1 Sanadyan aku bisa ngucapaké sarupaning basané manungsa lan malaékat, nanging yèn sepi ing katresnan, aku padha baé kaya gong kang ngumandhang utawa kecèr kang gumenjrèng.
2 Sanadyan aku kadunungan peparing bisa medhar wangsit, ngerti sarupaning wewadi lan sumurup sakèhé kawruh, sarta sanadyan aku duwé pangandel kang sampurna nganti bisa mindhah gunung, nanging yèn aku sepi ing katresnan, iku aku ora aji babar pisan.
3 Lan sanadyan aku ndanakaké sabarang darbèkku kabèh, malah sanadyan aku masrahaké badanku supaya diobong, nanging yèn sepi ing katresnan, iku ora maédahi apa-apa marang aku.
4 Katresnan iku sabar; katresnan iku loma; ora kumèrèn, ora gumunggung lan kumenthus.
5 Katresnan iku ora saru polahé lan ora golèk kepénaké awaké dhéwé. Katresnan iku ora gampang nepsu lan ora nyimpen kaluputaning liyan.
6 Katresnan iku ora bungah awit saka anané tumindak kang ora adil, nanging awit saka kayektèn.
7 Katresnan iku nutupi samubarang, ngandel ing samubarang, ngarep-arep samubarang, nyabari samubarang.
8 Katresnan iku ora ana entèké; pamedhar wangsit iku bakal ana pungkasané; basa roh bakal sigeg; kawruh bakal sirna.
9 Awit kawruh kita iku ora ganep, lan pamedhar wangsit kita ora sampurna.
10 Nanging satekané kang sampurna, kang ora sampurna iku bakal sirna.
11 Nalika aku isih bocah, gunemanku kaya bocah, pangrasaku kaya bocah, pamikirku kaya bocah. Bareng saiki aku wus diwasa, kaananku kaya bocah mau wus dakbuwang.
12 Amarga kita saiki padha ndeleng gambar kang ora cetha ana ing pangilon, nanging bésuk kita bakal padha ndeleng adu arep. Saiki aku mung sumurup ora kalawan sampurna, nanging bésuk aku bakal sumurup kanthi sampurna, padha kaya anggonku kapirsanan.
13 Dadiné kari telung prakara iki, yaiku: Pracaya, pangarep-arep lan katresnan, nanging kang pinunjul dhéwé ing antarané iku, yaiku: katresnan.