa ing kowé kabèh.
3 Aku saos sokur marang Allahku, saben-saben aku ngélingi marang kowé kabèh.
4 Lan saben aku ndongakaké kowé kabèh, anggonku ndedonga tansah kalawan bungah.
5 Aku ngunjukaké panuwun marang Allahku marga saka anggonmu padha tetunggalan ing bab Injil wiwit ing dina wiwitan nganti sapréné.
6 Tumraping iku aku yakin banget, menawa Panjenengané, kang miwiti pakaryan becik ana ing antaramu, iku bakal nglajengaké nganti tumeka ing wekasané, ing dinané Kristus Yésus.
7 Pancèn wis sapantesé menawa aku mikir mangkono tumraping kowé kabèh, awit kowé padha klebu ing atiku, amarga kowé kabèh padha olèh panduman ing sajroning sih-rahmat kang kaparingaké marang aku, iya nalikané aku dikunjara, iya nalikané mbélani sarta ngantepi Injil.
8 Awit Allah kang dadi seksiku, kaya apa kangenku marang kowé kabèh kalawan sih-katresnané Kristus Yésus.
9 Lan iya iki pandongaku: Muga-muga katresnanmu saya mundhak-mundhak ing kawruh kang bener lan ing sarupaning pangertèn,
10 satemah kowé padha bisa milih apa kang becik, supaya kowé padha dadi resik lan ora cacad ndungkap dinané Kristus,
11 padha kapenuhan wohing kayektèn pakaryané Yésus Kristus minangka kamulyan lan pamuji tumrap Allah.
12 Kang dakkarepaké, para Sadulur, supaya kowé padha sumurup, menawa apa kang wus dakalami iki, malah njalari majuning Injil,
13 satemah dadi cetha tumrap sakèhing punggawa kraton lan wong liya-liyané kabèh, menawa aku dikunjara marga saka Kristus.
14 Apa manèh Sadulur ing patunggilané Gusti, akèh-akèhé wus nampa keyakinan marga saka anggonku dikunjara lan dadi luwih kendel sarta ora kalawan wedi anggoné nglairaké pangandikaning Allah.
15 Ana wong martakaké Kristus amarga drengki lan dhemen pasulayan, nanging ana uga kang martakaké Panjenengané kalawan sedya kang becik.
16 Wong iki padha martakaké Kristus marga saka tresna, awit padha ngerti, menawa aku ana ing kéné kanggo mbélani Injil,
17 nanging liyané marga saka kabutuhané dhéwé lan ora kanthi kekarepan kang éklas, pangirané bisa ngundhakaké aboté kasangsaranku ana ing pakunjaran.
18 Nanging ora dadi apa, awit sanadyan ta kepriyé baé Kristus kawartakaké, apa kanthi sedya kang palsu, apa kanthi jujur. Tumrap iku aku bungah. Lan aku bakal tetep bungah,
19 awit aku sumurup menawa kawusanané iki kabèh iku karahayonku sab ab saka pandongamu lan pitulunganing Rohé Yésus Kristus.
20 Amarga kang banget dakpéngini lan dakarep-arep, yaiku yèn tumraping samubarang kabèh aku ora bakal kewirangan, nanging kaya sing uwis-uwis, mangkono uga saiki, Kristus kanthi cetha kaluhuraké ana ing badanku, dadia sarana uripku, utawa sarana patiku.
21 Awit mungguh ing aku urip iku Kristus, déné mati iku kabegjan.
22 Nanging menawa aku kudu urip ana ing donya iki, iku tumraping aku ateges nyambut-gawé ngetokaké woh. Dadi endi kang kudu dakpilih, aku ora ngerti.
23 Aku kabereg déning rong prakara: Aku kepéngin lunga lan nunggal karo Kristus -- iku pancèn luwih déning becik;
24 nanging urip ana ing donya iki isih luwih prelu marga saka kowé kabèh.
25 Lan ing sajroning keyakinan iki aku mangerti: aku isih bakal manggon lan urip bebarengan manèh karo kowé kabèh, supaya kowé padha sangsaya maju lan bungah-bungah ana ing sajroning pracaya,
26 temahan sangsaya mongkog anggonmu ana ing Kristus Yésus marga saka aku, samangsa aku nekani kowé manèh.
27 Mung baé kelakuanmu kacundhukna karo Injilé Kristus, supaya menawa aku teka aku ndeleng, déné menawa aku ora teka aku krungu, yèn kowé padha mantep tunggal roh lan saiyeg padha mbudidaya sakatogé kanggo pangandel kang tuwuh saka Injil
28 kalawan ora wedi babar pisan marang mungsuhmu. Iku mau kabèh tumraping mungsuh-mungsuhmu dadi pratandhaning karusakan, nanging tumrap kowé kabèh dadi pratandhaning karahayon, lan iku asalé saka Allah.
29 Amarga kowé wis padha kaparingan kanugrahan ora mung supaya pracaya marang Kristus baé, nanging uga supaya nandhang sangsara kagem Panjenengané,
30 padha kaya tarungku kang wus kokdeleng biyèn, lan kang saiki kokrungu mungguh ing aku.

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: Filipi 1
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: Filipi 1

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke