1 (12-18) naga mau banjur ngadhang ana ing pinggir sagara. (13-1) Aku banjur weruh ana kéwan kang nggegirisi njedhul saka sajroning sagara, sunguné sepuluh lan endhasé pitu; ing pucuking sunguné ana makuthané sepuluh, lan ing endhasé katulisan jeneng-jeneng panyenyamah.
2 Kéwan kang dakdeleng iku rupané kaya macan tutul, sikilé kaya sikil bruwang lan cangkemé kaya cangkem singa. Naga mau banjur mènèhaké kakuwatané lan dhampar tuwin pangwasané kang gedhé marang kéwan iku.
3 Aku nuli ndeleng endhasé kang siji iku kaya ana tatuné kang mbebayani tumrap uripé, nanging tatuné kang mbebayani iku wis mari. Wong-wong sajagat padha kaéraman, banjur ngetut buri kéwan iku.
4 Wong-wong iku padha nyembah marang naga mau, awit wis mènèhaké pangwasané marang kéwan iku. Déné wong-wong mau padha nyembah marang kéwan iku, sarta pangucapé, "Sapa kang madhani kéwan iki? Lan sapa kang bisa nandhingi perangé?"
5 Kéwan iku kaparingan cangkem, kang kebak gumunggung lan panyenyamah; sarta uga kaparingan pangwasa nglakoni mangkono iku lawasé patang puluh loro sasi.
6 Kéwan iku nuli ngangapaké cangkemé sarta nyenyamah marang Allah, iya nyenyamah marang asmané lan padalemané sarta marang kabèh kang padha manggon ana ing swarga.
7 Sarta manèh diparengaké nempuh perang lan ngalahaké para suci; tuwin kaparingan pangwasa tumrap saben taler lan umat tuwin basa sarta bangsa.
8 Lan sakèhing wong kang manggon ing bumi bakal padha nyembah marang kéwan iku, yaiku saben wong kang jenengé wiwit nalika dumadiné jagat ora katulis ing buku kauripan kagungané Cempé kang wis kasembelèh.
9 Sapa kang duwé kuping, ngrungokna!
10 Sapa kang pinasthi ditawan, iku bakal ditawan; sapa kang pinasthi dipatèni sarana pedhang, iku bakal dipatèni sarana pedhang. Kang prelu ing kéné yaiku sabar-mantep lan pracayané para suci.
11 Aku tumuli weruh kéwan liyané njedhul saka sajroning bumi, sunguné loro kaya cempé lan calathuné kaya naga.
12 Sakèhing pangwasané kéwan kang kapisan iku katindakaké déning kéwan liyané mau ana ing sangarepé. Iku marakaké bumi lan sakèhé kang ngenggoni padha nyembah marang kéwan kang kapisan, kang wis waras tatuné kang mbebayani mau.
13 Sarta manèh kéwan mau nganakaké pratandha-pratandha kang nggegirisi, malah nganti ngudhunaké geni saka langit menyang bumi ana ing ngarepé wong kabèh.
14 Kéwan iku nasaraké wong-wong kang manggon ing bumi sarana pratandha-pratandha, kang wis diwènèhaké supaya ditindakaké ana ing ngarepé kéwan kang kapisan mau. Wong-wong kang manggon ing bumi dikongkon gawé reca déning kéwan mau, kanggo ngurmati kéwan kang ketaton déning pedhang, nanging kang isih tetep urip iku.
15 Apamanèh kéwan iku dikwasakaké nganjingi nyawa marang reca iku mau, satemah reca kéwan iku uga bisa calathu, sarta njalari saben wong kang ora nyembah marang reca kéwan mau dipatèni.
16 Kéwan kang kapindho mau marakaké wong kabèh, gedhé utawa cilik, sugih utawa mlarat, mardika utawa batur, padha diwènèhi tenger ana ing tangané tengen utawa ing bathuké,
17 sarta ora ana wong bisa tetuku utawa dodolan kajaba mung kang kanggonan tenger mau, yaiku jenengé kéwan mau utawa angka pétunganing jenengé.
18 Kang prelu ing kéné yaiku kawicaksanan; sapa kang wicaksana iku ngétunga wilangané kéwan iku, awit iku wilangané manungsa, yaiku nem atus sawidak enem.