1 Padha nggayuha katresnan lan ngudia ganjaran-ganjaran saka Roh, luwih-luwih peparing bab medhar wangsit.
2 Sapa kang ngucapaké basa roh, iku pangucapé ora tumuju marang manungsa nanging marang Allah. Sabab ora ana wong kang ngerti basané, déning Roh wong iku ngucapaké bab-bab kang winadi.
3 Balik sapa kang medhar wangsit iku, anggoné ngucap marang manungsa awujud pambangun, pitutur sarta panglipur.
4 Sing sapa guneman nganggo basa roh, iku mbangun awaké dhéwé; balik sapa kang medhar wangsit iku mbangun pasamuwan.
5 Aku seneng baé menawa kowé kabèh padha bisa ngucap nganggo basa roh, nanging luwih seneng manèh menawa kowé padha medhar wangsit. Sabab sapa kang medhar wangsit iku luwih migunani katimbang karo kang ngucap nganggo basa roh, kajaba menawa wong iku iya banjur nerangaké jarwané, satemah pasamuwan kabangun.
6 Kang iku para Sadulur, saupama aku nekani kowé lan ngucap nganggo basa roh, iku apa paédahé tumraping kowé, menawa aku ora mratélakaké bab wahyu, apa kawruh, apa pamedhar wangsit apa piwulang?
7 Iku padha baé karo piranti kang tanpa nyawa, nanging bisa muni, kayata suling lan clempung - yèn iku swarané ora béda, kepriyé bisané wong nyumurupi lagu apa kang diunèkaké nganggo suling utawa clempung mau?
8 Utawa menawa swarané slomprèt ora cetha, sapa kang bakal siyaga ing perang?
9 Mangkono uga kowé, kang padha guneman nganggo basa roh: menawa kowé ora migunakaké tembung-tembung kang cetha, kepriyé bisané wong padha ngerti kang kokucapaké? Dadiné tetembunganmu tanpa guna kaya guneman karo angin!
10 Ana basa rupa-rupa ing jagat iki -- embuh pira cacahé -- éwasamono ora ana siji baé ing antarané basa-basa mau kang tanpa teges.
11 Nanging menawa aku ora ngerti marang basa mau, aku rak ateges dadi wong manca tumraping wong kang migunakaké basa iku, lan wong iku dadi wong manca tumraping aku.
12 Mangkono uga kowé: Kowé pancèn padha nggayuh marang peparingé Roh, nanging luwih becik manèh padha ngudia, supaya kowé bisa migunakaké kanggo pambanguning pasamuwan.
13 Mulané sing sapa ngucapaké basa roh, nyenyuwuna supaya bisa njarwakaké.
14 Sabab yèn anggonku ndedonga nganggo basa roh, iku rohku kang ndedonga, nanging akal budiku ora ngasilaké apa-apa.
15 Kang iku apa kang kudu daktindakaké? Aku arep ndedonga nganggo rohku, nanging aku uga ndedonga nganggo akal-budiku; aku arep ngidung lan memuji nganggo rohku, nanging uga ngidung lan memuji nganggo akal-budiku.
16 Sabab, menawa anggonmu muji sokur mung nganggo rohmu, wong lumrah kang padha ana ing kono, kepriyé anggoné padha bisa ngamini pamuji sokurmu iku? Wong mau rak ora padha ngerti apa kang kokucapaké?
17 Sabab sanadyan pamuji sokurmu iku becik banget, nanging wong liya ora kabangun.
18 Aku saos sokur marang Allah, déné anggonku ngucapaké basa roh iku ngluwihi kowé kabèh.
19 Nanging ana ing pasamuwan aku luwih seneng ngucapaké limang tembung kang bisa dingretèni kanggo mulang wong liya, katimbang tembung pirang-pirang èwu ing basa roh.
20 Para Sadulur, pikiranmu aja kaya bocah. Ing bab piala baé dikaya bocah, nanging ing bab pikiran dikaya wong diwasa.
21 Ing angger-anggering Torèt ana tulisan mangkéné, "Ingsun bakal ngandikani bangsa iki lumantar wong kang basané séjé, sarta lumantar lambéné wong manca; éwasamono bangsa iku ora bakal ngrungokaké marang Ingsun, mangkono pangandikané Pangéran."
22 Dadiné basa roh iku minangka pratandha kanggo wong kang padha ora pracaya, ora kanggo wong kang padha pracaya; déné pamedhar wangsit iku minangka pratandha kanggo wong kang padha pracaya, ora kanggo wong kang padha ora pracaya.
23 Kang iku menawa pasamuwan kabèh padha nglumpuk, lan saben wong padha guneman nganggo basa roh, nuli ana wong njaba utawa wong kang ora pracaya padha lumebu, apa wong iku ora bakal padha ngarani, yèn kowé padha ngomyang?
24 Balik menawa kabèh padha medhar wangsit, nuli ana wong kang ora pracaya utawa wong anyar lumebu, iku bakal kayakinaké déning wong akèh, sarta dititi-priksa déning wong akèh mau;
25 sakèhé wewadi kang sumimpen ana ing batiné bakal kelair, satemah bakal sumungkem sujud marang Allah sarta ngakoni, "Sanyata Allah ana ing tengah-tengahmu."
26 Kang iku saiki kepriyé, para Sadulur? Samangsa kowé padha kumpulan, saben wong padha nyaosna: kang siji masmur, sijiné piwulang utawa wahyu, utawa peparing basa roh, utawa njarwakaké basa roh, nanging kabèh iku mau katindakna kanggo mbangun.
27 Déné menawa ana kang ngucap nganggo basa roh, beciké wong loro utawa akèh-akèhé wong telu baé, giliran, lan anaa siji kang njarwakaké.
28 Nanging menawa ora ana wong kang bisa njarwakaké, beciké wong-wong mau ana ing pasamuwan padha menenga baé, mung mosika ana ing atiné dhéwé, lan munjuk ana ing ngarsaning Allah.
29 Mungguhing nabi-nabi -- beciké anaa loro utawa telu saka ing antarané kang padha medharaké pitutur, déné liyané padha nimbang-nimbanga kang padha diwedharaké mau.
30 Nanging menawa wong panunggalané kang padha lungguhan iku ana kang kaparingan wahyu, prayogané kang dhisik iku menenga.
31 Marga kowé kabèh padha bisa gentènan medhar wangsit, satemah kowé padha olèh piwulang sarta olèh panglipur.
32 Karodéné rohing para nabi iku manut marang nabiné.
33 Awit kang dadi keparengé Allah iku dudu kaanan kang kisruh, nanging kaanan kang kebak tentrem-rahayu.
34 Padha kaya ana ing sakèhé pasamuwané para suci, yèn pinuju kumpulan wong wadon padha menenga, marga padha ora diparengaké guneman, nanging prelu padha sumuyud, kaya kang kapangandikakaké ana ing angger-anggering Torèt.
35 Déné menawa kepéngin nyumurupi apa-apa, beciké padha takona marang somahé ana ing omah. Awit ora pantes tumraping wong wadon menawa guneman ana ing pasamuwan.
36 Apa pangandikané Allah iku wiwité saka kowé? Utawa, apa tekané pangandika iku mung marang kowé dhéwé?
37 Menawa ana wong kang rumangsa dadi nabi utawa wong kasukman, iku kudu éling, menawa apa kang daktulis marang kowé iku, dhawuhé Gusti.
38 Nanging menawa wong iku ora nggatèkaké, iya aja kokgatèkaké.
39 Mulané, para Sadulurku, padha ngudia supaya tampa peparing medhar wangsit, lan aja ngalang-alangi wong kang guneman nganggo basa roh.
40 Nanging samubarang kabèh iku tumindaka kalawan patut lan tumata.