1 Saka Pétrus rasulé Yésus Kristus, marang kang padha neneka kang sumebar ana ing Pontus, Galatia, Kapadokia, Asia-Cilik lan Bitinia,
2 yaiku para kang pinilih miturut rancanganing Allah, Rama kita sarta kang kasucèkaké déning Roh, supaya padha mbangun turut marang Yésus Kristus lan nampa ciprataning rahé. Sih-rahmat lan tentrem-rahayu saya lubèra ana ing kowé.
3 Pinujia Allah Ramané Gusti kita Yésus Kristus, kang marga saka gunging sih-palimirmané wis nglairaké kita manèh lantaran wunguné Yésus Kristus saka ing antarané wong mati, tumuju marang urip kang kebak pangarep-arep
4 supaya kita padha nampa warisan kang ora bisa sirna, ora cacad sarta ora bisa alum, kang kasimpen ana ing swarga kanggo kowé kabèh.
5 Yaiku, kowé kang padha kareksa déning pangwaosing Allah lantaran pracayamu, sajroné kowé padha nganti-anti marang karahayon kang wis cumawis bakal kawedharaké ing dina wekasaning jaman.
6 Padha bungah-bungaha tumrap prakara iku, sanadyan ing wektu iki kowé isih padha kudu prihatin kanggo sawatara mangsa, marga saka anané godha-rencana warna-warna.
7 Kabèh iku mau pamrihé supaya tetéla murnining pangandelmu -- kang ajiné luwih banget katimbang ajiné emas kang bisa rusak, kang kauji murniné srana geni -- satemah kowé padha nampa pangalembana sarta kamulyan lan kaurmatan, bésuk ing dinané Yésus Kristus mbabaraké sarirané.
8 Sanadyan kowé durung tau weruh dhéwé Panjenengané, nanging padha koktresnani. Kowé pracaya marang Panjenengané, sanadyan saiki ora padha nyipati dhéwé. Padha sukarenaa kanthi kabungahan kang mulya lan kang ora bisa kaucapaké,
9 amarga kowé wis padha bisa nggayuh tujuané pracayamu, yaiku kaslametaning nyawamu.
10 Iya kaslametan iku kang wis dititi-priksa sarta diteliti déning para nabi kang wis padha meca bab sih-rahmat kang kacawisaké marang kowé.
11 Déné para nabi iku padha niti-priksa: Kapan wektuné lan kepriyé kang kakersakaké déning Rohé Kristus, kang ana ing batiné, yaiku Roh kang sadurungé paring paseksi bab sakèhing kasangsaran kang bakal nempuh marang Kristus sarta bab sakèhing kamulyan sawisé iku.
12 Marang para nabi iku wis kapratélakaké, menawa ora padha ngladosi sarirané piyambak, nanging ngladèni kowé kanthi samubarang kang saiki wis kawartakaké marang kowé déning wong-wong, kang padha nggelaraké Injil marang kowé kabèh, marga saka pakaryané Roh Suci kang kautus saka ing swarga, yaiku prakara-prakara kang kepéngin disumurupi déning para malaékat.
13 Mulané, cawisna akal-budimu sarta padha diwaspada, apadéné sakèhing pangarep-arepmu dhasarna ing sih-rahmat kang kaparingaké marang kowé ing waktu Yésus Kristus mbabaraké sarirané.
14 Uripmu dikaya bocah kang mbangun turut, aja nuruti hawa-napsu kang ngwasani kowé nalika kowé isih padha bodho.
15 Nanging kowé padha dadia suci ing sajroning uripmu, kayadéné Panjenengané kang suci, kang wis nimbali kowé,
16 sabab ana tulisan mangkéné: Sira padha dadia suci, jalaran Ingsun iki suci.
17 Sarta menawa kowé padha nyebut Panjenengané Rama, yaiku kang ngadili wong kabèh manut panggawéné tanpa pilih-kasih, uripmu dikanthi wedi-asih sajroné kowé mondhok ing donya iki.
18 Sabab kowé mangerti, menawa wis padha katebus saka kalakuanmu kang tanpa guna, kang kokwarisi saka para leluhurmu iku, ora sarana barang kang bisa sirna, uga ora kalawan salaka utawa emas,
19 nanging sarana getih kang aji banget, yaiku rahé Kristus kang padha kaya getihing cempé kang tanpa cacad lan tanpa blentong.
20 Panjenengané iku wis pinilih sadurungé jagat katitahaké, nanging marga saka kowé, Panjenengané mbabaraké sarirané, ing jaman wekasan.
21 Marga saka Panjenengané, kowé padha pracaya marang Allah kang wis mungokaké Panjenengané saka ing antarané wong mati sarta kang wis maringi kamulyan marang Panjenengané, satemah pracayamu lan pangarep-arepmu tumuju marang Allah.
22 Sarèhné kowé wis nucèkaké nyawamu sarana pambangunturut marang kayektèn, satemah padha bisa nindakaké katresnaning pasaduluran kang tulus-éklas, mulané padha tumemena anggonmu tresna-tinresnan kanthi gumolonging atimu.
23 Jalaran kowé wis padha kalairaké manèh ora saka wiji kang bisa sirna, nanging saka wiji kang langgeng, lantaran pangandikaning Allah kang gesang lan kang langgeng.
24 Sabab, "Sakèhing manungsa iku kaya suket sarta kaluhurané kabèh iku kaya kembangé, suketé dadi garing, lan kembangé padha gogrog,
25 nanging pangandikané Pangéran iku tetep ing salawas-lawasé." Iya pangandika iku Injil kang wis kawartakaké marang kowé.