1 Sawisé iku aku weruh malaékat papat jumeneng ana ing kéblat-papat, padha nyandhet anginé bumi, supaya aja ana angin niyup menyang dharatan utawa menyang sagara tuwin menyang wit-witan.
2 Sarta aku ndeleng malaékat liyané njedhul saka panggonan plethèking srengéngé. Panjenengané ngasta cap kagungané Allah kang gesang, lan banjur nywara kanthi sora marang malaékat papat kang padha kaparingan kuwajiban ngrusak bumi lan sagara,
3 pangandikané, "Aja ngrusak bumi lan sagara utawa wit-witan sadurungé aku ngecapi para abdiné Allahku ing bathuké!"
4 Aku krungu yèn cacahé kang padha kaecapan iku: Saka panunggalané taler Banisraèl kabèh kang kaecapan ana satus patang puluh papat èwu.
5 Saka taler Yéhuda kang kaecapan rolas èwu, saka taler Rubèn rolas èwu, taler Gad rolas èwu,
6 taler Asyèr rolas èwu, taler Naftali rolas èwu, taler Manasyé rolas èwu,
7 saka taler Siméon rolas èwu, taler Lèwi rolas èwu, taler Isakhar rolas èwu,
8 saka taler Zébulon rolas èwu, taler Yusuf rolas èwu, taler Bènyamin rolas èwu.
9 Sawisé mangkono aku weruh: Lah ana golonganing wong akèh kang cacahé tanpa wilangan, saka sakèhing bangsa lan taler tuwin umat sarta basa, ngadeg ana ing sangarepé dhampar lan ing ngarsané Cempé, padha nganggo jubah putih lan nyekel godhong palem.
10 Iku padha nywara kalawan sora, "Karahayon konjuk ing Allah kawula ingkang lenggah ing dhampar saha ing ngarsanipun Sang Cempé!"
11 Lan sakèhing malaékat padha jumeneng ing sakubenging dhampar lan para pinituwa tuwin makluk papat iku, sarta padha sujud ana ing ngarepé dhampar lan manembah marang Allah,
12 klawan munjuk, "Amin! Sakathahing puji lan kamulyan, sarta kawicaksanan tuwin panuwun, saha kaurmatan miwah pangwaos saha kasantosan konjuk ing Allah kita langgeng salami-laminipun! Amin!"
13 Tumuli ing antarané para pinituwa mau ana kang ndangu marang aku, "Sapa kang padha nganggo jubah putih iku lan pinangkané saka ngendi?"
14 Atur wangsulanku, "Bapa, punika panjenengan ingkang uninga." Pinituwa mau banjur ngandika marang aku, "Iku para kang luwar saka ing sangsara gedhé sarta wus padha ngumbah jubahé nganti putih sarana rahé Cempé iku.
15 Mulané padha ngadeg ana ing ngarsané dhamparing Allah lan padha ngladosi Panjenengané rina-wengi ana ing Padaleman Suciné. Panjenengané kang lenggah ing dhampar iku bakal masang tarub minangka pangaubané,
16 sarta ora bakal padha ngelih lan ngelak manèh, tuwin bakal ora kena dayaning srengéngé utawa panas kang sumelèt.
17 Amarga bakal padha diengon déning Cempé mau sarta diirid menyang tuking banyu kauripan. Déné Allah bakal ngusapi sakèhing eluh saka ing mripaté."

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: Wahyu 7
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: Wahyu 7

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke