1 Aku tumuli krungu swara sora saka Padaleman Suci dhawuh marang malaékat pitu mau mangkéné, "Padha lungaa, bokor pitu kang isi bebenduning Allah iku padha suntakana ing bumi."
2 Malaékat kang kapisan banjur tindak lan nyuntak bokoré menyang bumi; banjur tuwuh memala wudun ngureng lan mbebayani banget tumrap wong kabèh kang padha nganggo tengeré kéwan mau lan kang sujud nyembah marang recané.
3 Malaékat kang kapindho nyuntak bokoré ing sagara; banyuné banjur dadi getih, kaya getihé wong mati, temahan isining segara kang mawa nyawa padha mati kabèh.
4 Malaékat kang katelu nyuntak bokoré ing kali-kali lan etuking banyu, satemah banyuné dadi getih.
5 Aku banjur krungu malaékat kang ngwaosi banyu iku munjuk, "Paduka punika adil, Paduka ingkang wonten sarta ingkang kala rumiyin sampun wonten, Paduka ingkang suci, ingkang sampun ndhawahi paukuman punika.
6 Amargi tiyang-tiyang punika sampun sami ngwutahaken rahipun para suci lan para nabi, Paduka inggih sampun ngombèni rah dhateng tiyang-tiyang punika; makaten punika sampun samesthinipun tumrap tiyang-tiyang punika!"
7 Apadéné aku krungu misbyah ngucap mangkéné, "Dhuh Pangéran, Allah, Ingkang Mahakwaos, leres lan adil sadaya pangadilan Paduka punika."
8 Malaékat kang kapat nyuntak bokoré menyang srengéngé, lan iku nuli kaparingan pangwasa mbrangas wong kalawan geni.
9 Satemah wong padha gosong déning panasing geni kang sumelèt, banjur padha nyenyamah marang asmaning Allah, kang ngwaosi wewelak-wewelak iku mau, sarta padha ora mratobat supaya ngluhuraké marang Allah.
10 Malaékat kang kalima nyuntak bokoré menyang dhamparé kéwan iku, satemah kratoné iku dadi peteng, sarta wong-wong padha nggeget ilaté dhéwé marga saka kelaran,
11 lan banjur padha nyenyamah marang Allah ing swarga marga saka kelaran lan marga saka wuduné, nanging padha ora mratobat saka panggawéné iku.
12 Malaékat kang kanem nyuntak bokoré menyang bengawan Éfrat, satemah banyuné dadi asat, murih cumawis dalané para raja kang rawuh saka wilayah wétan.
13 Aku banjur weruh saka cangkemé naga lan cangkemé kéwan tuwin saka ing cangkemé nabi palsu iku ana roh najis telu padha metu kaya kodhok.
14 Yaiku roh-rohing sétan kang nganakaké mukjijat-mukjijat, kang padha lunga nggolèki raja-raja saindenging jagat, padha diklumpukaké diajak perang ing dina kang agung, yaiku dinané Allah Kang Mahakwaos.
15 "Wruhanira, Ingsun rawuh kaya maling. Rahayu, wong kang jumaga lan kang ngrumat sandhangané, supaya anggoné lumaku aja nganti kalawan wuda lan aja katon kawirangané."
16 Tumuli padha kaklumpukaké ana ing panggonan, kang ing basa Ibrani aran Harmagédon.
17 Malaékat kang kapitu nyuntak bokoré menyang awang-awang. Saka Padaleman Suciné banjur kaprungu swara kang sora saka ing dhampar iku, pangandikané, "Wis kelakon."
18 Tumuli ana thathit cumlèrèt lan gludhug gumleger, sarta ana lindhu gedhé kang salawasé bumi dienggoni manungsa durung tau kelakon. Kaya mangkono lindhu iku nggegirisi banget.
19 Satemah kutha kang gedhé iku pecah dadi telu lan kutha-kuthané para bangsa kang padha ora wanuh marang Allah padha jugrug. Allah banjur kèngetan marang Babél kang gedhé iku, nuli kaparingan tuwung kang isi anggur bebenduning dukané kebak.
20 Sakèhé pulo banjur padha musna, lan gunung-gunung wis padha ora tinemu manèh.
21 Sarta ana udan ès gedhé, saben prongkol boboté sa-talènta, tiba saka langit nibani wong-wong, satemah wong-wong padha nyenyamah marang Allah marga saka wewelak udan ès iku, amarga wewelak iku mau nggegirisi banget.

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: Wahyu 16
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: Wahyu 16

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke