1 Awit saka iku padha nulada marang Allah, dikaya putra-putra kang kinasihan
2 lan padha uripa ing katresnan, kayadéné Kristus Yésus uga wis ngasihi kowé kabèh lan masrahaké sarirané kanggo kita minangka pisungsung lan kurban kang arum kagem Allah.
3 Nanging, kaya kang pantes tumraping para suci, laku-cabul lan sarupané pratingkah rusuh utawa kasrakahan iku aja nganti tinemu ana ing antaramu, sanadyana mung kasebut baé.
4 Samono uga aja ngucap tetembungan kang kotor, clemang-clemong utawa sembranan -- marga iku kabèh ora pantes -- nanging luwih prayoga ngucapa pamuji sokur.
5 Awit padha élinga temenan bab iki: Ora ana sundel, wong kang najis utawa kang srakah, yaiku kang nyembah brahala, olèh panduman ana ing kratoné Kristus lan Allah.
6 Aja nganti kowé kena disasaraké kanthi tetembungan kang ngayawara, awit prakara-prakara kang mangkono iku nekakaké dedukaning Allah tumrap wong-wong duraka.
7 Marga saka iku aja nganti kowé kekancan karo wong-wong iku.
8 Pancèn, biyèn kowé iku pepeteng, nanging saiki kowé iku pepadhang ana ing Gusti. Mulané uripa kaya putra-putraning pepadhang.
9 Marga wohing pepadhang iku mung sarupaning kabecikan, kaadilan lan kayektèn.
10 Lan titi-priksanen apa kang dadi keparengé Gusti.
11 Aja mèlu-mèlu pratingkahé pepeteng kang ora metokaké woh apa-apa. Nanging kosok-baliné welèhna pratingkah-pratingkah iku:
12 Awit mung ngucapaké baé apa kang katindakaké déning wong-wong iku ana ing pasingidan, iku wis jeneng saru.
13 Nanging samubarang kang wis kawiyak déning pepadhang iku dadi katon, awit kabèh kang katon iku pepadhang.
14 Awit saka iku ana pangucap, "Meléka, hé kowé kang turu lan tangia saka antarané wong mati, temahan Kristus bakal madhangi kowé."
15 Marga saka iku, padha gatèkna temenan kepriyé mungguhing uripmu, aja kaya wong kang bodho, nanging dikaya wong kang pinter,
16 lan pigunakna waktu kang isih ana, awit jaman iki ala.
17 Mulané aja padha bodho, nanging udinen supaya kowé ngreti, apa kang dadi karsané Gusti.
18 Lan aja nganti kowé mendem anggur, awit anggur iku nggugah hawa-napsu, nanging kapenuhana ing Roh,
19 lan padha ngucapa tumraping siji lan sijiné nganggo masmur, kidung pamuji lan kidung kasukman. Ngidunga lan surak-suraka kagem Gusti kanthi tulusing ati.
20 Tansah saosa sokur marang Allah Rama kita tumrap samubarang ing asmané Gusti kita Yésus Kristus.
21 Diandhap-asor tumraping siji lan sijiné ana ing sajroné wedi-asih marang Kristus.
22 Para wong wadon, manut mituruta marang somahmu dhéwé kayadéné marang Gusti,
23 awit kang lanang iku sesirahé kang wadon, kayadéné Kristus iya sesirahing pasamuwan. Iya Panjenengané kang jumeneng Pamartaning sarirané.
24 Awit saka iku kayadéné pasamuwan sumuyud marang Kristus, mangkonoa uga para wong wadon marang kang lanang tumraping sabarang prakara.
25 Para wong lanang, padha tresnaa marang somahmu kayadéné Kristus anggoné wis ngasihi pasamuwané nganti masrahaké sarirané kanggo pasamuwan iku,
26 supaya dadi suci, sawusé Panjenengané nucèkaké pasamuwan srana padusan banyu lan pangandika;
27 kanthi mangkono pasamuwan kapapanaké ana ing ngarsané, éndah tanpa cacad lan ora njengkerut utawa sapepadhané, satemah pasamuwan dadi suci lan tanpa cacad.
28 Mangkono uga para wong lanang padha kudu tresna marang somahé dhéwé kaya marang awaké dhéwé: Sing sapa tresna marang somahé dhéwé, iku nresnani awaké dhéwé.
29 Marga ora tau ana wong sengit marang awaké dhéwé, nanging awaké mau malah diopèni lan diupakara, padha kaya Kristus marang pasamuwan,
30 awit kita iki gegelitaning sarirané.
31 Marga saka iku wong lanang bakal ninggal bapa lan biyungé lan rumaket marang somahé, temahan sakaroné iku dadi daging siji.
32 Iki wewadi gedhé, nanging kang dakkarepaké yaiku gegayutané Kristus karo pasamuwan.
33 Dadi tumraping kowé: Padha tresnaa marang somahmu dhéwé kaya marang awakmu dhéwé, déné para wong wadon padha ngajènana marang kang lanang.

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: Efesus 5
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: Efesus 5

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke