1 Wong kang wis tuwa aja koksrengeni, nanging élingna kayadéné marang bapa. Wong nom-noman padha élingna kayadéné sadulurmu,
2 para wong wadon kang wis tuwa kayadéné ibu, para wong wadon kang isih enom kayadéné adhimu, kalawan ati kang resik.
3 Para randha kang tetep dadi randha lan uripé ijèn, iku padha ajènana.
4 Nanging randha kang duwé anak utawa putu, anak utawa putuné iku prayogané luwih dhisik padha sinau bekti marang kulawargané dhéwé lan males kabecikané wong-tuwané tuwin embahé, amarga iku kang dadi keparengé Allah.
5 Déné randha kang tetep dadi randha, kang uripé mung ijèn, iku pangarep-arepé marang Allah lan tansah nenuwun sarta ndedonga rina-wengi.
6 Nanging randha kang uripé nguja kasenengan, iku wis mati sajroning urip.
7 Sakèhé randha mau padha élingna bab-bab iki, supaya uripé tanpa cacad.
8 Déné menawa ana kang ora mikiraké sanak-saduluré, apamanèh brayaté, iku wis murtad lan luwih ala katimbang karo wong kang ora pracaya.
9 Randha kang kadhaftar iku kang umuré ora kurang saka sewidak taun, kang mung omah-omah sapisan
10 lan kabuktèn anggoné wis nindakaké panggawé becik, kayata: Nggulawenthah anak, dhemen awèh pamondhokan, ngwisuhi sikilé para Sadulur tunggal pracaya, nulungi wong kang uripé kesrakat, cekaké kang tansah mrelokaké nindakaké sarupaning panggawé becik.
11 Para randha kang luwih enom iku aja kokdhaftar, awit menawa kataman napsu birai kang njalari pisahé saka Kristus, banjur padha kepéngin omah-omah,
12 satemah padha nyingkur kasetyané kang sekawit marang Panjenengané, iku padha nekakaké paukuman tumrap awaké dhéwé.
13 Sarta manèh, sarana mlebu-metu ing omahé wong, padha kulina kesèd-kesèdan, malah ora mung kesèd-kesèdan baé, nanging iya seneng nyatur lan nyampuri urusané wong liya sarta ngandhak-ngandhakaké prakara kang ora patut.
14 Awit saka iku karepku supaya randha-randha kang isih enom padha omah-omah manèh, padha duwé anak, nuntun brayaté sarta aja padha awèh dhadhakan marang mungsuh, kanggo ngala-ala jeneng kita.
15 Amarga wis ana sawatara randha kang kesasar nuruti Iblis.
16 Menawa ana wong kang pracaya, lanang utawa wadon, kang ing brayaté ana randha-randhané, wong iku mbiyantua para randha mau, supaya padha ora dadi sesanggané pasamuwan. Sarana mangkono, pasamuwan bisa mitulungi randha kang uripé ijèn.
17 Para pinituwa kang becik pangrèhé iku pantes diajèni tikel loro, luwih manèh kang kanthi tumemen anggoné khotbah lan memulang.
18 Sabab ing Kitab Suci ana pangandika mangkéné, "Sapi kang lagi dianggo nggiling aja dibrangus," lan manèh, "Wong kang nyambut-gawé iku patut olèh pituwasé."
19 Aja ngladèni pandakwa marang sawijining pinituwa, kajaba yèn ana seksiné loro utawa telu.
20 Wong-wong kang padha nglakoni dosa iku welèhna ing ngarepé wong kabèh, supaya wong-wong liyané uga padha wedi.
21 Ana ing ngarsané Allah lan Kristus Yésus sarta para malaékat pepilihané, aku weling kalawan temen-temen marang kowé: Gatèkna pituduh iki tanpa sangga-runggi lan tumindakmu ing samubarang ditanpa pilih kasih.
22 Aja kesusu numpangaké tangan marang wong lan aja nganti katut ing dosané wong liya. Jaganen resiking atimu dhéwé.
23 Aja mung ngombé banyu baé, nanging tambahana anggur sathithik, amarga wetengmu ringkih lan awakmu kerep lara.
24 Dosané wong sawatara iku wis cetha banget, kaya-kaya ndhisiki wong-wong mau menyang pangadilan, nanging dosané wong sawatara manèh lagi cetha mbésuk.
25 Samono uga panggawé becik iku énggal kasumurupan, lan yèn ora mangkono, panggawé iku tetep ora tansah kaaling-alingan.

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: 1 Timotius 5
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: 1 Timotius 5

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke