1 Aku tumuli weruh ana malaékat tumedhak saka swarga ngasta kunci teleng-palimenganing pati lan ranté gedhé ing astané;
2 malaékat mau nyepeng naga, si ula kang saka jaman wiwitan, yaiku Iblis utawa Sétan. Nuli diranté sèwu taun lawasé,
3 banjur diuncalaké menyang teleng-palimenganing pati, nuli katutup lan ing sandhuwuré disègel, supaya Iblis utawa Sétan iku aja nasaraké para umat manèh, sadurungé ganep sèwu taun mau; sawusé mangkono bakal kaeculaké sawatara mangsa.
4 Aku banjur weruh dhampar-dhampar lan kang padha nglenggahi; sarta padha diampili pangwaos kanggo ngadili. Aku uga weruh nyawané wong-wong kang wis katigas guluné marga saka paseksiné bab Yésus lan marga saka pangandikané Allah; kang ora padha nyembah kéwan iku dalah recané, sarta kang ora nampani tenger ana ing bathuké lan ing tangané, iku kabèh padha urip manèh lan ndhèrèk ngratoni, bareng karo Kristus lawasé sèwu taun.
5 Nanging wong-wong mati liyané iku ora padha urip manèh sadurungé genep sèwu taun mau. Iku patangèn kang kapisan.
6 Rahayu lan suci wong kang kaparingan panduman ing patangèn kang kapisan iku. Wong iku padha ora kawasésa manèh déning pati kang kapindho, nanging bakal padha dadi imamé Allah lan Kristus, sarta bakal ndhèrèk ngratoni bareng karo Panjenengané nganti sèwu taun lawasé.
7 Sawisé genep sèwu taun iku mau, Iblis tumuli bakal kaeculaké saka ing pakunjaran,
8 sarta bakal metu nasaraké para bangsa kang ana ing kéblat-papat, yaiku Gog lan Magog, padha dikerigaké kaajak maju perang, cacahé kaya wedhi ing sagara.
9 Tumuli padha ambyuk mratani saindenging jagat, sarta ngepung pasanggrahané para balané wong suci lan kutha kang kinasih iku. Nanging banjur ana geni tumurun saka langit, memangsa wong-wong mau,
10 déné Iblis, kang nasaraké wong-wong mau, nuli kacemplungaké ing sagara geni welirang, yaiku panggonané kéwan lan nabi palsu mau, lan iku bakal padha kasiksa rina-wengi ing salawas-lawasé.
11 Aku banjur weruh dhampar gedhé putih lan Panjenengané, kang lenggah ing kono. Bumi lan langit padha sirna saka ngarsané lan wis ora ketemu manèh dunungé.
12 Aku tumuli weruh wong mati, gedhé cilik, padha ana ing ngarep dhampar iku. Kabèh kitab banjur padha kabukak lan ana kitab liyané kang uga kabukak, yaiku kitab kauripan. Wong-wong mati mau tumuli padha diadili miturut panggawéné adhedhasar apa kang katulis ing kitab-kitab mau.
13 Sagara banjur masrahaké wong-wong mati kang ana ing jeroné, apadéné pati lan kratoné pati iku padha masrahaké wong-wong mati kang ana ing kono, sarta iku kabèh padha diadili miturut panggawéné dhéwé-dhéwé.
14 Pati lan kratoning pati banjur padha kajeguraké ing sagara geni. Iku pati kang kapindho: Sagara geni.
15 Saben wong kang jenengé ora katulis ana ing kitab kauripan mau, iku kajeguraké ing sagara geni.