1 Anadéné kita kang kuwat, mèlu nyangga karingkihané wong kang ora kuwat, lan aja ngupaya kasenengan kita dhéwé.
2 Saben wong ing antara kita, kudu ngudi kasenengané sapadha-padha, murih beciké supaya padha kabangun.
3 Awit Kristus uga ora ngupaya karemenané piyambak, nanging kaya kang katulisan, surasané, "Tembung-tembung panacadipun tiyang ingkang sami nyacad Paduka, dhumawah dhateng kawula."
4 Ujer samubarang kang biyèn wus katulis, iku katulis minangka piwulang kanggo kita, supaya kita gondhèlan kanthi kenceng ing pangarep-arep kalawan sabar mantep sarta panglipur kang saka ing Kitab Suci.
5 Muga-muga Allah kang dadi etuking sabar mantep sarta panglipur, karsa maringi pirukun marang kowé, kaya kang dikarsakaké déning Kristus Yésus,
6 satemah kalawan saiyeg sarta tunggal tembung, kowé padha ngluhuraké Allah, lan Ramané Gusti kita, Yésus Kristus.
7 Mulané kowé padha tampa-tinampanana, padha kaya Kristus anggoné uga wus nampani kita, kagem kaluhurané Allah.
8 Kang dakkarepaké yaiku, marga kayektèné Allah, Kristus wus dadi peladosé para wong tetakan, kanggo ngukuhaké prasetyané kang wus kaparingaké marang para leluhur kita,
9 sarta supaya para bangsa padha bisa ngluhuraké Allah, awit saka sih-palimirmané, kaya kang katulis, surasané, "Mila kawula badhé ngluhuraken Paduka, wonten ing satengahing para bangsa, saha memuji asma Paduka kanthi pangidung mazmur."
10 Lan saterusé mangkéné, "Hé para bangsa, padha bungah-bungaha bareng karo umaté."
11 Lan manèh, "Hé para bangsa, padha saosa puji marang Pangéran, sarta sakèhé suku bangsa padha memujia marang Panjenengané."
12 Sarta sabanjuré pangandikané Yésaya, "Bakal ana sogol thukul saka tunggaké Isai, kang bakal jumeneng ngerèh para bangsa, sarta iya Panjenengané iku kang bakal dadi pangarep-arepé para bangsa."
13 Muga-muga Allah, etuking pangarep-arep, menuhi kowé kabèh kanthi sakèhing kabungahan sarta tentrem-rahayu ing sajroning pracayamu, supaya marga saka sawabé Roh Suci, kowé nduwèni lubèring pangarep-arep.
14 Para Sadulur, aku dhéwé pancèn yakin mungguhing kowé, yèn kowé wus padha sugih kabecikan, mumpuni ing sakèhing kawruh, sarta kaconggah padha éling-ingélingaké.
15 Éwadéné marga saka sih-rahmat peparingé Allah marang aku, ana ing layang iki ing kana-kéné aku rada wani awèh pepéling marang kowé kabèh,
16 yaiku menawa aku kepareng dadi peladosé Kristus Yésus minangka imam kanggo bangsa-bangsa liya, ing bab martakaké Injilé Allah, supaya bangsa-bangsa mau bisa katampi déning Allah, minangka pisungsung kang dadi keparengé, kang kasucèkaké déning Roh Suci.
17 Dadi aku bisa nglairaké panggunggung ana ing patunggilané Kristus tumrap peladosanku ana ing ngarsaning Allah.
18 Awit aku ora bakal kumawani nyritakaké bab liyané, kajaba samubarang kang wis katindakaké déning Kristus lantaran aku, yaiku nuntun bangsa-bangsa liya marang pambangun-turut, srana pangucap sarta panggawé,
19 kanthi kwasa awujud tandha pangéram-éram sarta kanthi pangwaosing Rohé Allah. Iya mangkono iku, sajroning mider-mider wiwit saka Yérusalèm nganti tekan Ilirikum, aku wis martakaké Injilé Kristus sakatogé.
20 Lan sajroné martakaké mau aku nganggep dadi utamaning lakuku, menawa anggonku martakaké ora ana ing panggonan-panggonan kang asmané Kristus wus dimangretèni ing wong, supaya anggonku mbangun iku aja nganti ana ing dhasar kang wis kapasang déning wong liya,
21 nanging padha karo kang katulis, surasané, "Wong kang padha durung kawartanan bab Panjenengané, bakal padha ndeleng Panjenengané, sarta kang padha durung tau krungu pawartané, bakal padha mangerti."
22 Ya marga saka iku aku tansah kepalang anggonku arep nemoni kowé kabèh.
23 Nanging saiki, sarèhné aku wus ora duwé papan nyambut-gawé manèh ana ing wilayah kéné, sarta sarèhné aku wis sawatara taun kepéngin nemoni kowé kabèh,
24 mulané ing lakuku menyang Spanyol, bisaa mampir menyang padununganmu, lan ketemu karo kowé, temah kowé banjur padha bisa ngeteraké aku mrana, sawisé aku bisa ngrasakaké seneng sawatara marga bisa ketemu karo kowé kabèh.
25 Ananging wektu saiki, aku lagi ana ing sajroning lakuku menyang Yèrusalèm, ngeteraké sumbangan kanggo para suci.
26 Sabab para sadulur ing Makédonia lan ing Akhaya wis padha gawé putusan nyumbang apa-apa marang wong-wong miskin panunggalané para suci ing Yèrusalèm
27 Prakara iku wis diputusaké kanthi éklas, lan pancèn wis dadi kuwajibané. Sabab, menawa bangsa-bangsa liya wis padha tampa panduman bandha karohanèné wong Yahudi, bangsa-bangsa mau iya wajib ngladèni uga marang wong Yahudi kalawan bandha kadonyané.
28 Kang mangkono, menawa aku wis nindakaké ayahan iku sarta wis masrahaké wohing pambudidayané bangsa-bangsa liya mau, aku tumuli mangkat menyang Spanyol liwat ing kuthamu.
29 Lan aku mangerti, menawa anggonku tilik kowé, aku bakal nindakaké kanthi kebak berkahé Kristus.
30 Ananging marga Kristus, Gusti kita, lan marga katresnan kang sumberé saka Roh, kowé padha dakpituturi, para Sadulur, supaya mbudidaya bebarengan karo aku ana ing pandonga marang Allah kanggo aku,
31 supaya aku kauwalaké saka wong-wong ing Yudéa kang padha ora mbangun-miturut, lan supaya peladosanku kanggo Yérusalèm iku katanggapana kanthi becik déning para suci ing kono,
32 supaya aku bisa kanthi kebak kabungahan nemoni kowé awit saka karsané Allah, lan anggonku bebarengan karo kowé bisa nyegeraké ati.
33 Allah, etuking tentrem-rahayu nunggila karo kowé kabèh! Amin.

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: Roma 15
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: Roma 15

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke