1 Aku tumuli weruh langit anyar lan bumi anyar, awit langit kang kapisan lan bumi kang kapisan wis sirna, lan sagara uga wis ora ana manèh.
2 Lan aku uga weruh kutha suci, Yérusalèm kang anyar, tumurun saka ing swarga, saka ing Allah, kang kacawisaké kaya pangantèn putri kang dipaèsi lumadi marang kakungé.
3 Aku banjur krungu swara sora kang ngandika saka ing dhampar iku, "Delengen, tarubing Allah ana ing tengahing manungsa, lan Panjenengané bakal dedalem ana ing antarané manungsa. Iku bakal padha dadi umaté, lan Allah piyambak bakal nunggil sarta dadi Allahé.
4 Panjenengané bakal ngusapi sakèhé luh saka ing mripaté, lan bakal ora ana pati manèh; sedhih lan pasambat apadéné kasusahan iya wis ora ana manèh; amarga samubarang kang lawas wis padha kapungkur."
5 Panjenengané kang lenggah ing dhampar banjur ngandika, "Delengen, samubarang kabèh sundadèkaké anyar!" Pangandikané manèh, "Sira nulisa, awit pangandika iki kena diprecaya lan bener."
6 Sarta aku dipangandikani manèh, mangkéné, "Samubarang kabèh wis kelakon. Ingsun iki Alfa lan Oméga, Kang Wiwitan lan Kang Pungkasan. Wong kang ngelak bakal Sunparingi ngombé kanthi lalahanan saka tuking banyu kauripan.
7 Sing sapa unggul, bakal tampa iki kabèh, sarta Ingsun bakal dadi Allahé, lan iku bakal dadi putraningsun.
8 Nanging para wong kang jirih, kang padha ora pracaya, kang padha tumindak nistha, kang gawéné padha mematèni, sundel-sundel, kang padha olah panenungan, kang padha nyembah brahala, lan sakèhing para-cidra, iku padha olèh pandumané ana ing sagara geni welirang kang murub ngalad-alad; yaiku pati kang kapindho."
9 Malaékat panunggalané malaékat pitu kang ngasta bokor pitu isi kebak wewelak pitu kang wekasan iku banjur rawuh, panjenengané nuli ngandikani aku, "Mrénéa, kowé daktuduhi pangantèn putri, garwané Sang Cempé."
10 Tumuli, ing sajroning roh, aku diasta panjenengané menyang gunung kang gedhé lan dhuwur, aku ditedahi kutha kang suci, yaiku Yèrusalèm kang tumurun saka swarga, saka Allah.
11 Kutha iku kebak kamulyané Allah lan cahyané kaya sesotya kang adi linuwih, kaya sesotya yaspis, bening saèmper kristal.
12 Bètèngé gedhé lan dhuwur, ana gapurané rolas; lan ing sandhuwuré gapura-gapura mau ana malaékaté rolas, sarta ana tulisan jenengé taler Israèl rolas.
13 Ing sisih wétan ana gapurané telu, ing sisih lor telu, ing sisih kidul telu, ing sisih kulon telu.
14 Ing bètèngé kutha iku ana tetales-watu rolas, ing kono ana tulisan asmané para rasulé Sang Cempé cacahé rolas.
15 Malaékat kang ngandikani aku iku ngasta piranti ngukur saka emas, kagem ngukur kutha iku, sarta gapurané lan bètèngé.
16 Kutha iku wanguné pesagi, dawané padha karo ambané. Déné anggoné ngukur kutha iku ngagem piranti ngukur mau: kurang luwih rong èwu patang atus kilometer; dawané lan ambané sarta dhuwuré iku padha.
17 Bètèngé uga diukur tinemu kurang luwih sewidak meter, manut ukurané manungsa, kang iya dadi ukurané malaékat.
18 Bètèng iku kabangun saka sesotya yaspis; lan kuthané iku saka emas tulèn, kaya kaca murni.
19 Tetalesé bètèng kutha padha rinengga ing sesotya adi manéka-warna. Tetalesé kang kapisan iku yaspis, kang kapindho nilam, kang katelu mirah, kang kapat jamrud,
20 kang kalima sardonik, kang kanem sardis, kang kapitu retna cempaka, kang kawolu beril, kang kasanga krisolit, kang kasepuluh krisopas, kang kasewelas lazuardi, lan kang karolas kecubung.
21 Gapurané rolas iku arupa mutiyara rolas; saben gapura wujud mutiyara siji, lan dalan-dalané kutha iku saka emas tulèn, kaya kaca kang bening.
22 Ing kono aku ora weruh Padaleman Suci; amarga Allah, Pangéran kang Mahakwaos iku Padaleman Suciné, mangkono uga Sang Cempé.
23 Kutha iku ora mbutuhaké padhanging srengéngé lan rembulan, amarga kamulyané Allah kang madhangi lan Sang Cempé kang dadi damaré.
24 Para bangsa bakal padha lumaku ana ing pepadhangé sarta para raja ing bumi padha ngaturaké kamulyané marang Panjenengané;
25 gapurané bakal ora kainebaké ing sadina muput, awit ing kono bakal ora ana wengi manèh.
26 Karodéné kamulyan lan kaurmatané para bangsa uga bakal kagawa kasaosaké marang Panjenengané.
27 Nanging sabarang kang najis bakal ora bisa mlebu mrono, utawa wong kang nindakaké panggawé nistha utawa cidra; kejaba mung wong-wong kang jenengé padha katulis ing kitab kauripan kagungané Sang Cempé.

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: Wahyu 21
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: Wahyu 21

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke