1 Mangertia, iba gedhéné katresnan kang kaparingaké déning Sang Rama marang kita, nganti kita padha kasebut para putraning Allah, lan kita pancèn para putraning Allah. Mulané jagat ora wanuh marang kita, amarga jagat iku ora wanuh marang Panjenengané.
2 Para Sadulurku kang kinasih, saiki kita padha dadi putraning Allah, ananging durung cetha kepriyé kaanan kita ing tembé. Nanging kita padha sumurup, samangsa Kristus ngatingal, kita bakal dadi padha karo Panjenengané, amarga kita bakal padha ndeleng kaananing Panjenengané ing sanyatané.
3 Saben wong kang duwé pangarep-arep mangkono marang Panjenengané, wong iku nucèkaké awak kayadéné Panjenengané iku suci.
4 Saben wong kang nglakoni dosa, iku uga nerak angger-anggeré Allah, sabab dosa iku panerak tumrap angger-anggering Allah.
5 Lan kowé padha sumurup yèn anggoné Panjenengané wis rawuh, iku prelu mbirat sakèhing dosa, sarta Panjenengané iku ora kadunungan dosa.
6 Saben wong kang tetep ana ing Panjenengané, iku ora gawé dosa manèh; saben wong kang tetep gawé dosa, iku ora tau weruh lan ora tau wanuh marang Panjenengané.
7 Anak-anakku, kowé aja gelem disasaraké déning sapa baé. Sapa kang nindakaké apa kang bener iku kadunungan kayektèn, padha kaya Kristus iku leres.
8 Sapa kang tetep nindakaké dosa, iku asalé saka Iblis, sabab Iblis anggoné gawé dosa wus wiwit wiwitan mula. Déné rawuhé Putraning Allah iku supaya nglebur sakèhing panggawéné Iblis.
9 Saben wong kang lairé saka Allah, iku tansah ora nglakoni dosa; amarga wijining ka-Allahan tetep ana ing batiné, lan ora bisa tansah nglakoni dosa, amarga lairé saka ing Allah.
10 Iki titikané para putraning Allah lan para anaké Iblis; sapa baé kang ora nindakaké apa kang bener iku asalé ora saka Allah, mangkono uga kang ora tresna marang saduluré tunggal pracaya.
11 Sabab iya iki pawarta kang wis padha kokrungu saka wiwitan mula, yaiku supaya kita padha tresna-tinresnan.
12 Aja kaya Kain, kang asalé saka si jahat sarta matèni adhiné. Apa sababé anggoné matèni iku? Amarga sakèhing panggawéné ala, lan panggawéning adhiné becik.
13 Para Sadulur, aja padha gumun menawa jagat padha sengit marang kowé.
14 Kita padha sumurup, yèn kita wis padha pindhah saka ing pati marang urip, yaiku marga kita padha tresna marang para Sadulur kita tunggal pracaya. Sapa wong kang ora nresnani, iku tetep dumunung ana ing pati.
15 Saben wong kang sengit marang saduluré tunggal pracaya iku ateges matèni saduluré mau. Lan kowé padha sumurup, menawa wong sing seneng matèni iku ora kadunungan urip langgeng.
16 Sarana iki anggon kita nyumurupi katresnané Kristus, yaiku: Panjenengané wis masrahaké nyawané kanggo kita; dadi kita iya padha duwé kuwajiban masrahaké nyawa kita kanggo sadulur-sadulur kita tunggal pracaya.
17 Sapa sing uripé ing donya kalubèran, mangka weruh saduluré tunggal pracaya kacingkrangan, éwadéné nutup lawanging atiné tumrap saduluré mau, kepriyé bisané kasebut yèn katresnaning Allah tetep dumunung ing wong iku?
18 Anak-anakku, anggon kita padha tresna aja kalawan tembung utawa ilat, nanging sarana panggawé sarta ing sajroning kayektèn.
19 Mangkono iku anggon kita padha nyumurupi, yèn asal kita iku saka ing kayektèn lan bisa nentremaké ati kita ana ing ngarsané Allah,
20 samangsa ati kita melèhaké kita. Sabab kaagungané Allah iku ngluwihi ati kita sarta Panjenengané ngawuningani samubarang.
21 Para Sadulurku kang kinasih, menawa ati kita ora melèhaké kita, dadi kita padha kanthi teguh ing pracaya sowan ing ngarsané Allah,
22 lan apa baé kang padha kita suwun, bakal kaparingaké marang kita, amarga kita padha netepi sakèhing pepakoné sarta nglakoni apa kang ndadèkaké keparengé.
23 Anadéné pepakoné iya iku, supaya kita padha pracaya marang asmané Yésus Kristus, Kang Putra, lan supaya padha tresna-tinresnan cundhuk karo pepakon kang kadhawuhaké déning Panjenengané marang kita.
24 Sapa kang netepi sakèhing pepakoné, iku dumunung ana ing Allah, lan Allah ing wong iku. Déné anggon kita padha sumurup yèn Allah dumunung ana ing kita iku sarana Roh kang wis kaparingaké marang kita.