1 Aku tumuli weruh malaékat liyané kang prakosa tumedhak saka swarga, asingep méga, lan ing sandhuwuring mustakané ana kluwungé, wedanané kaya srengéngé, sampéyané kaya tugu geni.
2 Astané ngasta gulungan kitab cilik bukakan. Sampéyané kang tengen tumapak ing sagara, lan kang kiwa ing dharatan.
3 Malaékat mau nguwuh kalawan swara sora kaya panggeroning singa. Sawusé nguwuh, gludhug pitu banjur padha nyuwara.
4 Lan sawusé gludhug pitu mau padha ngucap, aku banjur arep nyatheti, nanging aku nuli krungu swara saka swarga kang ngandika, "Apa kang diucapaké déning gludhug pitu iku mau sira sègela, aja sira tulis!"
5 Malaékat kang dakdeleng jumeneng ana ing sagara lan ing dharatan mau, tumuli ngangkat astané tengen marang langit,
6 sarta banjur supaos demi Panjenengané kang gesang langgeng salawas-lawasé, kang wis nitahaké langit saisiné, lan bumi saisiné, tuwin sagara saisiné, "Ora bakal kaundur manèh!
7 Nanging samangsa unining kalasangkané malaékat kang kapitu keprungu, yaiku menawa malaékat iku ngungelaké kalasangkané, bakal kayektènan kekeraning Allah, kaya kang wus kawartosaké marang para abdiné, yaiku para nabi."
8 Swara kang wis dakrungu saka ing langit mau, nuli ngandika manèh marang aku mangkéné, "Mangkata, jupuken kitab bukakan kang ana ing tangané malaékat, kang jumeneng ana ing sagara lan ing dharatan iku."
9 Aku banjur marani malaékat mau sarta nyuwun, supaya gulungan kitab iku kaparingna marang aku. Dhawuhé marang aku, "Tampanana lan panganen; iki bakal marakaké wetengmu pait, nanging ana ing cangkemmu rasané legi kaya madu."
10 Aku tumuli njupuk kitabé saka astané malaékat mau, banjur dakpangan: ana ing cangkemku rasané legi kaya madu, nanging sawisé dakpangan, wetengku krasa pait.
11 Aku nuli dingandikani, mangkéné, "Kowé kudu medhar wangsit manèh marang para bangsa lan umat tuwin basa sarta para raja."

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: Wahyu 10
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: Wahyu 10

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke