1 "Satemené Aku pitutur marang kowé: Sapa kang mlebu kandhang wedhus ora metu lawang, nanging mènèk témbok, iku maling lan rampog;
2 nanging sapa kang lumebuné liwat lawang, iku pangoné wedhus.
3 Pangon iku kang diwengani déning kang tunggu lawang sarta wedhus-wedhusé padha nilingaké swarané, lan tumuli diundangi manut jenengé dhéwé-dhéwé sarta banjur digiring metu.
4 Menawa wedhusé kabèh iku wus digiring metu, pangoné lumaku ing ngarep lan wedhusé padha ngetut-buri, marga wedhus-wedhus mau padha nitèni swarané.
5 Nanging wong liya mesthi ora ditut-buri, malah ditinggal mlayu, marga wedhus-wedhus iku ora padha wanuh marang swarané wong-wong liyané."
6 Pasemon iku dingandikakaké déning Yésus marang wong-wong mau, nanging padha ora mangerti tegesé pangandika iku.
7 Yésus tumuli ngandika manèh, "Satemené Aku pitutur marang kowé: Iya Aku iki lawangé wedhus-wedhus iku.
8 Sakèhing wong kang tekané sadurungé Aku, iku maling lan rampog, lan wedhus-wedhus iku padha ora ngrungokaké marang wong-wong iku.
9 Aku iki lawangé; sapa kang mlebuné metu ing Aku, iku bakal kaslametaké, sarta bakal mlebu lan metu, apadéné bakal nemu pangonan.
10 Maling iku tekané mung arep nyolong lan matèni sarta nyirnakaké; Aku iki teka supaya wedhus-wedhus padha duwé urip, lan uripé iku kanthi kalubéran.
11 Iya Aku iki pangon kang utama. Pangon kang utama iku ngetohaké nyawané kanggo wedhus-wedhusé,
12 nanging wong opahan kang dudu pangon, sarta dudu kang duwé wedhus-wedhus iku dhéwé, samasa weruh ana asu ajag teka, wedhusé ditinggal mlayu, temah asu ajag iku nubruki lan mbuyaraké wedhusé.
13 Anggoné lumayu iku jalaran mung wong opahan, lan ora gumati marang wedhus-wedhusé iku.
14 Aku iki pangon kang utama lan Aku nitèni wedhus-wedhusku lan wedhus-wedhusku padha wanuh marang Aku
15 kayadéné Sang Rama anggoné tepang marang Aku sarta Aku wanuh marang Sang Rama, sarta Aku ngetohaké nyawaku kanggo wedhus-wedhusku.
16 Aku isih duwé wedhus liyané manèh, kang ora saka ing kandhang kéné; wedhus-wedhus iku iya kudu dakgiring uga, lan bakal padha ngrungokaké swaraku sarta bakal dadi pepanthan siji, lan pangon siji.
17 Sang Rama ngasihi Aku, jalaran Aku ngulungaké nyawaku supaya daktampani manèh.
18 Ora ana wong sijia baé kang ngrebut nyawaku, nanging dakulungaké miturut karepku dhéwé. Aku kwasa ngulungaké, lan kwasa ngukup manèh. Dhawuh iki kang daktampa saka Ramaku."
19 Marga saka pangandika kang mangkono iku nuli tuwuh pasulayan manèh ing antarané wong-wong Yahudi. Akèh panunggalané kang ngucap, mangkéné,
20 "Wong iku kapanjingan dhemit sarta ora waras; yagéné padha kokrungokaké?"
21 Wong liyané ngucap, "Iku rak dudu tembungé wong kang kapanjingan dhemit; apa dhemit bisa ngelèkaké mripaté wong-wong wuta?"
22 Ora antara lawas, ana riyaya pèngetan adeging Padaleman Suci ing Yérusalèm; nalika samana mbeneri mangsa bedhidhing.
23 Yésus lagi tindak-tindak ana ing Padaleman Suci, ing bangsal Salomo.
24 Wong-wong Yahudi banjur padha ngrubung Panjenengané lan padha munjuk, "Ngantos pinten dangunipun anggèn Panjenengan damel mangu-manguning manah kula? Manawi Panjenengan punika Kristus, mugi Panjenengan blakakaken dhateng kula sadaya."
25 Paring wangsulané Yésus, "Kowé wus padha dakkandhani nanging padha ora pracaya; panggawé kang daklakoni atas asmané Ramaku, iku kang padha neksèni mungguh ing Aku,
26 nanging kowé padha ora pracaya, amarga kowé dudu panunggalané wedhus-wedhusku.
27 Wedhus-wedhusku padha nilingaké swaraku, sarta Aku wanuh marang wedhus-wedhusku lan wedhus-wedhusku padha ngetut-buri Aku,
28 apadéné padha dakwènèhi urip langgeng, lan wedhus-wedhusku mesthi ora bakal padha nemu karusakan salawas-lawasé lan ora bakal ana wong kang ngrebut wedhus-wedhus iku saka tanganku.
29 Ramaku kang maringaké wedhus-wedhus iki marang Aku, Panjenengané iku ngungkuli samubarang kabèh, lan ora ana wong kang bisa ngrebut wedhus-wedhus mau saka astané Ramaku.
30 Aku lan Ramaku iku siji."
31 Wong Yahudi tumuli njupuki watu manèh, arep kanggo mbenturi Panjenengané.
32 Pangandikané Yésus marang wong-wong mau, "Akèh panggawé becik kang saka Ramaku kang daktuduhaké marang kowé. Panggawé iku mau endi kang njalari kowé arep padha mbenturi Aku nganggo watu?"
33 Wangsulané wong-wong Yahudi, "Anggonku arep mbenturi kowé iku ora marga panggawé kang becik, nanging marga anggonmu nyenyamah marang Allah, iya iku amarga kowé iku manungsa kok ndadèkaké awakmu iku Allah."
34 Yésus paring wangsulan, "Apa ora katulis ing Kitab Torètmu, mangkéné: Ingsun wus ngandika: Sira kabèh iku allah.
35 Menawa wong kang padha kadhawuhan pangandikané Allah iku diarani allah -- mangka Kitab Suci iku ora kena dibatalaké --
36 apa kowé isih kandha karo Panjenengané kang sinucèkaké déning Sang Rama sarta kang wus kautus menyang jagat iku: Kowé nyenyamah Allah! Amarga Aku wus ngandika: Aku iki Putraning Allah?
37 Saupama Aku ora nglakoni pakaryané Ramaku, kowé aja pracaya marang Aku.
38 Nanging menawa Aku nglakoni iku mau, mangka kowé padha ora gelem pracaya marang Aku, padha pracayaa marang pakaryan-pakaryan iku supaya kowé padha sumurup lan mangerti yèn Sang Rama iku ana ing Aku lan Aku ana ing Ramaku."
39 Sepisan manèh wong-wong mau padha arep nyekel Panjenengané, nanging Panjenengané luput saka tangané wong-wong mau.
40 Yésus tumuli tindak manèh menyang sabrangé Yordan, ing panggonané Yohanes biyèn mbaptisi, banjur lereb ana ing kono.
41 Lan akèh wong kang sowan marang ngarsané sarta padha ngucap, "Yohanes pancèn ora damel pratandha apa-apa, nanging kabèh kang dingandikakaké déning Yohanes mungguh wong iki, iku nyata."
42 Lan akèh wong ing kono padha pracaya marang Panjenengané.

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: Yohanes 10
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: Yohanes 10
Studi Alkitab dengan Video LUMO, silahkan lihat LUMO Indonesia :: Yohanes

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke