1 Sawisé mangkono, aku weruh malaékat liyané tumedhak saka swarga. Malaékat mau kagungan pangwaos gedhé sarta bumi dadi padhang marga saka kamulyané.
2 Malaékat mau nguwuh-uwuh kalawan swara sora, "Wis ambruk, Babél wis ambruk, kutha gedhé iku. Lan wis dadi padunungané roh-roh jahat lan papan pandhelikané sakèhing roh najis, tuwin papan pandhelikané sarupaning kéwan kang najis lan kang sinengitan,
3 awit sakèhé para bangsa wis padha ngombé anggur hawa-napsuné kang cabul, sarta para raja ing bumi padha laku-jina karo Babél, tuwin para sudagar ing bumi wis padha dadi sugih marga saka nguja hawa-napsuné."
4 Aku tumuli krungu swara liyané, saka swarga, kang ngandika, "Hé, umatingsun, padha sumingkira saka kutha iku, supaya sira aja nganti kalèpètan ing dosané, lan aja nganti mèlu kena ing wewelak-wewelaké.
5 Amarga dosa-dosané wis tumpuk-undhung kongsi sundhul ing langit, lan Allah wis ngèngeti sakèhing pialané.
6 Walesen kaya kang dadi pamalesé marang sira, lan tikelana loro pamalesmu tumrap panggawéné, tuwungé kang kanggo nyampur iku isènana tikel loro.
7 Siksanen lan gawénen prihatin, timbang karo anggoné wis ngrasakaké kaluhuran lan kamuktèn. Sabab osiking atiné mangkéné: Aku lungguh ing dhampar kaya raja, aku dudu randha, lan aku ora bakal ngalami prihatin.
8 Mulané sakèhing wewelaké bakal nekani bareng sadina, yaiku pageblug lan prihatin tuwin pailan; sarta bakal kaobong ing geni, amarga Gusti Allah, kang ngadili iku kwaos."
9 Para raja ing bumi, kang padha laku bédhang lan urip mukti karo wanita mau, samangsa padha ndeleng asepé geni kang ngobong Babél iku, bakal padha nangisi lan nggrantesaké.
10 Para raja mau bakal padha ngadeg ana ing kadohan, awit saka wediné marang panyiksané, lan bakal ngucap, "Cilaka, cilaka kowé, hé kutha gedhé Babél, hé kutha kang santosa, sabab paukumanmu wis kelakon mung ing sajroné sajam baé!"
11 Para sudagar ing bumi padha nangisi lan sesambat, marga wis ora ana kang tuku dagangané,
12 yaiku dagangan arupa emas lan pérak, sesotya lan mutiyara, mori alus lan kain sutra wungu lan kain jingga, barang warna-warna saka kayu wangi, dandanan warna-warna saka gadhing, saka kayu kang larang, saka prunggu, wesi lan marmer,
13 manis-jangan lan bumbu-bumbu, lenga wangi, blendok mur lan menyan, anggur lan lenga, glepung alus lan gandum, sapi lan wedhus, jaran lan kréta, batur lan malah nyawané wong.
14 Iku kabèh bakal padha ngucap, "Sarupaning pepénginané atimu iku wis musna; samubarang kang gumebyar lan éndah iku wis sirna saka ing ngarepmu, ora bakal ketemu manèh."
15 Wong kang dedagangan barang-barang iku mau, kang wis dadi sugih marga saka iku, bakal padha ngadeg ana ing kadohan awit saka wediné marang anggoné kasiksa, sarta padha nangis lan sesambat,
16 pangucapé, "Cilaka, cilaka kutha gedhé, kang manganggo mori alus, tuwin kain wungu lan jingga, sarta nganggo rerenggan emas, lan sesotya tuwin mutiyara iku, amarga sajroné sajam baé kasugihan kang samono iku wus lebur."
17 Saben jurumudhi lan para kang lelayaran, tuwin para punggawa kapal lan sakèhé wong kang panguripané ana ing sagara, padha ngadoh,
18 lan padha weruh asepé geni kang ngobong, banjur nguwuh-uwuh, pangucapé, "Kutha endi kang madhani kutha gedhé iki?"
19 Banjur padha nguwur-uwuraké lebu ing sirahé, sarta nywara sora kalawan nangis lan sesambat pangucapé, "Cilaka, cilaka kutha gedhé, kang njalari sakèhé wong kang padha duwé kapal ana ing sagara, wus dadi sugih déning dagangan kang larang, amarga kutha iku wus lebur ing sajroné sajam baé.
20 Padha bungaha marga saka iku, hé swarga, lan para suci, para rasul sarta para nabi, sabab Allah wus ndhawahaké paukuman marang kutha iku marga saka kowé kabèh."
21 Tumuli ana malaékat kang prakosa, ngangkat watu kang gedhéné sawatu panggilingan, banjur kajeguraké ing sagara, pangandikané, "Iya kaya mangkono iku kutha gedhé Babél, bakal kauncalaké sarosané mangisor, lan banjur ora bakal tinemu manèh.
22 Swarané clempung sarta para pasindhèn, tuwin swaraning suling apadéné kalasangka, bakal ora keprungu manèh ana ing antaramu, lan wis bakal ora ana wong kang olah sarupaning kagunan kang tinemu ana ing antaramu, sarta swarané panggilingan bakal ora kaprungu manèh ana ing antaramu.
23 Padhanging lampu bakal ora madhangi kowé manèh, lan swarané pengantèn lanang lan wadon bakal ora keprungu manèh ing kowé. Awit sudagar-sudagarmu iku mauné padha dadi panggedhéné bumi, lan marga saka tenungmu sakèhing bangsa padha disasaraké."
24 Ing kutha iku tinemu rahé para nabi lan para suci, apadéné getihé sakèhing wong, kang padha kapatènan ana ing bumi.