1 Nem dina sadurungé riyaya Paskah, Yésus rawuh ing Bétania panggonané Lazarus kang wus katangèkaké saka ing antarané wong mati.
2 Ana ing kono Panjenengané disegah dhahar lan Marta ngladosi, déné Lazarus iya ndhèrèk kembul dhahar karo Yésus.
3 Maria banjur njupuk lenga wangi nared tulèn satengah liter kang larang regané, banjur dijebadaké ing sampéyané Yésus, nuli diusapi nganggo rambuté; lan gandané lenga kang kajebadaké mau ngebaki saomah kabèh.
4 Nanging sakabaté Yésus kang aran Yudas Iskariot, kang bakal ngulungaké Panjenengané, banjur ngucap,
5 "Yagéné lenga nared iku ora diedol telung atus dinar, banjur didanakaké marang para wong miskin?"
6 Pangucapé kang mangkono iku ora amarga saka anggoné nggatèkaké nasibé wong-wong miskin, nanging amarga iku gawéné nyolong, kerep nylingkuhaké dhuwit kang dadi rereksané.
7 Yésus tumuli ngandika, "Etogna baé Maria tumindak mangkono, iku pacawisan kanggo dinané anggonku kakubur.
8 Awit wong-wong miskin iku salawasé tansah ana ing antaramu, nanging Aku ora salawasé ana ing antaramu."
9 Akèh wong Yahudi kang padha krungu warta, menawa Yésus ana ing kono, banjur padha teka ora mung marga saka Yésus baé, nanging uga padha arep ndeleng Lazarus, kang wus katangèkaké saka ing antarané wong mati.
10 Para pangarepé imam tumuli padha rerembugan, sumedya matèni Lazarus pisan,
11 sabab marga saka wong iku akèh wong Yahudi kang padha nyingkur para pangarepé imam, sarta pracaya marang Yésus.
12 Ésuké bareng wong akèh kang padha teka mahargya riyaya krungu pawarta, menawa Yésus isih ana ing dalan arep tindak menyang Yérusalèm,
13 wong-wong iku banjur padha njupuk godhong-godhong palem, nuli metu padha methukaké Panjenengané, kambi surak-surak, "Hosana! Pinujia lan binerkahana Panjenenganipun ingkang rawuh atas asmanipun Pangéran, Rajanipun Israèl!"
14 Yésus manggih kuldi isih belo, nuli dititihi, kaya kang katulis, mangkéné,
15 "Hé, putri Sion, sira aja wedi, lah, tontonen Rajanira rawuh, nitih beloné kuldi."
16 Ing wiwitan para sakabaté Yésus ora mangerti marang prakara iku, nanging sawusé Yésus kaluhuraké, lagi padha kèlingan, yèn kang katulis iku kagem Panjenengané lan kang wus katindakaké iku uga kagem Panjenengané.
17 Wong akèh kang padha ndhèrèkaké Panjenengané nalika nimbali Lazarus metu saka ing kubur lan nangèkaké saka ing antarané wong mati, padha neksèni bab Panjenengané.
18 Mulané Panjenengané dipethuk déning wong akèh iku, marga padha krungu pawarta, menawa Panjenengané kang nindakaké mukjijat iku.
19 Para Farisi banjur padha rerasanan, "Kowé wus padha weruh dhéwé, yèn kowé padha ora olèh gawé babar pisan; delengen, wong sajagat kabèh padha ngetut-buri wong iku."
20 Ing antarané wong-wong kang padha nekani riyaya arep ngabekti iku, ana wong Yunani sawatara.
21 Wong-wong iku padha marani Filipus, kang saka Bètsaida, wilayah Galiléa, padha kandha, "Sadhèrèk, kula sami kepéngin badhé sowan manggihi Yésus."
22 Filipus nuli lunga ngandhani Andréas; Andréas lan Filipus banjur padha munjuk marang Yésus.
23 Nanging Yésus paring wangsulan, pangandikané, "Wus tekan wektuné Putrané Manungsa kaluhuraké.
24 Satemené Aku pitutur marang kowé: Menawa wiji gandum ora tumiba ing lemah, lan mati, tetep saelas baé; nanging menawa wiji iku mati, bakal ngetokaké woh akèh.
25 Sing sapa nresnani nyawané, iku bakal kélangan nyawané, nanging sing sapa ora nresnani nyawané ana ing donya iki, iku kang bakal ngrumati nyawané kanggo urip kang langgeng.
26 Sing sapa leladi marang Aku, iku ngetut-buria Aku lan ing ngendi padununganku, paladosanku ana ing kono uga. Sing sapa leladi marang Aku, iku bakal diajèni déning Sang Rama.
27 Saiki nyawaku trenyuh, lan Aku bakal matur apa? Rama, Paduka mugi ngluwari Kawula saking kawontenan punika? Ora, awit iya iku preluné anggonku teka ing wektu iki.
28 Rama, Paduka mugi ngluhuraken asma Paduka!" Tumuli ana swara saka swarga, "Ingsun wus ngluhuraké, lan Ingsun bakal ngluhuraké manèh!"
29 Wong akèh kang padha ngadeg ana ing kono lan krungu swara mau padha ngarani, yèn iku mau swaraning gludhug. Sawenèh ana kang ngucap, "Iku malaékat kang imbal pangandika karo Panjenengané."
30 Yésus paring wangsulan, pangandikané, "Swara mau kaprungu ora marga saka Aku, nanging marga saka kowé.
31 Samengko ana pangadilan ing ngatasé jagat iki: Samengko uga panggedhéné jagat iki bakal kabuwang metu;
32 déné Aku, samangsa wus kasengkakaké saka ing bumi, Aku bakal nggèndèng sakèhing wong supaya padha marek marang Aku."
33 Pangandikané kang mangkono iku kanggo mratélakaké patrap bakal sédané.
34 Wong akèh tumuli padha mangsuli, "Pamireng kula saking angger-anggering Torèt, bilih Mésias punika badhé tetep gesang ing salami-laminipun; kadospundi déné Panjenengan ngandika, bilih Putraning Manungsa kedah kasengkakaken? Menggah Putranipun Manungsa punika sinten?"
35 Yésus nuli ngandika, "Mung kari sadhéla manèh pepadhang iku ana ing antaramu. Sasuwéné pepadhang iku ana ing kowé, padha lumakua, supaya pepeteng iku aja nganti nglimputi kowé; sing sapa lumaku ana ing pepeteng, iku ora weruh menyang ngendi parané.
36 Sasuwéné pepadhang iku ana ing antaramu, padha pracayaa marang pepadhang iku, supaya kowé padha dadi putraning pepadhang." Sawusé ngandika mangkono, Yésus tumuli tindak sesingidan.
37 Sanadyan Yésus wus nindakaké mukjijat samono akèhé ana ing ngarepé wong-wong iku, éwadéné padha ora pracaya marang Panjenengané,
38 supaya kayektènana pamedhar wangsité Nabi Yésaya, mangkéné, "Gusti, sinten ingkang pitados dhateng pawartos kawula? Punapa déné sinten ingkang kawedharan asta pangwaosing Pangéran?"
39 Marga saka iku wong-wong padha ora pracaya, jalaran Yésaya wus ngandika uga, mangkéné,
40 "Panjenengané wus micakaké mripaté lan mangkotaké atiné, supaya aja padha nganti ndeleng sarana mripaté, lan mangerti sarana atiné, satemah padha mratobat sarta sunwarasaké."
41 Bab iki dingandikakaké déning Yésaya, amarga wus ningali kamulyané sarta wis ngandikakaké bab Panjenengané.
42 Ewadéné, akèh uga ing antarané para pangarep kang padha pracaya marang Yésus, nanging marga saka para Farisi, pracayané mau ora kanthi blak-blakan, supaya aja nganti padha disébrataké.
43 Awitdéné padha luwih seneng marang kaurmatan kang saka manungsa katimbang karo kaurmatan kang saka Allah.
44 Nanging Yésus banjur nywanten sora, pangandikané, "Sing sapa pracaya marang Aku, iku ora pracaya marang Aku, nanging pracaya marang Panjenengané kang ngutus Aku.
45 Sarta sing sapa ndeleng Aku, iku ndeleng Panjenengané kang ngutus Aku.
46 Aku wus teka ing jagat dadi pepadhang, supaya saben wong kang pracaya marang Aku, aja tetep ana ing pepeteng.
47 Lan menawa wong ngrungokaké pitembunganku, nanging ora nindakaké, Aku ora dadi hakimé, awitdéné tekaku iki ora supaya ngadili jagat, nanging supaya nylametaké.
48 Sing sapa nampik Aku, lan ora nampani pitembunganku, iku wus ana kang ngadili, yaiku pangandika kang wus dakwedharaké, iku kang bakal ngadili bésuk ing dina wekasan.
49 Awit Aku paring pangandika iku ora saka Aku dhéwé, nanging saka Rama kang ngutus Aku; Panjenengané iku kang paring dhawuh marang Aku, supaya ngandhakaké apa kang kudu dakkandhakaké lan kang dakpréntahaké.
50 Lan Aku mangerti, yèn dhawuhé iku urip kang langgeng. Dadiné apa kang dakkandhakaké iku anggonku nglairaké kaya kang kadhawuhaké déning Sang Rama marang Aku."